Вы находитесь на странице: 1из 0

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
KUNCI SWARGA

(mifttahul jannati)












Dening :

FAQIER ABDUL HAQQ
: BRATAKESAWA








Cap-capan kaping VIII





Kawedalaken Keluarga Brotokesawa
Y o g y a k a r t a

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
P R A W A C A N A

Bismillahi rrahmanirrahiem

Atas asma Dalem Gusti Allah ingkang maha Mirah ingkang Maha Asih.

KULA NUWUN, anggen kula cumantaka ngripta serat Kunci
Swargo (miftahul jannati) punika, boten saking bade ngongasaken
kalangkungan kula ing babagan falsafah tuwin tashawwuf adedasar
Islam, ingkang kula pancen boten gadah kalangkungan babagan punika,
sayektosipun namung saking kaderenging achlaq, tumrap bangsa kita
ingkang sampun uwal saking penjajah punika.

Saking pamanah kula: mubalipun panindak warni-warni ingkang
mitunani masyarakat tuwin praja, ngrebdanipun panindak nyulayani
wulangan agama ingkang dipun siyaraken para Rasul, tuwin tuwuhipun
grombolan Kabatosan pinten-pinten ingkang sisip sembiripun cacad-
cinacad : andadosaken karingkihaning bangsa, punika boten sanes,
jalaran kita kesupen dating ingkang sinebut asma Allah.

Jalaran saking punika, amila serat punika, boten sanes inggih
namung bade isi andaran iktikad ingatasipun pangeran ingkang Maha
Esa, miturut salah satunggaling paham. Pangandaripun adedasar dalil
naqli (kitabing Pangeran) tuwin dalil aqli (akal pikiran) sagadugipun
ingkang ngandaraken. Punapa dene kaurutaken wiwit saking tataran
iman (percaya ingkang boten namung tiru-tiru) dumugi tataran marifat
(weruh, ingkang sanes weruhing netra), kagubah ing basa Ngoko adapur
soal-jawab, dados 3 bab.

Sarehning ingkang kula andaraken punika nama satunggaling
paham, amila saupami wonten ingkang boten nyuwaweni jalaran
ngrungkebi paham sanes, nuwun inggih boten aneh. Ewadene kula
inggih ngunjukaken suka sukur kula ing Pangeran dene serat punika,
boten ketang namung panda latu sapelik, meksa wonten ingkang
rumaos kasuluhan, katitik saking datenging serat-serat saking para
maosipun Kunci Swarga, ingakang sami mratelaken mareming
panggalihipun.

Nalika manitra ( cap-capan I ) sinangkalan : Tri Murti Salira Nabi (
1883 Jawi = 1952 Masehi ).


Salamipun
PANGRIPTA
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3

BAB I.
WADARAN BAB SEJATINE DATING PANGERAN KANG WAJIB ANANE
( BABU HAQIQATI DZATI WAJIBIL MAUJUDI )


1. MUDADAMA : Mas anggonku sowan mrene iki, mumpung aku
libur dawa, sida nyuwun diwejang ngelmu Kasunyatan agem-agemane
kangmas.
Dawuhe kangmas nalika setaun kang kapungkur, wis tak lakoni:
Aku wis meguru mrana-mrana, lan wis maca laying-layang babagan
Agama lan Kebatinan.
Dadi sowanku iki wis kena dibasakake wong ngangsu pikulan
warih kaya dawuhe kangmas biyen. Apa ora mengkono?

1. WREDATAMA : Sukur, sukur yen kowe biyen kae ora mung
mandeg ana ing sedya tok.
Pancen, ora mung kowe dewe kang tak prayogakake kaya
mengkono iku. Perlune supaya ora fanatiek. Awit saka panemuku,
fanatiek iku dadi pepalang gede ingatase wong ngudi Kasunyatan.
Jalaran deweke banjur sepi ing panimbang lan panglimbang, jer wis
kedisikan panemu emoh marang kaweruhing liyan.
Luwih-luwih pitunane, wong ngudi Kasunyatan katik fanatiek
marang sepadaning uwong. Apa pangandikane sang Guru mung tansah
di-nun inggih lahir batin, tanpa dinalar babar pisan. Mangka senajan
dawuhing Pangeran kang kasebat ing kitab-kitab Agama pisan,
penampane iya kudu kanti akal lan pikiran.

2. MUDADAMA : Aku lagi ngerti saiki, yen dawuhe kangmas iku
mengku maksud kaya mengkono. Tak kira, anggone kangmas dawuh
dek semana kae, jalaran aku digalih durung kuwat kanggonan ngelmu
Kasunyatan, apa piye.

2. WREDATAMA : Durung kuat kepriye? Apa kowe duwe panemu
yen wong ngudi Kasunyatan iku ana kang banjur ngengleng gendelang-
gendeleng, jalaran durung kuwat? Upama ana ngelmu kang anjalari
gendeng, wis kena ditemtokake yen iku dudu ngelmu Kasunyatan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 4
Cekake Kasunyatan iku babar pisan ora mbebayani lan ora
mitunani. Dene yen ketrima maedahi lan murakabi ing ndunya lan ing
ngakerat. Mulane ditembungake yen ketrima mestine ya ana kang ora
ketrima. Yaiku pangudi kang ora bisa awoh iman (kapercayan) lan
iktikad (gegebengan). Jer taqdir pepestening uwong mono siji lan sijine
pancen ora pada. Tembunge kang bregas: beda-beda panduk
panduming dumadi .

3. MUDADAMA : Tumrap kang wis kasinungan iman lan iktikad,
apa isih perlu nanding-nanding karo kaweruhing liyan?
3. WREDATAMA : perlu banget, ora. Nanging ora ana alane,
tegese ora bakal kapitunan. Kosok baline: yen nampik, kipa-kipa, emoh
nyumurupi kaweruhing liyan, iku wis mesthi kapitunan, amarga banjur
kecemplung ing jurang fanatiek mau kae.
Fanatiek kang mengkono iku jeneng ora ngrumangsani yen
manungsa iku asipat apes, asipat lali, akeh kekurangane. Rumangsane
wis bener dewe, wis sampurna dewe, sejatine saka ringkihe, kuwatir yen
kena pengaruhing liyan.
Ngundakake kaweruh iku ora susah kuwatir yen imane lan
iktikade bakal gempal. Upama kapercayane lan gegebengane iku banjur
owah jalaran anggone nimbang lan nglimbang kawruhing liyan, iku rak
mertandani yen imane lan iktikade mau pancen durung 100%. Iya apa
ora? Rak ora kapitunan ta?

Ingatase wong kang ora fanatiek, upama kawruhing lian iku
dianggep kliru, ora cukup mung nganggo waton aku emoh. Mesti
kanthi alesan kang jelas: perangan endi kang dianggep kliru iku, lan apa
sebabe dianggep kliru.

Hla saiki aku takon marang kowe: oleh-olehane anggonmu
merguru lan maca layang-layang iku kepriye? Apa durung ana kang
andadekake pamareming pikirmu?

4. MUDADAMA : Marem maneh yen marema, hla wong ngerti
temenan bae: durung, mas. Sebab penampaku teka siji-sijine beda
andarane lan tembung-tembunge. Embuh saka bodoku embuh kepriye.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 5
Mulane kangmas tak suwun kersaha madangake kabingunganku iki lan
paring wejangan Kasunyatan iku.

4. WREDATAMA : Bab bingungmu iku bisa uga saka salahmu
dewe, yaiku madak-madakake barang kang pancen ora pada.
Siji-sijining guru utawa pengarang buku iku pancen ora mesti
pada andaran lan tembung-tembunge ( istilah ) kang dipigunakake,
mulane ora perlu kok padak-padakake. Panjurusamu gentenan bae.
Mengko rak manggruli sebageyan akeh utawa setitik, saka andaran
mau, kang mak tepleg: cocok karo akal pikiranmu.
Nanging bisa uga kabingunganmu iku ora jalaran saka luputmu.
Awit ora kurang-kurang juru aweh panerangan, kang mestine bisa
anggamblangake perkara kang angel, tibane malah ambruwetake
perkara kang gampang.

Sebabe mengkono iku, ana kang ora dijarag, lire pancen ora duwe
dasar kabisan bab carane wong nerangake kang gampang tinampa. Ana
uga kang pancen dijarag: gawe bingung.
Iki ana werna loro:

I. Deweke dewe pancen ora ngerti bab kang diterangake iku, dadi
mung nularake andaran kang tau rinungu, kanthi awur-awuran bae.
II. Deweke dewe ngerti temenan bab kang diterangake iku, nanging
pancen emoh ngeblakake; sebabe emoh: werna-werna. Ana kang
saka kawicaksanane, ana kang saka.. peteken dewe.

5. MUDADAMA : Nyelani atur mas! Mau kangmas ngendika ( Bab
I no.2 ) : ana pangudi kang ora ketrima, yaiku kang ora bisa awoh iman
lan iktikad. Hla yen panerangan kang tinampa iku cetha gamblang, blak-
blakan, tur carane nerangake pancen bisa, apa meksa ana kang ora bisa
nampa?.

5. WREDATAMA : Nampane mono iya nampa, ngertine iya ngerti,
nanging sanepane mengkene:

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 6
A. B lan C pada-pada tampa penerangan bab alane wong udud,
sebab tembako iku ana racune kang aran nikotin (nicotine), kang gawe
kapitunan tumprap kawarasaning badan.
Si A. ora nganggo ragu-ragu banjur medot anggone ngrokok,
jalaran ngerti temenan marang penerangn iku, tur pancen sentosa
bebudene.
Si B uga ngerti marang penerangan iku, lan iya percaya yen udud
iku mitunani kawarasaning badan, nanging ora bisa medot
ngrokok, jalaran, kurang sentosa budhine; medot ngrokok iku rinasa
abot banget.
Si C uga ngerti marang penerangan iku, nanging setengah percaya
setengah ora. Batine: perkara racuniku terkadang mung lagi kira-kira
bae, hla wong ora katon. Sing genah bae, wong lanang ora udud ki
katon saru. Mulane embuh bener ana racune embuh ora, aku iya udud
bae, supaya ora katon saru.

Iku pikiran. Lagi penerangan bab udud bae, ora pada uwohe. Apa
maneh penerangan bab Kasuksman kang tikel pirang-pirang yuta
pentinge lan paedahe, sebab dadi dalane wong kang bisa munggah
swarga utawa kecemplung nraka.
Upama iman lan iktikad iku kena digawe dening titah, hla rak
jaman sugenge para Rasul biyen ora ana wong kapir. Iya apa ora?

Hla saiki butuhmu iku apa, kandaa kang jelas.

