Вы находитесь на странице: 1из 5

Mahabarata, Partawiraya [22]

Sontn punika Yudhisthira karuna amargi saking angngti kathahing rah kang wutah. Kesawa ngandika bilih badhe anyidrani prastyanipun, malah-malah badhe anyirnakakn Bisma, ananging Yudhisthira sangt sih dhatng katmnan, botn jumurung manawi Krsna angingkti pangandikanipun piyambak. Punapa Sang Bisma botn sampun anyagahi badhe andhawuhakn kadospundi sarananipun sagd sirna, manawi kula sadaya lan para kadang purun sami mark ing panjnnganipun, dados Pandhawa kdah mark Sang Bisma nyuwun pamrayogi kadospundi sagdipun unggul. Minngka panutuping anggnipun sami llimbangan Yudhisthira sakalangkung ngrs ssambatipun. Nalika kula dalasan para ari taksih sami alit-alit, sarta lola, dipun agngakn panjnnganipun. O Janardana, panjnnganipun punika eyang kula ingkang sampun spuh sangt, punapa kula badhe nyedani sudarmaning tiyang spuh kula, lah punika awonipun bngsa satriya. Kesawa anyondhongi dhatng pamrayoginipun Yudhisthira wau, mila sasampunipun Sri Krsna, punapadene para Pandhawa sami slh sadaya ddamlipun, lajng sami pangkat, manggihi Sang Bisma, nyuwun katrangan kadospundi sagdipun Pandhawa anyirnakakn panjnnganipun wontn ing paprangan. Manawi kalaras kalihan panampi gagrag samangke, lampahipun para Pandhawa pancn anglngkara sangt. Bisma nampni para Pandhawa kalayan rnaning panggalih, Yudhisthira matur sami mmla, kadospundi kalampahanipun Bisma kasoran tuwin sirna. Wangsulanipun Bisma, Pandhawa tamtu botn sagd mnang sadangunipun Bisma taksih sugng, ananging Pandhawa badhe dipun parngakn lampah kadospunapa ingkang dipun kajngakn. Sarng Yudhisthira mratelakakn manawi Pandhawa botn sagd anyirnakakn

panjnnganipun, kalayan aym Bisma anggnipun andahakn wadosipun bilih badhe adaml sirnanipun. Amargi sujanma kados Sang Bisma punika amung saprakawis kajngipun, inggih karsaning Kang Maha Luhur. Mngka Pandhawa punika ugi ngakni bilih piyambakipun punika saking panjnnganipun wau, dados botn parlu nyumlangakn sedyanipun. Ing antawisipun para Pandhawa, wontn satunggaling prajurit linangkung, inggih punika Srikandhi. Piyambakipun wau rumiyinipun pawstri, mngka Sang Bisma botn kadugi mngsah pawstri, mila Srikandhi dipun ppanasa ngajngipun, ing ngriku Sang Bisma tamtu lajng slh gandhewa. Manawi Bisma sampun slh, Arjuna enggal anjmparinga Sang Bisma saking ing pundipundi. Wkdal Arjuna mirng dhawuhipun Bisma makatn wau, sangt prihatos, sarta