6. MUDADAMA : Butuhku ora ana liya, kejaba nyuwun diwejang
ngelmu Kasunyatan, kang kanggo ing kene kana (ndunya, ngakerat)
bokmenawa aku bisa nampa. Sebab aku rumangsa durung duwe
kapracayan lan gegebengan kang gumathok: senajan aku wis merguru-
merguru lan maca layang-layang.

6. WREDATAMA : Iya uwis, yen wis terang sedyamu mengkono.
Nanging mangertiya, sedulurmu aku iki ora tau mejang kaya kang kok
karepake iku. Iku pakulinan cara kuna, kang kudu lungguh mori putih,
utawa kang kudu ora keyuban wangon kae. Aku ora nindakake.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 7
Becike nganggo cara soal-jawab bae. Kowe takona sak karepmu,
apa kebutuhanmu, tak wangsuli sak bisa-bisaku. Yen wangsulane
durung maremake, banthahen, kang nganti kowe marem.

Coba kowe saiki butuh arep takon opo?

7. MUDADAMA : We hla, yen kaya kersane kangmas iku iya angel
tumrap aku. Sebab gawe pitakon iku ora gampang. Mengko ta tak
pikire: apa kang kudu tak disikake, jalaran saka akehe bab-bab kang
arep tak suwunake keterangan.

7. WREDATAMA : Sukur, yen kowe wis sediya pitakon akeh.
Takon iku satemene ora angel. Mung bae saka pitakon mau bisa ketitik
sepira kawruhe sing takon.
Pancen, kang gampang luwih dening gampang iku, iya mung
ngrungokake wejangan kaya karepmu mau. Nanging yen cara kaya
mengkono iku kang kok kulinakake, nalarmu ora bisa mulur, lan ora
bisa owah kapercayan lan gegebengan kang permathi.
Mulane becik nganggo cara soal-jawab iku mau bae. Lan
prayogane soal-jawab iku catetana kabeh, bokmenawa ana paedahe
tumrap sedulur liyane.
Cateten apa anane bae, ora susah wedi-wedi, jer Negara kita iki
adedasar demokrasi : ora ana alangane ngetokake lan nyiyarakae
panemu ing bab apa bae.
Supaya pilah ing pangrembuge, kowe ngertiya, kang diarani
ngelmu (kawruh) Kasunyatan, Kajiwan, Kasuksman, ka-Rokhaniyan, ka-
Allahan, Kabatinan, ana maneh kang ngarani kawruh Sangkan-paran
utawa ngelmu Tuwa, iku bakune mung ana 4 bab, pamahame iya kudu
urut, yaiku:

I. Penerangan bab Gusti Allah.
II. Penerangan bab tinggal dunya.
III. Penerangan bab dalan makripat ing Pangeran.
IV. Penerangan bab kang gaib-gaib.

Nanging akeh para sedulur, kang bokmenawa kuwatir selak tinggal
dunya, kang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 8
di perlokake iku golek wejangan: mung bab patrape wong arep tinggal
dunya. Penerangan liya-liyane ora dadi pawigatene.
Ana uga kang setitik-setitik wis tau krungu tembung makripat
ujug-ujug banjur anggladi patrap kang dianggep dadi dalane makripat
ing Pangeran. Uga ora duwe pawigaten marang penerangan bab liya-
liyane.
Ana maneh kang pawigatane iku mung marang bab kang gaib-
gaib, tanpa kanthi penerangan kang jelas. Bab liya-liyane kang luwih
perlu ora dadi pawigatene.

Saiki takona sak karepmu, nanging prayogane miturut urut-
urutane iku mau, bokmenawa wangsulanku bisa gawe padange lan
mareme atimu.

8. MUDADAMA : Matur nuwun, kangmas maringi ancer-ancer
urut-urutane pitakonan. Nanging aku arep nyuwun pirsa disik: kang
pangudine ora urut iku kapitunane apa?

8. WREDATAMA : Ora mung kapitunan bae, malah kalebu
nempuh bebaya kang nggegirisi. Coba ta pikiren:
Tinggal dunya iku mestine rak: innaa lillahi wa innaa ilaihi
rajiuun (Al Baqarah 156 = satuhune asal saka Allah bali marang Allah).
Nanging banjur arep bali menyang ngendi, yen bab ka-Allahan deweke
isih ragu-ragu imane lan iktikade?
Mengkono uga kang ngudi makripat (marifat), mangka durung
jelas bab ka-Allahan. Apa kang arep dimakripati, yen iman lan iktikade
isih semang-semang? Hla rak luwih becik taberi nglakoni sembahyang
sarengat bae, --- miturut agamane dewe-dewe kang dicocogi --- kang
babar pisan ora ana bebayane.
Dene kang pawigatene marang bab kang gaib-gaib iku, yen nganti
lali utawa tanpa penerangan kang jelas, mesti bae dadi begalan kang
gede, amarga ora bisa ambedakake antarane kang iya karo kang
dudu.

9. MUDADAMA : Amit mas, nyelani nyuwun keterangan : ana
pangudi kang nganggo ngliwati bebaya, ana kang ora, iku aku durung
cetha ing panampaku. Hla yen pada-pada tekan kang, sinedya (bali
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 9
marang pangayunaning Pangeran) mestine rak milih kang ora ana
bebayane bae. apa ora mengkono?

9. WREDATAMA : Perkara pamilih, aku ora bisa ngebabi,
gumantung seneng parenge kang milih dewe-dewe. Tekan utawa orane
kang sinedya; gumantung kuwose lan adile Pangeran piyambak. Wallahu
alam, mung Gusti Allah kang nguningani, nanging perkara panguden
utawa panembah marang Pangeran, iku pancen ana tatarane 4, yoiku:

I. S a r e n g a t (syariat ) tegese: pranatan, awujud pranatan
agama bab prentah lan cegah kang kudu diestokake. Dedasare mung
kudu percaya, ora ika iki. Iku minangka ujian apa anggone kumawula
marang Pangeran iku kanthi temen-temen.

II. T a r e k a t (thariqat) tegese dalan utawa pituduh, awujud
pituduh kang aweh pangertining akal lan pikiran, saengga percayane
mau ora mung anut grubyug, lan dadi anda panggayuhe marang
kasunyatan.

III. K a k e k a t (haqiqat) tegese sejati utawa nyatha, yaiku wis
bisa krasa ing ndalem alusing rasa bab bedane kang nyatha (haq) karo
kang dudu (bathal), saka wohing pangudi adedasar pituduh mau. Awak
liya wis ora bisa cawe-cawe maneh.

IV. M a k r i p a t (marifat) tegese kaweruh, nanging dudu
weruhing mripat anggone andeleng. Yaiku wis bisa nyatakake marang
kasunyatan, kang nyatane mau babar pisan tanpa piranti. Hla iku kejaba
awak liya wis ora bisa cawe-cawe maneh, awake dewe ora bisa
nyritakake marang awak liya.

Mirit katrangan mau, dadi kang penting banget iku ana ing
tataran tarekat. Nanging wong kang nglakoni sarengat tok, janji temen-
temen, yen kepareng uga pinaringan pituduh kang ora lumantar wong
liya, diarani ilham. Mulane K.N Rosul tau ngendika mengkene: Aktsaru
ahliljannati albalhu wa illiyuuna lidzawi alalbaabi (hadis = keh-
kehing wong kang ahli swarga iku wong kang bodo-bodo, lan kang ana
ing illiyun swarga kang luwih luhur, iku wong kang pinter-pinter).
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 10
Pinter ing kene dudu pinter babagan kawruh ndonya (mahir),
apese babagan Tarekat iku mau. Awit kanggo netepake iki ilham apa
dudu, iku kudu ana penerangan kang jelas. Hla upama ilham palsu
banjur diantepi, rak iya wurung dadi ahliljannati (penghuni swarga).

10. MUDADAMA : Yen mengko, paringe penerngan kangmas iku,
upama aku bisa nampa, lagi kalebu tataran tarekat, ya mas.

10. WREDATAMA : Hla saka rumangsamu kepriye?. Kabeh kang
isih kena dirembug apa wujud soal jawab, apa dapur wejangan utawa
wiridan, iku wis terang lagi kalebu ing ttaran Tarekat bae, mulane
diarani tarek. Nanging kang dapur wejangan utawa wiridan, akeh kang
tampa penerangan, sarta anggone nampani kudu kanthi tarek (tarikat,
sesirik) anjalari akeh kang pada ketarik.
Dene tekane ing tataran Kakekat isih nyamut-nyamut. Tekane
tataran Makripat saya nyamut-nyamut banget.
Mulane kowe aja duwe panemu, dumeh wis ngerti, iku wis tekan
ing tataran Kakekat utawa Makripat, iku ora. Duwur-duwure mung lagi
awoh iman lan iktikad, kang minogko ancer-ancer pangudining Kakekat
lan Makripat kang nyamut-nymut iku.
Aja gumampang, nanging iya aja enggal putus asa lan aja
ngapes-ngapeske diri pribadi
Kita anggayuh Makripat iku ora aran aneh lan nyleneh, amarga
Pangeran piyambak andawuhake mengkene : kullamaa ruziquuwa
minhaa min tsamaratin rizqan qaaluuwa hadzaa adzdzie ruziqna
min qablu wa utuwabihi mutatsabihan (Al Baqarah 25 = menawa
wong-wong iku diparingi rejeki saka woh-wohan swarga, pada celatu :
iku rak pada kang wis diparingake marang aku dek biyen). Tegese
wong-wong kang pada nemu kanikmataning swarga ana ing ngakerat
iku, wis tau ngincipi kanikmatan (makripat) nalika uripe ana ing ndunya
biyen.
Ana maneh dawuhing Pangeran kang mengkene : waman kana
fiehadziehi ama fahuwa fiel akhirati ama wa adlallu sabielan. (Israa
72. = sapa wong kang ing kene wutha, mangka deweke ing ngakerat
uga wutha tan weruh dalan).
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 11
Dadi wong anggayuh Makripat kang sabenere, iku ora liya mung
sumedya ngincipi swarga ing sajronng isih kesasaban raga saiki iki, lan
supaya ora wuta ana ing ndonya lan ngakerate.

11. MUDADAMA : Iya, iya, mas, aku wis ngerti. Nanging
anggonku nyuwun keterangan bab panguden kang ambebayane karo
kang orana bebayane mau kangmas durung paring wangsulan. Iku
kepriye ta genahe? Mengkono uga kang dingendikake dadi begalan
gede, nyuwun dijelaske pisan.

11. WREDATAMA : Oo, iku pepindne mengkene : Wong kang
kandeg ing sarengat tok, lire tanpa kaweruh babar pisan ing babagan
Tarekat kang jelas, iku padane wong kang ora tau lelungan,
ngumpukake sangu kanggo lunga adoh, upama lunga Haji menyang
Mekah. Yen ta bener-benere, kejaba sangu kang wujud duwit, tan kena
ora : kudu sangu kaweruh bab carane wong kang nunggang sepur,
carane nunggang kapal, carane sawise tekan ing tanah Arab, lan liya-
liyane maneh. Rak iya ta?
Hla upama wong mau tita ora oleh kawruh, mestine iya ora sida
bisa lunga, mung mandeg ana ing omah bae. Nanging rak babar pisan
ora ana bebayane, ta, malah wis berhasil bisa ngumpulake duwit kang
akeh pigunane iku (amal shalih = penggawe becik). Kejaba ta yen
banjur pinaringan ilham, iku ora kalebu ing pepindan iki.
Dene kang ngudi Makripat utawa ngelmu Kasampurnaning pati,
mangka kurang jelas penerangane mau, padane wong lunga Haji, wis
kebanjur ana sajroning sepur utawa sajroning kapal, nanging ora
nganggo karcis utawa tiket, tur ora ngerti parane kang ditunggangi iku,
lan ora ngerti Mekah iku ngendi pernahe. Wong iku ana kang sesangu
ana ing babar pisan ora sesangu.
Apa mengkono iku dudu bebaya gede? Hla iya golongan iki kang
adakane banjur nenacad wong nglaloni sarengat, kosok baline banjur
diecap klenik dening para ahli sarengat.
Wong kang netepi pernatan, mituhu ing prentah, tunduk marang
disiplin, . . . . . . . hla kok dicacad ! iku rak iya kebangeten sing nacad
ta? Mestine, senajan awake dewe ora nglakoni Sarengat, ora bisa
nenacad wong nglakoni Sarengat iku.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 12
Mulane, upama kowe anggayuh marang Makripat, prayogane uga
nglakoni sarengat, agama apa kang kok cocogi. Iku dadi pondemen, lan
anggampangake gegayuhanmu, saukuring drajat martabatmu. Yen ora
bisa nglakoni, iya mangsa boronga, sok uga aja nyepeleake wong
nglakoni Sarengat.
Kosok baline, upama kowe temen-temen panggayuhmu marang
Makripat kowe ora usah kuwatir didakwa klenik. Saupama angger
Makripat iku klenik, hla rak ora ana kang jeneng mumin Khas, ora ana
kang jeneng Wali, lan ora perlu para failasuf ngarang kitab-kitap
falsafah lan para shufi ngarang kitab-kitab tashawwut.

Dene kang pawigatene mung marang kang gaib-gaib iku :
a. yen wong mau wis oleh penerngan kang jelas, lan wis ngancik
tataran Kakekat, padane wong lunga Haji, ketungkul nonton
ramene kuta Jakarta.
b. Yen wong mau durung oleh penerangan kang jelas, serta
durung ngancik tataran apa-apa, padane wong lungan kang
sedyane mung arep nonton adi endahing paran, ora ngerti
kang adi endah iku apa, lan deweke iku ana ing kuta ngendhi.
Bab lunga Haji ora kepikir babar pisan utawa mung dipikir
sambil lalu bae.
Wis, wis, semene bae, sajake kowe wis sediya pitakonan kang
hebat. Mara arep takon bab apa?

12. MUDADAMA : Isih kagolong arep nyelani disik, supaya
wuwuh pangertiku, mas. Kangmas mau ngendikake kawruh kasunyatan
utawa kajiwan utawa liya-liyane mau kabeh, hla iku pancen pada bae,
apa ya beda-beda? Yen seje ucape iku mestine rak iya seje wujude lan
seje tegese, ora ketang bedane mung setitik. Apa ora mengkono?

12. WREDATAMA : We lha, yen ngrembug kasunyatan nganggo
ngudi patitising tembung, iku ya rada angel. Awit tembung-tembung
kang dipigunakake ing andaran Kasunyatan iku kang akeh-akeh
tembung Arab utawa Sanskrit, kang wis pada mingsed karo tegese
kang bener. Mulane yen kowe mahami salah sawijining andaran iku:
rasakna maksude bae.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 13
Mengkono uga bab jeneng-jeneng kawruh kang kok takokake iku,
satemene ora mung beda setitik bae, ana kang bedaning tegese iku
akeh banget. Nanging lumrahe dirayud bae, dianggep pada.

Kasunyatan tembung jawa, iku luguning tegese mung tekan ing
tataran Kakekat bae, sebab asal saka lingga nyata kang tegese haq.
Nanging Kasunyatan kang asal saka tembung Sanskrit sunyata
(babagan surya babagan suwung), iku mengku teges wis tekan ing
tataran Makripat (arifin).
Kajiwan karo ka-Rokhaniyan iku pancena teges pada yaiku
kawruh babagan jiwa utawa roh, lire: badan alus. Nanging ing wektu
saiki, tembung jawi iku akeh kang mung areges budi-pekerti,
terkadang ateges semangat, malah ana kang mung ateges ..
napsu (nafsu). Hla iku pancen rak dudu kawruh ka-Allahan, awit roh
(jiwa) iku dudu Alloh.
Kasuksman iku luguning teges: kailangan, awit suksma mono
tegese ilang utawa ora kasatmata. Nanging wis wiwit kuna Mula Gusti
Allah iku sok disebut Hyang Suksma, mulane kawruh Kasuksman iku
uga dianggep pada tegese karo ka-Allahan.
Ka-Allahan tetembunge Indonesia ke-Tuhanan, iku kawruh kang
nerangake bab Dat, Sipat, Asma, Apngaling Pangeran. Kena dijembarake
maneh: uga bab carane ngabekti marang Allah, lahir lan batin, iya
Sarengat, Tarekat, Kakekat, lan Makripat iku mau.
Kabatinan iku luguning teges: sakabehing kawruh kang dudu
babagan lahir. Dadi: sawernaning aji-aji lan kaluwihan iku kalebu kawruh
Kabatinan kabeh. Hla iku pancen ora kalebu kawruh ka-Allahan.
Sangkan-paran iku kawruh kang nerangake sangkane (asale) dek
durung tumith kepriye, lan parane (ing tembene) kepriye. Dadi upama
ora mlenceng iya pada karo Kasampurnan mau.
Nelmu Tuwa iku karepe uga kawruh bab sampunaning pati. Awit
wong tuwa iku lumprahe wis cepak matine, awur-awuran. Mengkon
ringkese katrangan tumrap pitakonmu mau, miturut pikiranku.

13. MUDADAMA : Iya mas, ringkes-ringkes aku wis trima. Hla
saiki aku arep nyuwun katrangan perkara kang baku, miturut ancer-
ancere kangmas mau ( bab I no.7 ), yaiku arep nyuwun pirsa bab Gusti
Allah.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 14
Ana kang duwe penemu, satemene Gusti Allah iku mung asma
anggep-anggepan utawa pengaran-aran bae. sejatine ora ana.
Digolekana ana ing ngalam ngendi bae, ora bakal ketemu. Penemu
mengkono mau mungguhing kangmas kepriye?

13. WREDATAMA : Mengko ta, soale iku kudu dipilah-pilah, aja
dicampur aduk, supaya ora kisruh.
Bab tembung Allah iku mula bener pancen mung asma utawa
aran yasane si manungsa iki. Dene si manungsa anggone yasa aran iku
miturut basane lan panganggepe wong dewe-dewe. Kang yasa tembung
Allah iku wong Arab, tegese: kang disembah. Yen bangsa Jawa ngaturi
jejuluk Pangeran, tegese: kang dikawulani (dingengeri). Ing basa
Indonesia kasebut Tuhan tegese: tuan utawa de heer yaiku majikan
(bendara).
Dadi aja kok-kira yen Allah iku asma eigennaam kaya dene jeneng
suta, Naya, iku ora. Anggone nulis nganggo aksara gede (hoofdletter)
malah diwuwuhi tembung Gusti iku mung tata karma bae. Dadi
anggonmu ngarani mung asma anggep-anggepan utawa pengaran-aran
iku ora salah.
Nanging wuwuhanmu kang muni sejatine ora ana iku ora
bener. Sebab sakabehing aran, ora peduli mung pengaran-aran utawa
aran eigennaam, kang diarani iku mesti ana.
Sarehning tembung Allah iku kang yasa manungsa, mengkono
uga tembung liya-liyane, mulane ana sawenehing wejangan kang muni:
Manungsa iku dadi kelawan pribadi, sadurunge Allah, malaekat, bumi,
langit: ana. Hla iku tetep mung rembug pokrul-pokrulan, ora perlu
dirasakake.
Bah ana utawa ora ana iku, kejaba ora gumantung arane iku
aran anggep-anggepan utawa aran eigennaam, uga ora gumantung
ketemu utawa ora ketemu anggone nggoleki. Contone wiwit kang kasar
tekan kang alus mengkene:
Baksil iku rak terang ana, ta? Nanging biasane kita yaqin anane,
yen kita tonton sarana mikroskoop.
Atoom iku rak terang ana, ta? Nanging luwih lebut tinimbang
baksil. Mulane anggone ngyaqinake anane, ora sarana mikroskoop,
yaiku sarana piranti liyane kang misahake si atom saka barang kang ana
atoome.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 15
Rupa abang iku rak terang ana, ta? Nanging ditontona nganggo
mikroskoop, dipisaha nganggo cara kepriye bae, ora bisa. Bola-bali
mung bisa kepetuk karo barange kang ketempelan si abang, kayata
kembang wora-wari.
Rasa pedes iku iya ana, ta? Nanging uga ora bisa dinyatakake
nganggo mikroskoop utawa piranti pamisah, bola-bali kita mung bisa
kepetuk karo barange kang kadunungan si pedes, kayata Lombok.
Hla dina Ngahad iku rak iya terang ana, ta? Nanging kepriye bisa
kita kepetuk karo si Ngahad mau, kang luwih alus tinimbang karo si
abang utawa si pedes?.
Yakin kita kepetuh karo si Ngahad, mestine ora kaya kepetukmu
karo aku tuk mengkene iki. Upama weruh kantor-kantor pada
tutup,sekolahan lan gadeyan uga tutup, ndadak kelingan dek wingine
sore mambu wong ngobong menyan, .. rak iya banjur bisa
netepake yen wektu iki Ngahad temenan, ta?
Anadene bab Gusti Allah mau, yen mungguhing aku ; aku yaqin
kang sak yaqin-yaqine, Gusti Allah iku ana. Iku ora mung ketarik saka
tiru-tiru jalaran krungu tembung dzat wajibulwujuud (dat kang wajib
anane) iku ora. Iya kaya yaqinku bab dina Ngahad mau kae.
Aku lan kowe ora bisa rembugan mengkene iki, cekake uwong iki
ora bisa tumindak apa-apa, upama Dat kang wajib anane iku ora ana.
Mulane ora percumah bae kaum Muslimin saben arep tumandang apa-
apa ngucap bismilah utawa bismillahirrahmanirrahiem (atas asma
Allah kang Maha Murah lan Maha Asih). Emane, dene kang akeh-akeh,
pangucape mau mung kagawa saka pakulinan bae, ora terus ing ati
sanubari.
Mengkono uga ora percumah lapel kang muni : laakhaula
walaaquwwata illa billah (ora ana daya kekuwatan kejaba kanthi
pitulunging Allah). Emane, tumrap bangsa kita kang wuta tembung
Arab, lapel mau anggone ngucapake dadi wala-wala kuwatta sarta seje
tegese.