pasuryanipun puct amargi sangt meranging panggalih. Aturipun: dhuh Madawa, kadospundi ngantosa kula mngsahan kalihan eyang kula, lluhur kula ingkang sampun spuh, wicaksana, sarta lpas ing pambudi, sarta panjnnganipun wau sspuhing bngsa kula. Dhuh Wasudewaputra, nalika kula taksih alit manawi dolanan tansah angrsahi Sang Bisma sang misuwur ing jagad, punapadene kalayan badan kula ingkang lbus dening lbu anggn kula penekan wontn ing pangkonipun, dhuh kadangipun spuh Gada, panjnnganipun wau sudarmanipun bapa kula Prabu Pandhu. Wkdal kula kapangku, kula anguwuh: o bapak. Panjnnganipun lajng dhawuh: aku dudu bapakira, nanging bapakne bapakira, tdhak Barata. Punapa kula kadugi anyedani panjnnganipun ingkang makatn pangandikanipun wau, mila sanadyan wadyabala kula sadaya tumps tapis, kula kasoran malah ngantos pjah pisan, tamtu kula botn kadugi prang mngsah kang mahambk sih wau, kadospundi karsa paduka dhuh: Krsna. Wangsulanipun Janardana ririh nanging ctha: sira wus sumanggm ndya anyirnakake Sang Bisma, hh Arjuna, dadi sira dudu satriya yn wani angingkti kasanggupanira, iku sarana kang minangkani ungguling prangira. Hh: Dananjaya, darmaning kasatriyan, iku kudu prang, angayomi wwngkone, lan kudu akurban dhiri, kang ora kasurung ing kanpson. Sarng pangrantamipun sampun dipun parngakn dening Sang Bisma, para Pandhawa kalayan Sri Krsna pamitan wangsul dhatng pakuwonipun, angntosi pajaring dintn paprangan ingkang kaping sadasa, inggih punika dintn ssaji agng, ingkang sinajkakn Sang Bisma, dene ingkang minngka brahmananipun Arjuna. Ing wanci palthking surya, Srikandhi sawadyanipun mirantos badhe ngrabasng pabarisanipun Sang Bisma, ing ngriku kathah pangerang-erang ingkang murih munduripun, amargi Srikandhi sajatosipun pawstri. Nanging Srikandhi botn kengguh, sthinipun amung ndya anglampahi sapitdahing senapati. Prangipun Bisma ingkang pungkasan punika angungkuli ingkang sampun-sampun (sakubngipun sadaya sampun katingal ambaranang kadi ing awang-awang ing nalika surya angajngakn srap), sampun botn wontn tiyang ingkang kawawa amapagakn kajawi Arjuna, ingkang ratanipun pangirid kuda pthak, kadi kuda pangiriding pjah, punapadene Srikandhi, ingkang Sang Bisma botn karsa anandhingi. Bisma botn pisan-pisan anggalih dhatng Srikandhi, ingkang kaudanan jmparing amung Arjuna. Sarng surya wiwit tumamng aldaka, Sang Bisma ngandika jroning wardaya, pati ora bisa nkani yn ora saka karsaningsun dhewe, pangandikanipun: prayogane saiki dak ngsthi pati. Wkdal punika para wasu tuwin para rsi, ingkang sami aningali ingkang sami abndayuda, manguwuh dhatng Sang Bisma: o gr, ingsun mangayubagya, marang

karsanira kang mangkono mau, hh prajurit linuwih, tumindaka kaya sthinira, ciptanira pisahna saka paprangan. Samirana ngidid ananduki sang senapati, sarta lajng jawah skar. Dhumawahing jmparing kadidene jawah, ananging botn wontn ingkang andhasi dhatng Sang Bisma, panjnnganipun botn mobah-mosik, kadi tugu sinukarta. Amung jmparingipun Arjuna ingkang dipun parngakn andhasi ing sariranipun. Sang Bisma ngandika dhatng Dusasana sarwi msm: sakhing panah kang tanpa kndhat anibani aku kaya gumrujuging banyu, kang panduke kaya panahing dewa, iku kang ndhasi mung kang kalpasake dening Arjuna, senapati kang asikp gandhewa, (langkaping dewa) iya kang daludake aciri wanara, nadyan para ratu kabh iku ngumpul dadi siji, ora mntra-mntra bisa lumawan ing aku. Dhumawahing jmparing taksih tanpa kndhat, sariranipun Bisma kataton arang kranjang, godhaganing tatu botn wontn kalih nyantun. Surya drng srap Bisma sampun dhawah saking ratanipun mujur mangetan, saking kathahing jmparing ingkang tumancp ing sariranipun, mila sariranipun sang mahambg darma botn kambah ing siti, dados kadosdene sumlh sanginggiling pasareyan jmparing ingkang kadgakn, ing nalika Sang Bisma dhawah, panjnnganipun wuninga bilih surya lumampah ing iring kidul, dewa sami manguwuh: he he sutaning Gangga, lasing senapati sadunya, pagene anglilahake uripira surya lumaku ing iring kidul, Sang Bisma amangsuli sora: kula taksih gsang punapadene taksih sangkp ngtan kula. Ing nalika Bisma kadhatngan utusan maharsi ingkang amancalawarna paksi Swan (Zwanen) andangu kados ing nginggil wau, Sang Bisma matur: sadangunipun surya taksih lumampah wontn ing iring kidul, kula botn badhe oncat saking dunya, dene wangsul kula dhatng padunungan kula lami, bilih surya sampun lumampah ing iring lr. Awit saking pangwasa paringing sudarma kula kang misuwur, mila kula kawasa murba misesa ing gsang kula. Samangke pangwasa wau kula pedahakn, kula ndya angandhg gsang kula, amargi kalampahanipun pjah, manawi saking kajng kula piyambak. Ramening suwantnipun paprangan kndl, sadaya tiyang sami nylhakn ddamlipun. Surya silm ing jalanidhi, jagad anangisi rbahipun sang senapati agung wau. Para narendra ing golongan kkalihipun sami slh ddaml, marpki Sang Bisma kalayan anoraga, Sang Bisma angurmati lajng paring nugraha. Nalika Sang Bisma mundhut kajang sirah, kangge angganjl sirahipun ingkang andhngklak mangandhap, lajng kaaturan kajang sirah ingkang sakalangkung alus, panjnnganipun msm sarwi ngandika: kawuningana para nata, punika sans kajang sirahipun para senapati. Sarng wuninga Arjuna anylaki lajng dhawuh: hh Dananjaya, prajurit linuwih, sirahingsun andhngklak, ingsun wnhana ganjl kang sira rasa prayoga dak-anggo.