14. MUDADAMA : Maaf, mas. Kangmas ngendika uwong ora bisa
tumindak apa-apa, upama Gusti Allah iku ora ana, iku genahe kepriye?
Lan apa ana andaran liyane maneh kang njalari kangmas yaqin sak
yaqin-yaqine bab anane Gusti Allah iku?

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 16
14. WREDATAMA : Bener, orakena ja wigih-wigih, yen atimu
durung marem !
Mestine sapa bae rak iya yaqin ta, yen deweke iku ora bisa
tumindak apa-apa, kejaba kelawan pitungganing Allah? Tandane deweke
ora bisa migunakake peranganing awake, --- kang diaku duweke, ---
miturut sakarepe dewe. Kayata ora bisa nganggo mripate gentenan, siji
turu siji melek. Ora bisa nggondeli umure semenit bae, yen wis tekan
mangsane kukud.
Hla sajroning isih urip iki ndadak kadunungan sipat apes lan lali
barang.
Iku kahanan kang ana ing badan kita. Saiki coba mikira kahanan
alam kang gumelar iki, kayata:
Sapa kang nitahake rembulan lan srengenge serta mernata lakune
kanthi ajeg, kang ora bisa dipengaruhi dening manungsa? Sapa kang
nitahake bumi, segara, kali, gunung, dalah isine iki kabeh? Sapa kang
nitahake udan lan tetuwuhan kang minangka pangane machluq iki?
Cekake akeh banget tanda saksine, macaa Quran, saiki rak wis akeh
kang ditarjamah ing basa daerah utawa basa Indonesia.

15. MUDADAMA : Katrangan iku aku durung marem, mas! Apa
kang dingendikakake iku mau kabeh, kita rak mung kari nemoni barang
kang wis gumelar. Sarehning rumangsa ora bisa gawe lan ora bisa
mernata, banjur tuwuh pangira-ira kita miturut hokum ngadat : mestine
ana sing gawe, kira-kira ana sing mernata, patute sing gawe lan sing
mernat iku kuwasa bange t . Apa ora mengkono?

15. WREDATAMA : Hla mbok ngono ! iki jeneng diskusi (tukar
pikiran) temenan. Nanging saiki aku genten wenehana katrangan disik :
Perkara kahanan kang wis gumelar iki mau kabeh, mungguhing kowe :
kepriye dumadine? Lire saka dayaning apa, lan apa sebabe dumadi ?

16. MUDADAMA : Dumadine iku dengan sendirinya (dadi
pribadi), mas! Yaiku kang diarani Natuurwet utawa angger-angger
Kudrat. Hla sebabe dumadi saka kumpuling adon-adon utawa kumpuling
daya tarik-tinarik.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 17
16. WREDATAMA : Bagus! Hla kang nganakake wet utawa angger-
angger: yen iki kumpul karo iku dadi mengkene, yen kiye tarik-tinarik
karo kuwe dadi mengkono, iku sapa utawa apa anggonmu ngarani?

17. MUDADAMA : Kang nganakake angger-angger Kudrat iku, ora
liya kejaba Kudrat. Kang nganakake Natuurwet, hiya .. Natuur.
Hla iya Natuur iku daya kekuwatan kang duwur dewe. Sak nduwure
Natuur wis ora ana kekuwatan maneh.

17. WREDATAMA : Mengko ta disik. Kang kok kandakake iku,
kowe mung nirokake kapracayan lan gegebenganing liyan, apa
kapracayan lan gegebenganmu dewe? Upama iku iman lan iktikadmu
dewe, apa ya kowe wis mantep temenan? Wis ora tida-tida?

18. MUDADAMA : We hla konangan wadiku ! Upama aku wis duwe
kapracayan lan gegebengan mengkono, rak ora perlu nyuwun
penerangan mrene. Aku mung nirokake panemune golongan
Natuuralist bae, kok mas! Aku dewe isih bingung, embuh-embuh kang
tak antepi. Ana panemu kaya mengkono, kaya-kaya arep katut, jer ora
bisa ngunggahi maneh, nanging kok hiya ora .. wani, jer durung
sreg.

18. WREDATAMA : Hla ngono ta genahe. Yen kudrat kang kok
sebut-sebut iku mau kudrat tembung Arab (qudrat), iku pancen
saperangan saka sipat-sipating Pangeran, dene tegese: kuwasa. Sipat
kadiran (qadiran) tegese: kang kuwasa. Mulane ora kliru yen Gusti
Allah iku sinebut Kang Maha Kwasa, nanging iku mung nyebut
saperangan saka sipate bae. Sipat liya-liyane isih akeh.

Dadi: dudu si Kudarat iku daya kekuatan kang duwur dewe,
benere: daya kekuatan kang duwur dewe iku hiya kang kagungan sipat
Kudrat lan sipat Kadiran mau.
Hla. yen kudrat utawa kodrat tembung Jawa, surasane rada
akeh empere karo kang kok sebut natuur mau kae. Yen aku ora kliru
kodrat tembung Jawa iku ateges ya wis mengkono iku, dene natuur
iku ateges kabeh kang gumelar iki, Indonesiane alam semesta.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 18
Iku, uga durung sreg yen dianggepa daya kekuatan kang duwur
dewe. Awit, upama kenaha tak tembungake makarti, iku mau kabeh
mung uwohing makartining Pangeran. Dene Pangeran iku yen kersa
nitahake sawiji-wiji : yaquululahu fayakuun (Al Baqarah 117, Maryam
35, Yasin 82 = angandika Panjenengane: anaha, sira banjur ana).
Hla saiki kowe ngertiya kang jelas bukti-buktine, yen natuur kang
dianggep daya kekuwatan utawa panguwasa kang duwur dewe dening
golongan Naturalist iku, sak temen-temene dudu daya kekuwatan
utawa penguwasa kang duwur dewe:

(a). Kaum Naturalist duwe keyaqinan, yen kabeh kedadeyan
(akibat) iku mesti ana sebabe, nanging nyatane ana pira-pira kedadean
kang deweke ora bisa nemokake sebabe, alias ngambah dalan buntu.
Sebab dipikir saka kumpuling adon-adon ora tinemu, saka kumpuling
daya tarik-tinarik, uga ora tinemu. Kayata:
Apa sebabe watake si A. iku rupak, bingungan, sedihan, nanging
si B. longgar, ora bingungan lan tansah gembira? Sebab adon-adone ora
pada. Bener! Nanging apa sebabe adon-adone teka beda-beda?
Wangsulane mung k a p i n u j o n utawa d u m a d a k a n (touvallig)
mengkono!
Apa sebabe si C. sregep tuku lotre teka ora tau menang, barang si
D. jajal-jajal tuku lot sepisan teka oleh pris nomer siji ? Wangsulane iya
mung kapinujon utawa dumadakan iku mau.
Mangka kita kang percaya marang ananing Pangeran, ora tau
ngambah dalan buntu mengkono iku, senajan kita uga yaqin marang
ananing angger-angger sebab lan akibat (wet van oorzaaken gevolk).
Kapinujon utawa dumadakan, kang sajak anggungu karepe dewe iku,
mungguhing aku: ora ana. Jer iku satemene wis nurut garis kersaning
Pangeran kang Maha Adil.

(b). Natur iku sipate bisu, nanging Gusti Allah iku kagungan sipat
Kalam (kalam) kang tegese : pangandika lan sipat Mutakaliman
(mutakalieman) kang tegese : kang ngendika. Mulane ana titahe kang
oleh dawuhing Pangeran, yaiku para Nabi.
(c). Natur iku sipate wuta, tuli, bodo, lan liya-liyane, cekake hla
mbok tak kandakna sawengi natas, mangsa rampunga. Padane nanding
wulane sealer gajah karo gajahe.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 19

19. MUDADAMA : Iya, iya, mas, aku wis ngerti. Aku wis yaqin yen
Gusti Allah iku ana, lan Panjenengane iku daya kekuwatan utawa
panguwasa kang duwur dewe.

19. WREDATAMA : Sukur, yen kowe wis kasinungan iman.
Nanging kowe mangertiya, imanmu iku isih kagolong imane wong
taqlid, tegese mung tiru-tiru wong akeh utawa gugon-gugonen
kakangmu, aku, kok piker: mangsa ta duwe maksud nasarake ora.

Syeeh Iman Ghazali, anggone nerangake bab iman iku ana telung
warna:

(1). Imane wong gugon-gugonen iku mau, padane kowe percaya
yen kampung sentul iku ana wong jenenge Mas Pawira, pawakane
bagus, omahe marep ngidul, ngadepake dalan gede. Jalaran wong akeh
pada nyritakake mengono. Iman kang semono iku, yen wong akeh kliru,
kowe milu kliru. (Mulane iya gampang owah gingsire. Pengutip).

(2). Imane wong ahli kitab Agama (Usuluddin), padane wong kang
percaya yen ing kampung Sentul mau mula bener ana wong jenenge Mas
Pawira, jalaran wis tau liwat ing ngarepe omahe, lan wis tau krungu
suwarane Mas Pawira saka ndalan. Iman kang semono iku iya isih bisa
kliru, sebab suwara kang rinungu mau durung karuwan yen suwarane
Mas Pawira temenan (Mangka omahe tanpa naambord. Pengutip).

(3). Imane wong Ahli Makripat (arifin), padane wong kang percaya
yen ing kampung Sentul mau mula bener ana wong kang jenenge Mas
Pawira, pawakane bagus, jalaran wis tau maradayoh lan wis tau ketemu
karo Mas Pawira dewe. Iya iku iman kang sak bener-benere. Ewadene
isih nganggo unda-usik, kayata; yen anganggone maradayoh iku wayah
surup, mestine kurang ceta tinimbang karo sawise nyuled lampu.
Patemon mawa dammar lampu mestine kurang ceta tinimbang karo
mawa dammar srengenge (awan).

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 20
20. MUDADAMA : Kepriye nalare, kangmas kagungan pangira:
yen kapercayanku marang anane Pangeran iku lagi kalebu kapracayan
kang gampang owah gingsire?

20. WREDATAMA : Mesti bae weruh ! Jer sakawit isih tida-tida,
wusana dengan mendadak sontak kowe saiki nglahirake wis duwe
kapracayan ingatase perkara kang gawat mengkono.
Hara, apa kowe ngerti : apa sebabe titah iki wajib bekti marang
Pangeran? Upama kowe wis nindakake bekti, mesti ing angen-angenmu
iku ana maksud ngarep-arep tampa ganjaran serta wedi bakal tampa
siksa. Rak iya ta ? mangka ing Quran nerangake wamaa
dhalamnaahum walakin dhalamuu anfusahum (huud 101, Alankabut
40 = Allah ora nganiaya kawulane, nanging para kawula kang nganiaya
awake dewe).

Apa sebabe kowe ngarep-arep tampa ganjaran serta wedi tampa
siksa iku???

Sebabe : Pangeranmu iku kok gambar-gambar wujud anjenggereg
lenggah damper kencana ana ing langit. Utawa wujud Markas kang gede
banget, kanthi anggota staf kang akeh banget: juru maringi dawuh,
matedani ganjaran lan matrapi paukuman. Rak iya ta ?
Mulane yen kowe lagi nemu karibedan. Iyo sok nyenyuwun
barang, dene yen lagi nemu kabungahan, adate kowe lali. Elingmu mung
yen lagi ngabekti, luwih-luwih yen lagi karibedan iku mau.
Hla yen kowe nyenyuwun mangka ora kalaksanan, atimu kok
peksa-peksa milu ngarani yen Pangeran iku adil. Arep muni ora adil, ora
wani. Nanging sak jatine atimu durung nrima, sebab kowe durung dong.
Anggonmu ngarani adil iku mung tiru-tiru kandane wong akeh bae. iya
apa ora ?

21. MUDADAMA : Aduh kangmaaaas ! Mula nyata mengkono iku
pangangen-angenku. Hla gek kang sinebut Pangeran iku apa ? apa hawa
? dudu. Apa cahaya ? dudu. Apa daya ? dudu. Nyuwun diterangake kang
sak jelas-jelase : apa lan endi ta Pangeran iku?.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 21
21. WREDATAMA : Mesti bae kabeh-kabeh dudu, jalaran kang kok
sebut-sebut iku mau kabeh barang anyar, kang kena ing aral owah
gingsir. Balik Pangeran iku disik tan ana kang andisiki, sarta langgeng
tan kenaning owah gingsir.

Cekake : aja maneh Zonnestelsel (wilayahing srengenge), hla
wong sak njabaning Zonnestelsel pisan. Uga liniputan Dating Pangeran
Kang Maha Agung. Mangka lagi anggambarake Zonnestelsel bae, nalare
wong wis ora gadug. Rak iya, ta?

Pitakonmu Pangeran iku apa lan endi iku kadohan panjangkah.
Becike ngawruhana sipat-sipate bae disik. Sipat-sipating Pangeran iku
dipertelakake ceta ana ing Quran, sarta wis ana kang ngimpun lan wis
dimupakati ing ngakeh : 20 kehe, yaiku:

1. Wujud = ana
2. Qidam = disik tan ana kang andisiki
3. Baqaa = langgeng
4. Muhaalafah lilhawaaditsi = beda kelawan kang anyar
5. Qiyaamu bi nafsihi = jumeneng kelawan piyambak
6. Wahdaniyat = sawiji
7. Qudrat = kuwaos
8. Iraadad = karsa
9. Ilmu = kawruh
10. Hajjat = gesang
11. Sama = miyarsa
12. Bashar = uninga
13. Kalaam = ngendika
14. Qaadiran = kang kuwaos
15. Muridan = kang kagungan karsa
16. Aliman = kang kagugan kawruh
17. Haiyan = kang gesang
18. Samian = kang miyarsa
19. Bashiran = kang nguningani
20. Mutakaliman = kang ngendika.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 22
22. MUDADAMA : Nyuwun nyelani disik, mas ! Sipate kang angka
14 tekan angka 20 iku mau, kaya-kaya mung ambelani sipat angka 7
tekan angka 13. Apa ana bedane? Yen pada bae, rak kena diarani
Pangeran iu mung mengku sipat 13 ora 20 ?

22. WREDATAMA : Kepriye ta kowe iku ? Bedane tembung
kuwaos karo kang kuwaos iku rak wis terang : kuwaos iku araning
kahanan kang andunungi, kaya dene putih, bunder, duwur lan liya-
liyane. Dene kang kuwaos iku mratelakake kang kadunungan ing
kahanan kuwaos iku. Tembung Arab sipat (shifat) iku tegese
pambeda, ora mung ateges kahanan bae, mulane uga kena
ditumrapake marang kang kadunungn kahanan : kang kuwaos beda
karo kang ora kuwaos. Iya apa ora?
Bab sipating Pangeran iku satemene akeh banget. Nanging ahli
agama dek jaman samana duwe panemu : yen cacah 20 iku wis bisa
ngemot sipat-sipat kang kasebut ing Quran kabeh, kayata sipat Maha
Gagah, Maha Wicaksana, Maha Jembar, Maha Paring Ngapura, lan liya-
liyane, apadene kang wis kerep kok rungu (lan uga kasebut ing Quran) :
Maha Murah, Maha Asih, Maha Adil, Maha Agung, Maha Luhur, Maha
Mulya, Maha Suci, Maha Wikan lan liya-liyane. Siji-sijine iku kalebu sipat
endi saka 20 iku, mestine kowe bisa mikir dewe.
Sipat 20 iku diarani sipat wajib, hla sipat mokal uga 20, yaiku
kosok-baline sipat wajib iku. Banjur diwuwuhi maneh sipat wenang.
Dadi gunggunge sipating Pangeran iku kasebut ing wulangan Aqaid ana
41.
Anadene sipat wajib 20 mau ana ing wulangan Usuluddin
diperang (diringkes) dadi 4, yaiku :
a. Sipat angka 1 diarani sipat Nafsiyah = kang dianggep awak.
b. Sifat angka 2 tekan 6 diarani sipat Salbiyah = kang ngorakake
kosok-baline.
c. Sipat angka 7 tekan 13 diarani sipat Maani = kang andunungi
ing sipat Nafsiyah.
d. Sipat angka 14 tekan 20 diarani sipat Manawiyah = kang
kadunungan sipat Maani.

Ing layang-layang w i r i d ana kang pamerange mengkene
a. Sipat angka 1 diarani sipat jalaal tegese Maha Agung.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 23
b. Sipat angka 2,3,4,5, diarani sipat Jamaal tegese Maha Elok.
c. Sipat angka 11,12,13, serta angka 18,19,20, diarani sipat
kamal tegese Maha Sempurna.
d. Sipat angka 6,7,8,9,10, serta angka 14,15,16,17, diarani sipat
qahaz tegese Maha Wisesa.

Ana maneh sipat-sipating Pangeran kang kerep kecangking
dening para ngudi Kasunyatan, yaiku : gesang tanpa roh, kuwaos tanpa
piranti, tan wiwitan tan wekasan, tan kena kinaya ngapa, ora jaman ota
makan (makam), ora arah ora enggon, adoh tanpa wangenan cedak
tanpa gepokan, ora njaba ora njero nanging nglimputi kabeh kang
gumelar iki .. lan liya-liyane.

Senajan wis dicetak-cetakake kaya mengkono, ewadene kang
nampi isih . Bingung, jalaran batine isih madak-madakake
utawa ngentha-entha sipating Pangeran iku isih kiwa tengene, yaiku
barang-barang kang .. anyar , iki.
Hla nggih tiyang , kok mas !

23. MUDADAMA : Nyata mas ! Pancen aku isih bingung, durung
bisa ngecupi endi ta kang sinebut Pangern iku ?
Tak rasak-rasakake kok bener dawuhe para ahli Agama, kang
maksude mengkene:
Ing kaweruh Tashawwuf Islam ora ngrembug kakekate Dating
Pangeran, mung aweh pituduh bab pangulahing ati, minangka
panggayuhe ngelmu Makripat. Yen pituduhing Tashawwuf iku
ditindakake kanthi temen-temen, ora mokal upama oleh pitulunging
Pangeran, banjur binuka ing kawruh Kasunyatan, kang bisa terang
marang gaibing Pangeran.
Mengkono dawuhe. Hla panemune kangmas kepriye ?

23. WREDATAMA : Yen bab bener lan ora bener, sak temene
mung gumantung seneng parenge wong dewe-dewe, angel anggone
ngebabi. Yen bab gampange iku aku wani tanggung: pancen nyata kaya
mengkono. Mau (Bab I no 9) aku rak wis kandha : Wong nglakoni
sarengating agama apa bae kang dicocogi, janji kanthi temen-temen,
yen kepareng uga bisa oleh ilham. Bedane karo kandamu iku mau, saiki
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 24
nganggo tambah nindakake pituduhe kawruh Tashawwuf, iya luwih
prayoga.
Nanging kang kok kandakake iku mau rak panemune pujangga
utawa pandita dek jaman semana, ta? Yaiku dek jamane, kahananing
masyarakat durung semene majune, ta?
Dadi dudu dawuhing Al Quran ! yen Al Quran, malah tansah
nganjurake supaya uwong pada migunakna akal lan pikirane. Saka
panemuku, migunakake akal lan pikiran mono iya ngrembug bab Gusti
Allah barang, nganti sakjelas-jelase.
Mulane aku omong mengkono, awit dawuhing Pangeran ing Al
Quran iku tetep salawase, nanging panemuning wong sok molah-malih,
nuting jaman, kayata : Socrates diukum pati, jalaran panemune
digelarake dek jaman semana. Bareng wis let pirang-pirang abad, wong-
wong lagi pada yaqin yen panemune Socrates mau bener. Iya apa ora?
Para ahli agama dek jaman semna duwe panemu, yen bab Gusti
Allah iku ora kena dirembug. Mula bener, sebab nalika semana durung
ana Sekolah Menengah Atas, durung ana Universiteit, pikiraning wong-
wong durung mletik kaya saiki, isih gampang mituhu dawuhing wong
tuwane, deduwurane, penuntune.
Nanging saiki, gelem mituhu iku yen wis ngerti temenan, yan wis
akal lan pikirane ngerepi.
Kayo dene maneh, senajan dawuhing ahli agama mau bener, yakin
cocog karo kahananing masarakat dek jaman semana, nanging kepriye
uwohe ?

a. Negarane Sang Pujangga utawa Sang Pandita kang kagungan
panemu mengkono mau : dadi jajahaning liya ing babagan
politik utawa ekonomi.
b. Agamane Sang Pujangga utawa Sang Pandita kang kagungan
panemu mengkono mau kususe, lan kawruh Kabatinan
umume : ora saya maju, malah saya mundur.
Jalaran : panemune mau dadi rem mekaring nalar serta andidik
marang para penganute Sang Pujangga utawa Sang Pandita dadi
manungsa kang passief lan pessimistis : arep ngene wedi, arep
ngono kuwatir, sapiturute.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 25
Hla saiki aku mung sumarah karepmu : apa arep meneng bae, apa
arep mersudi bokmenawa pinaringan ilham dewe, apa nerusake
gegosokan karo liyan (aku) bokmenawa mundak dawruhmu?