Kalayan netra akmbng-kmbng Arjuna mndht jmparing tiga, lajng dipun mantram, nuntn katancpakn ing sirahipun senapati agng wau, minngka panuwak sampun ngantos gumantung. Sang Bisma msm, andikanipun: dhuh atmajaning Pandhu, sira angsung bantal kang sayogya ingsun anggo, mangkono lungguhe para satriya yn anglingi wajibe, turune anng paprangan kudu llmk panah. Siti ing panggenan sumlhing sariranipun punika kadhawahan angdhuki. Paprangan kndl, Bisma botn karsa dipun usadani, amung mindng satunggal. Enjingipun, amargi rinubeda dening nguntar-untaring kaninipun, sarta bntring sariranipun, Sang Bisma mundhut pangunjukan, nanging sadaya pangunjukan botn katampenan, lajng animbali Arjuna malih, pangandikanipun: raganingsun ajur dening panahira, samngko badan sakojur karasa panas bangt, tutukingsun karasa ngorong, jasad karasa sangsara, ingsun wnhana banyu, o, Arjuna, sira ora ana kang madhani, hh prajurit kang linuwih, pasthi sira bisa awh banyu kang prayoga dak-ombe. Arjuna enggal amnthang gandhewa, ngucap mntra lajng linpasakn, jmparing tumancp ing siti lajng dados umbul ingkang toyanipun sakalangkung bning. Toyaning umbul wau ingkang kaunjukakn Sang Bisma, ing ngriku Bisma mangalmbana dhatng Arjuna, animbali Duryudana, kadhawuhan supados sampun kalajngakn anggnipun mmngsahan, amargi sadangunipun Arjuna clak kalihan Sri Krsna, botn wontn ingkang sagd ngawonakn: wanci iki uga paprangan bubarna, makatn andikanipun Bisma, lajng kndl botn ngandika malih. Sanadyan sariranipun kadi kabsmi amargi saking kathahing tatu, ewadene sangsaranipun tinungkulakn, sarana ciptanipun angsthi satunggal. Sarng sadaya sampun sami kesah, Karna dhatng, drs wdaling waspa saking paningalipun, lajng anyungkmi padanipun Sang Bisma, aturipun: dhuh, dhuh: ulu-uluning bngsa Kuru, kula sutanipun Rada, ingkang salami-laminipun paduka tingali kalayan pasmon botn rna. Sanalika wau Sang Bisma ambuka paningalipun ingkang ptng margi saking sangting grahipun, Karna rinangkul lajng ngandika smu sih: lah sira kang salingga bathara, ora ana manungsa kang satimbang lan sira, mula tansah kasar wdaling wicaraningsun marang sira mung amrih aja mmungsuhan batin. Karna pinaringan nugraha, kadi Arjuna, sarta kadhawahan ngmpal kalihan para kadangipun, inggih punika Sang Pandhuputra kang sudira ing rananggana. Karna lnggana, piyambakipun kdah prang kalihan Pandhawa ngantos sirna salah satunggal. Dhuh turasing senapati linuwih, kula nyuwun palilah paduka, botn gadhah sdya sansipun malih, kajawi amung badhe prang. Punapadene mugi paduka paring pangaksama

sakathahing wicara kula kang wngis, tuwis[1] gangsuling kasusilan kula ing paduka, ingkang amargi saking kanpson tuwin kiranging pangatos-atos. Ing ngriku Bisma angstrni panyuwunipun Karna: pranga kang awit saka karsaning dewa, lksananana karsaning ratunira, nanging aja anawung rasa npsu sarta pangunk-unk, ktokn karosan miwah kkndlanira, mung bae aja sah pangangkahira ndya tumindak ing dalan kang bnr. Mmngsahanipun ingkang kapngkr sampun kalbur dening sih. Karna lajng wangsul dhatng pakuwonipun Duryudana anilar Bisma ingkang angboti ppungkasaning sambutanipun sarana sangsaranipun, ingkang bokmanawi kdah makatn lampahing adilipun. Kalayan sabar angntosi wanci ingkang kinarsakakn, adaml kurban agng warni sangsara wontn ing pasarean.

Вам также может понравиться