24. MUDADAMA : Anu, mas. Bokmenwa jalaran aku iki ala-ala iya
uwong weton jaman saiki, kang kulina migunakake akal lan pikiran, apa-
apa meksa milih ngertine disik, kang iku, yen kepareng, nyuwun supaya
kangmas narusake maringi penerangn kang bisa tinampa ing akal
pikiranku.

24. WREDATAMA : Iya sak karepmu, nanging akal lan pikiranmu
anggonmu nenandingi Gusti Allah karo kahanan kang anyar iki, selehna
dhisik. Ora saka bodomu, nanging insyafa, yen Gusti Allah iku pancen
dudu bangsane barang anyar, kang kena kok gambar-gambar saran akal
lan pikiranmu. Yen wis kok selehake, mengo rak ora bingung, ora
barang; Mara, saiki kowe arep takon bab apa?

25. MUDADAMA : Iya mas wis tak selehake akal lan pikiranku
anggonku nggambar-nggambar kakekate Dating Pangeran. Hla wong
mikir endog pitik karo pitike disik endi bae : ora bisa, ndadak mikir
Gusti Allah. Rak iya salahku dewe. Nanging aku arep nyuwun pirsa disik,
apa kita iki ora kalebu golongan Muktajilah ta, mas?

25. WREDATAMA: Hlo, hlo, hlo kowe kok wis tau krungu tembung
Muktajilah (mutazilah) barang! .......................
Tumrap wong kang aktief lan optimis iku insyaf, yen nasibe ana
ing ndunya lan ngakerat iku tanggungane dewe, dudu tanggungane
kana-kana. Mulane kang dianggo gondelan dudu kandane sapa-sapa,
yaiku mung siji : wewarahing kitab agama kang rineksa ing owahe.
Mangka ing Quran terang nganjurake wola-wali, supaya pada
migunakake akal lan pikiran, malah nerangake yen para jin lan
manungsa kang pada kecemplung nraka Jahanan iku kang lahum
quluubu laayafqahuuna bihaa (Al Araf 179 = duwe ati nanging ora
dianggo mikir).
Bab kalebu golongan Muktajilah utawa ora, iku sak temene
gampang anggone anggagapi atine dewe (zelfkorreksi). Pancene ora
perlu kuwatir : Samangsa pangulir muluring nalar iku ana ambu-ambune
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 26
mungkur mungkir bab ananing Pangeran, utawa ngurangi ing ka-
Agungane, kayata golongan Naturalist kang kok kandakake mau, hla iku
mestine kalebu golongan Qadariyah, tetep kasebut kapir
(kafir). Anadene Mutazilah kang kok wedeni iku kaya-kaya durung
mesti yen kapir. Awit saweruhku, andarane mung perlu dianggo
ambantah lan anjajagi iktikade wong ahli Sunnah, yaiku golongane
wong kang panemune kaya pujangga utawa pandita kang mentas
digunem iki mau (bab I no.23). Ahli sunnah kang kolot banget, ora
mung Qadariyah lan Mutazilah bae kang dianggep kapir, dalah para
Failasuf (ahli falsafah) uga dianggep kapir. Mangka perlune falsafah iku
kanggo nandesake iman, supaya imane ora mung taqlid (anut-
grubyug) bae.
Ewadene yen kowe tansah kuwatir disalahake kana-kana, kang kok
kira bakal nanggung nasibmu ing ndunya lan ing ngakerat, iya uwis,
selamat tinggal tetepa passief lan pessimistis, aku tak mlaku
dewe

26. MUDADAMA : Ora kok mas ! Kekuwatiranku bab Muktajilah
iku mau jalaran durung ngertiku. Aku saiki wis ngerti garis-garise, mula
arep mbanjurake nyuwun penerangan :

Ana golongan kang nekadake ing ndalem iktikade, yen Allah iku
sak jatine ora liya kejaba Ingsun. Hla iku kepriye ta genahe ? Yen
iktikad mau cocog karo iktikade kangmas, aku nyuwun keterangan :
kepriye gatuke karo bab anggone nitahake isining alam iki kabeh mau,
lan kepriye gatuke karo sipat-sipating Pangeran kang wis dirembug mau
kae (bab I no. 21,22) ?.
Hla yen ora cocog karo iktikade kangmas, perangan endi kang ora
dicocogi iku ?

26. WREDATAMA : Oo, adiku nake si bapa karo sibiyung ! Kowe
saiki takon Sastracetha Wadiningrat ? Mara prastawakna kanthi pikiran
kang wening, saiki kita ngambah dalan simpangan : kang siji menyang
swarga, sijine menyang nraka.
Ing pedalangan dikandakake, sapa kang ngerti marang
Sastrajendra Hayunigrat iku, yen raseksa, patine awor lan manungsa
kang sampurna, yen manungsa, patine awor lan dewa kang minulya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 27
Mulane digandrungi banget dening Prabu Sumali, kasebut ing layang
Lokapala mengkene (sinom) :

Sastrajendra Hayuningrat, pangruwat barang sakalir,
kapungkur sagung rarasan, ing kawruh tan wonten malih,
wus kawengku sastradi, pungkas-pungkasaning kawruh,
ditya diyu reksasa, myang sato sining wanadri,
lamun weruh artine kang Sastrajendra.

Rinuwat dening Batara, sampurna padinireki,
atmane wor lan manugsa, manugsa kang wis linuwuh,
yen manugsa udani, wor lan dewa patinipun,
jawata kang minulya, mangkana Prabu Sumali,
duk miyarsa tyasira andandang sastra.


Banjure (dandang-gula) :

Jog tumedak Sang Prabu Sumali, saking palenggahan nawaretna,
angrepepeh neng ngarsane, arsa mangraup suku,
Sang Pandita gupuh nedaki, pan sarwi kipa-kipa,
nyandak astanipun, duh yayi Prabu Ngalengka,
Sampun sampun paduka arsa punapi, anguncapaken asta.

Aturnya lon Sang Prabu Sumali, saking sukune manah kawula,
amiyarsa pituture, ing tyas langkung kapencut,
nugrahanen kakang pun yayi, Sastrajendra juningrat,
pangruwating driyu,
pun yayi liwat druhaka, tinitah wil sato padane neng bumi,
pae lawan manungsa.

Sampun tanggung nggen paduka asih, ing kaswasih mbenjang
Ngariloka,
cangkingen wosing deweke, prasetyamba pukulan,
sampun menggah nini Sukesi, nagari ing Ngalengka,
lan saisinipun, jro pura katur sadya,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 28
nadyan pejah gesang tan ngeraos ndarbeni, langkung krasa
paduka.


Prasetyane Prau Sumali iku ora anggumunake, jer gede-gedening
bandane wong urip iku dudu karaton saisine, yaiku nyawane. Ewadene
nyawa iku dianggep remeh bae yen ditanding karo kapercayan.
Mulane umat Islam pada wani perang sabil, Umat Kristen pada wani
perang salib, wong Jepang pada wani jibaku, sebab duwe kapercayan
yen bakal munggah swarga.
Dene bab Sastrajendra iku mau, senajan luwih pengaji tinimbang
nyawane, nanging perlu ditambahi : yen ora kliru penampane. Hla yen
kliru ing penampa, iya raseksaha, iya manungsaha, bakal dadi endog
amun-amun ana ing nraka. Hlo rak gawat ta ?
Jalaran saka gawate iku, mula wiwit biyen mula, ing tanah ngendi
bae, agama apa bae, dadi larangan. Yen anggone nglarang iku jalaran
saka pangemane marang kang kliru ing panampa, iku ya rada ana
benere. Nanging ana uga kang anggone nglarangi iku jalaran nguwatake
marang kang ora kliru ing penampa. Sebab kang ora kliru penampane
iku apes-apese dadi wong kang tatag, tanggon, ora gugon tuhan, ora
gampang di pengaruhi jer wis persasat nyekel Kunci Swarga. Namung
durung mlebu swarga lan durung mangan rejeki woh-wohan swarga hlo
(bab I no.10) aja gumampang.

27. MUDADAMA : Iya mas. Hla bebayane kang kliru ing penampa
iku genahe kepriye?

27. WREDATAMA : Mau (Bab I no. 11) aku gawe pepindan wong
lunga Haji wis kebanjur nunggang sepur utawa kapal, nanging ora ngerti
parane kang ditunggangi, lan ora ngerti Mekah iku parane ngendi. Mesti
bae bingung, lir kinjeng tanpa soca. Rak iya ta ?.
Hla tumraping Sastrajendra Hayuningrat iki, yen wong kliru
penampane, pindane kaya wong lunga Haji, kang ora bingung ora apa,
terus nunggang oto mengidul bae, ora menggok-menggok, sebab duwe
panemu yen Mekah iku parane kidul. Serta kena diparani sarana oto.
Mesti bae wusanane kacemplung ing segara. Mengkono pepindane
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 29
sasaring pati, uga pepindane sasare nalika isih urip dadi penduduke
ngalam dunya iki.
Contone sasar ana ing ndunya: Resi Wisrawa kang mejang
Sastrajendra marang Dyah Sukesi iku, kacaritakake: Dyah Sukesi calon
mantune iku banjur dialap dewe. Wasana dadi perang rebut rabi karo
anake dewe, serta tampa paweleh anak-anake patutane karo Dyah
Sukesi pada awujud raseksa, Mangka tindake Resi Wisrawa iku mung
kagawa saka lali; apa maneh tumprap kang salah tampa.
Dene salah tampa iku umume rumaket marang wong kang
pamarsudine ora urut saka tataran nglakoni Sarengat disik. Awit ing
tataran Sarengat iku akeh latihan-latian jasmani lan rohani kang perlu
banget minangka pondamen.
Anadene pitakonmu bab wong kang nekadake : Allah iku sak
jatine ora liya kejaba Ingsun, .. aku ora bisa ngebabi kepriye
iktikade, embuh pada embuh beda karo iktikadku. Nanging mungguhing
aku, ucap-ucapan kang mengkono iku tak anggep groboh lan cepak
andadeake salah panampa.
Hla iku ora perlu tak onceki, mengko kowe bakal ngerti dewe,
sawise ngrungokake andaranku.
Ora mung ngerti ucap-ucapan siji iku bae, tak pestekake uga kowe
bakal ngerti apa kang dikarepake dening para pengarenge layang-layang
bab Kabatinan kang wis tau kok waca.
Ing andaran iki tak jarang ora bakal migunakake tembung-
tembung kang wis kerep kok waca utawa kok rungu, kayata:
Ingsun , Aku, Aku-wutuh, sebab adakaning pamikir banjur
dipahami: aku Suta, aku Naya.
Pribadi, bisa dipahami ateges: dewe, ijen, ora ana kancane.
Manungsa Sejati utawa Sejatining Manungsa (haqiqatul insane)
adakaning pamikir dipahami uwong kang krembyah-krembyah iki.

28. MUDADAMA : iya mas aku nderek bae, sok uga aku ngerti.
Kepriye tak rungokne kang temenan.

28. WREDATAMA : Kowe ngertiya, sakabehing wong iku, ora pilih
lanang apa wadon, tuwa apa enom, sugih apa mlarat ora pilih bangsa
lan agamane, .. adeging uripe kedadean saka :
(1). Dijumenengi Sang Alus,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 30
(2). Badan alus dalah pirantine kang alus,
(3). Badan wadag kang kasat-mata iki, dalah pirantine kang uga
wadag.

Dene beda-bedaning kelahiran wong-wong mau, ora liya mung
jalaran saka bedaning dasar lan ajar tumraping si badan alus dalah
pirantine lan badan wadag dalah pirantine mau; babar pisan ora merga
kurang adile Sang Alus anggone anjumenengi.
Bedaning dasar tumraping badan (alus lan wadag) jalaran ora
pada ukuraning adon-adone. Pepindane kopi susu, ana kang kepaiten,
ana kang kelegen, ana kang kanyepen, ana kang sedengan.
Hla bedaning dasar tumpraping piranti (alus lan wadag).
Pepindane bekakase wong omah-omah iki, ana kane edi garapane lan
awet anggone, ana kang ora.
Bab bedaning ajar tumraping badan wadag, kaya-kaya wis ceta :
upama wong kang ora gelem ulah raga lan ora gelem njaga pangan lan
papane, amesti kawarasane beda karo kang ulah raga lan njaga pangan
lan papane. Hla senajan tumpraping badan alus uga mengkono, lire uga
ana cara pangulahe lan penjaganing kawarasane.
Dene bedaning ajar tumraping piranti badan wadag, rak iya wis
ceta ta : upama wong ora sinau, iya tangeh bisaha maca lan nulis; wong
kang ora kulina memikir iya dadi ketul pikirane.
Hla senajan pirantine badan alus rak iya kaya mengkono uga.
Upamane wong duwe montor apik, nanging ora ngerti carane ngrumat
lan nglakokake, iya ora bisa migunakake paedahe.

29. MUDADAMA : Amit sewu mas ! Kangmas ngendikakake Sang
Alus iku aku ora ngerti babar pisan. Kang wis kerep tak waca lan tak
rungu kae mung badan alus lan badan wadag mengkono bae.
Karo dene maneh, kangmas ngendikakake yen pikiran iku
pirantinening badan wadag; mestine pancadriya --- mungguhing
kangmas --- uga kaetung pirantining badan wadag. Mangka mungguhing
aku, kang tak anggep pirantining badan wadag iku: kabeh kang awujud
jasad jasmani iki; hla kang dudu jasad jasmani iku tak arani pirantining
badan alus. Iku kepriye genahe ?

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 31
29. WREDATAMA : Mengko ta disik ! Kowe saiki durung ngerti,
ora dadi ngapa. Nanging anggere anggonmu ngrungokake temenan bae,
mengko rak ngerti dewe. Beda-bedane anggone ngarani, aja kok piker
disik. Mengo yen kowe wis ngerti, rak banjur weruh : pada utawa bedane
karo andaran kang kok wis tau kok woca lan kok rungu iku. Yen ana
kang tinemu pada, padane ana ing perangan endi, hla yen ana kang
tinemu beda, bedane ana ing bageyan endi.

Mara tak banjurne ya:

Sakabehing piranti (apparaat, alat) kang bisa kita pigunakake ing
ndalem kahanan kita melek-melek biasa iki, tak arani pirantinig badan
wadag. Wujude ora mung pancadriya bae, satemene asthendriya. Iku
pada kailenan dening rasa nanging ing rasaning badan wadag uga.
Yaiku:
(1) Blegere aran irung mesine aran pangambu makartine aran
ngambu.
(2) Blegare aran kuping mesine aran pangrungu makartine aran
ngungokake.
(3) Blegere aran mripat mesine aran pandeleng makartine
andeleng.
(4) Blegere aran ilat mesine aran pangenyam makartine aran
ngrasakake legi, gurih, sapanunggalane.
(5) Blegere aran kulit daging balung mesine aran panggepok
makartine aran ngerasakake perih, linu, sapanunggalane.
(6) Blegere aran jantung mesine aran ati makartine aran
ngangen-angen, nyipta lan liya-liyane.
(7) Blegere aran utek mesine aran akal makartine aran ngeling-
eling, mikir, lan liya-liyane.
(8) Blegere aran pringsilan, mesine aran napsu makartine aran
muring, kepingin, lan liya-liyane.

Iku mau kabeh tak arani pirantining badan wadag. Dene pirantine
badan alus iku mung siji, yaiku rasa-eling utawa rasa-jati. Kang alus
luwih dening alus, kang anggone makarti ing ndalem kahanan kita ora
biasa melek-melekan mengkene iki.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 32
Anadene kang tak tembungake Sang Alus iku ora ngagem
piranti apa bae, amarga Panjenengane iku qadirun bilaaalatin (kuwaos
tanpa piranti).

30. MUDADAMA : Anu, mas ! Yen kang lima (pangambu,
pangrungu, pandeleng, panganyem, pamggepok) iku dianggep pirantine
badan wadag, iya uwis, aku nderek mupakat. Nanging kang telu liyane
iku, kepriye, amarga panggonane rempit banget? Mulane ana kang
ngiyas, yen ing kono iku dampar (arasy) palenggaha-Ingsun. Kang
tengah diarani omah larangan utawa betalmukaram (baital muharram),
kang nduwur diarani omah perame yen utawa betalmakmur (baital
mamur), kang ngisor diarani omah pasucian utawa betalmukadas
(baital maqdis).

30. WREDATAMA : Hlo, hlo, hlo, kok jebul ngetoni Wirid. Perkara
Ingsun aku mau wis kanda ora bakal milu ngrembug hlo ! Aku mung
arep nerangake bab tembung palenggahan karo piranti iku mau bae.
Yen dianggep palenggahan, mesti bae tansah genta-genti
dilenggahi. Bisa uga dilenggahi bebarengan, sebab kang lenggah iku
bisa mencala pira bae kaya Candabirawa. Hla yen kala mangsane telu
pisan ora dilenggahi, iku banjur ing apa lan ana ing ngendi ?
Dene yen dianggep piranti, iku rak genah. Amarga ana kala
mangasane piranti tetelu pisan iku dijarag ora dipigunakake, yaiku
menawa kang duwe piranti mau nedya migunakake piranti kang banget
aluse, kang tak arani rasa-eling utawa rasa-jati mau. Ana kala
mangasane uga, ora makartine piranti tetelu mau jalaran ora dijarag,
kayata ingnalikane lagi kataman lara kang luwih banget.
Hla anggonku tetep ngarani piranti badan wadag iku jer kita bisa
migunakake lan krasa migunakake ing ndalem kajanan biasa
mengkene iki.

31. MUDADAMA : Iya, iya, mas. Bab piranti kau wis nampa.
Nanging bab Sang Alus aku meksa isih kodeg, geneya ora disebut
Badan Alus bae kaya wedaran kang akeh-akeh ?

31. WREDATAMA : We hla, merangi total kowe iki ! Rak wis genah
ta, yen Sang Alus iku dudu badan alus? Awit?:
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 33
Kabeh kang sinebut badan (likhaam, awak-awak) iku arepa
kepriye bae sipate, --- kasar, rada alus, alus, alus banget, alus luwih
dening alus, --- mesti kedadean saka adon-adoning bebakalan (element,
anasir), lan mesti mawa wangun (vorm, bentuk).
Kita bisa nyatakake sarupaning badan wadag, sarana piranti-
piranti wadag: gawane utawa gaweayane manungsa. Dene badan alus
uga kena dinyatakake sarana piranti alus gawane manungsa; tekan din
iku durung ana piranti gaweyane manungsa kang kena dianggo
nyatakake badan alus iku.
Anadene kang tak tenbungake Sang Alus mau sarehing dudu
badan, anggone nyatakake iya tanpa piranti. Piranti wadag maneh
bisaha, senajan piranti kang alus luwih dening alus; ora bisa, jer
Panjenengan iku tan kena kinaya ngapa.

32. MUDADAMA : Iya, iya mas, wis rada ceta penampaku bab
bedane Sang Alus karo badan alus iku. Hla nyuwun diterangake kang
luwih jelas : kepriye konstruksine (susunan, dapukane) Sang Alus, badan
alus, lan badan Wadag iku mau, saengga wujud manungsa urip kaya
ngene iki?

32. WREDATAMA : Oo, yen bab mengkono bae ora pati angel
anggonku nerangake.
Kabeh uwong kang bisa lungguhan lan omong-omongan iki, ora
mbedakake kang bagus, gagah weton sekolahan luhur, akeh bayarane,
dalem gedong gede, karo kang anjeginggis, buta huruf, gawene
pepriman, manggon ing ngisor kreteg, samangsae dioncati dening
badan alus dalah pirantine iku banjur .. nglumpruk tanpa daya babar
pisan. Irunge wis ora bisa ngambu maneh, kupinge, mripate, lan liya-
liyane. Wis ora bis makarti kaya maune. Hla badane wadag sakojor iku
banjur bosok, lebur dadi jasad kang lembut banget, aku lan kowe
ngarani . Mati.
Dadi kanga aran mati iku maung rusake si badan wadag iki. Hla
si badan alus dalah pirantine. Sarehning isih dijumenengi dening Sang
Alus dalah pirantine. Sarehning isih dijumenengi dening Sang Alus ora
katut mati. Anadene yen Sang Alus mau ngoncat i, si badan alus dalah
pirantine iya bajur sirna, kaya rusake si-badan wadag mau. Hla mung
kari Sang Alus kang langgeng ing kahanane, mulih mula-mulanira
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 34
Yen kok arani konstruksi, iya kaya mengkono iku konstruksine.
Nanging aja kok cakrabawa kaya dene jago ana ing kurungan,
kurungane ana ing sajroning kamar, iku ora. Apese pindakna banyu
segara, kang kadadean saka banyu lan uyah. Hla banyu iku
kedadeyan saka Hydrogenium (H = dat banyu) karo oxygenium (O = dat
pangobong)
Mulane oncate badan alus saka wadag iku tanpa kaweruh iya
ngrekasa. Padakna banyu segara dingerteni, uwale diedemake, banjur
dadi uyah lan banyu. Hla oncate Sang Alus saka badan alus : saya
nyamut-nyamut, padana anggone misahake si banyu dadi hydrogenium
karo oxygenium mau.
Saiki Sang Alus mau arani nganggo tembung Ikheid utawa
Purusha, lan sabanjur bakal tak sebut mengkno iku, aja salah paham.

33. MUDADAMA : Ngendikane kangmas iku terang gamblang,
wijang nanging aku meksa durung damang.
Sak temen-temene kang disebut nganggo tembung Purusha iku
apa Roh kita iki, apa Urip kita iki, tha mas ?

33. WREDATAMA : We hla kepriye ta kowe iku ? Purusha iku iya
Purusha. Upama Purusha iku Roh kita utawa Urip kita, mau-mau aku rak
wis muni mengkono, apa kowe perlu ndadak tak bebingung ?

R o h (ar-ruuhu) iku kang tak arani nganggo tembung badan
alus mau kae, yaiku bangsane bebakalan lan bangsane kang mawa
wangun. Ing Ngayogyakarta kene akeh sedulur kang kasinungan
kaluwihan bisa nyatakake kahanane Roh iku, unda-usih : miturut
drajatee kang nyatakake sak timbang karo drajate kang dinyatakake. Hla
mau rak wis tak kandake, yen Purusha iku d u d u si badan alus. Jer
Purusha iku kasebut hayyun billaarauhin (gesang tanpa roh), dadi uga
si Roh.
Dene tembung urip mau kae, aku ora ngerti endi kang kok
karepake ? Apa urip kang tegese bisa kruget-kruget ( kosok baline
mati ), apa kang Urip apa Sang Urip? Nanging telu pisan d u d u
kang sinebut Purusha. Urip lan kang Urip, iku mung saperangan saka
sipat-sipating Purusha bae, dene Sang Urip iku mung salah sawiji saka
jejuluking Purusha bae.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 35
Terange yen telu pisan iku dudu sejatining Purusha, amarga
Purusha iku sipate angliputi kabeh kang gumelar iki. Senajan watu kang
ora bisa kruget-kruget, senajan badan wadaging wong kang wis bosok
awor lemah .. uga kaliputan dening Purusha.
Upama kowe duwe pangira : Purusha iku napas kita, apa nyawa
kita, uga kliru. Jer napas iku mung talining urip, nyawa iku mung
pratandaning urip. Uga salah, yen kowe duwe pangira : kang sinebut
Purusha iku tirta nirmaya utawa maulhayat (aquaeductus sylvii), jer iku
mung praboting urip bae.
Luwih-luwih sasare yen kang kok anggep Purusha iku angen-
angen, rasa-eling, soroting mripat, lan liya-liyane maneh. Cekake aja kok
goleki ana ing sak njabaning kita utawa sak njeroning kita !

34. MUDADAMA : Upama purusha iku kang kagungan sipat 20
kang wis dingendikakake kae (Bab I no. 21) ? Yen mengkono, hla rak iya
Purusha iku kang nitahake bumi lan langit dalah isen-isene kabeh iki ?
Hla iku cocok karo sawenehing wedaran kang ngiyas: tembung
nitahake iku ing nalikane kita e l i n g : gumelar pada sanalika (kun
fayakun) ; ing nalika kita lali : sirna kabeh, kasebut kiyamat.

34. WREDATAMA : Purusha iku mula dasar nyata kang kagungan
sipat 20 wajibe, lan 20 mokale, mau kae ! Mara rasak-rasakna, sipat endi
saka 20 mau, kang dudu sipating Purusha ?
Nanging kowe mangertiya, Purusha iku dudu kang nitahake bumi
lan langit dalah isen-isene iki.
Dene kang nitahake bumi lan langit dalah isen-isene iki, kowe aja
salah paham tak sebut asmane Absolute IK utawa Isywara.

Iswara iku, kejaba kagungan sipat 20 wajibe, lan 20 mokale, uga
kagungan 1 maneh, yaiku sipat wenang (jais). Tegese wenang nitahake
kabeh kang gumelar iki, uga wenang ora nitahake.
Dene kiyasane tembung nitahake kaya kandamu iku mau, trus
terang bae mungguhing aku . ora wani ! Rasane kok ya kaya
pokrul-pokrulan (Bab. I No. 13)

Awit ngrembug ngono-ngono iku kudune aja mung wewaton akal
lan piliran (dalil aqli) bae, kudu gondelan unining kitab-kitab agama
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 36
(dalil-naqli). Mangka ing Quran nyebutake : Allahu alladzi chalaqa
assamawati walardla wamaa bainahuma fie sitiati syyaami (As
Sajdah 4 Al Hadid 4 = Allah iku kang anitahake langit lan bumi dalah
kang ana ing antarane ing sajroning nem dina).
Miturut ayat iki mau, tetela bathale paham eling; gumelar, lali
sirna iku mau. Dene maksude lapel kun fayakun (anaha sira, mangka
banjur ana pada sak nalika) iku sak temene mengkene:
Yen miturut angger-angger kudrating Pangeran kang wis gumelar
iki, dadining kabeh kahanan iku mesti saka bebakalan. Nanging nalika
sakawiting sakawit, disiking disik. Pangeran anggone nitahake kabeh
kang gumelar iki tanpa bebakalan, mung sabda kun iku mau.
Menawa aku ora kliru kang duwe pangiyas kaya kandamu iku,
ngolongane wong nekadake yen manungsa iku asal saka adam (dudu
Nabi Adam) kang tegese suwung, dadi kalawan pribadi , sadurunge
ana Allah, malaekat, bumi langit, lan liya-liyane. Sebab jeneng-jeneng
mau kabeh yasane si manungsa.
Mula bener jeneng-jeneng iku kabeh yasane si manungsa,
.. nanging iktikad kang mengkono iku mungguhing aku : tak
anggep rembug pokrul-pukrulan (Bab I No.13) aku ora wani temenan
kae.
Dene iktikadku : Manungsa iku dijumenengi dening Purusha
(Ikheid) kang kagungan sipat wajib 20 lan mokale 20. Hla kang nitahake
langit-langit lan bumi iku Isywara (Absolite IK) kang kagungan sipat
wajib 20, sipat mokal 20 lan sipat 1. Panjenengane iku jumeneng
kelawan pribadi, serta pandamele kahanan kang gumelar iki kabeh :
tanpa bebakalan.

35. MUDADAMA : Hla dalah, saiki aku ngerti, dadi kang sinebut
Isywara iku sak jatine Pangeran Kang Maha Kuwasa, kang tembung
Arab : Allah. Hla Purusha mau tembunge Arab apa, lan apane Isywara ?
Karo dene maneh, kang uga ngagen tembung Ikheid lan Absolute
Ik, hla iku apa ora pada tegese karo tembung Ingsun kang tak aturake
mau (Bab I no,26,27) ?

35. WREDATAMA : Wah, wah, pitakonmu teka tirik-tirik, tur angel.
Iya ta anggere ora kawohan sentiment bae !
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 37
Coba pikiren : upama tembung Purusha iku tak salini X, sarta
tembung Isywara iku tak salini Y, rak iya ora ngowahake apa-apa, jer
tembung-tembung utawa jeneng-jeneng iku kabeh,mung yasane si
manungsa, ta ? Yen genah ora ngowahake apa-apa, pancena, Arab utawa
dudu Arab iku ora perlu dadi soal.
Purusha lan Isywara iku tembung Sanskrit anggonku migunakake
iku mung tak nggo tetenger bae, kaya dene X lan Y iku mau, supaya
ora cawuh. Sebab yen migunkake tembung Arab, bok menawa agawe
kisruhe penampamu, amarga Isywara iku ana ing Quran sinebut Allah,
hla Purusha iku ana ing Quran uga sinebut Allah.
Coba tha wacanen kang teliti, banjur rasakna nganggo pikiran
kang wening, kayata : kang mertelake Iblis iku satruning Allah, hla iku
rak terang Allah-Purusha, dudu Allah-Isywara.
Sebab kakekate Isywara iku ra kagungan satru ora barang, jer kabeh-
kabeh iku titahe Isywara piyambak. Iya apa ora ?
Hla yen Iblis ditembungake satruning Purusha iku : mula dasar
nyata. Jer uwong kang manut panuntuning Iblis, tan kena ora, mesti
ora kenal lan ora tunduk marang Purusha, iya dat Kang Maha Suci iku.
Dene Purusha iku ora liya yaiku .. wewayangane Isywara.
Poma-poma kowe aja salah paham : wewayangan mono dudu cuwilan
utawa plitikan, hlo !
Pangerten kang mentas tak kandakake iki mau, dek jaman wingi-
wingi digawe wadi banget. Yen diwedarake sarana tulisan, tembunge
diubeng-ubeng, ora diblakake. Yen anggone medarke sarana lisan, kudu
tuk-tuk gatuk du batuk, tur mung cekak bae utawa dapur perlambang.
Iya pangerten iki mau sak jati-jatining maksude lapal laailaha
illaallah muhammadur rosuulullah (ora ana Pangeran kejaba Gusti
Allah, Nabi Muhamad saw. iku utusane Gusti Allah). Yen lapel mau
diwuwuhi asyhadu anna (aku anakseni satuhune), aran kalimah
syahadat (= ucap-ucapan pasaksen), iya iku rukuning Islam kang
terdahulu dan terutama
Anggone digawe wadi banget iku, kaya kang wis tak kandakake
mau (Bab I no.26) jer pancen gawat keliwat-liwat. Awit saka kliruning
penampa, bisa uga banjur ngaku . Allah. Banjur ora perduli
batal karam, lan nacad pernataning agama. Sebab pengirane dosa iku
ora ana, anggere wis mati iya uwis bar mesti bali menyang asale.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 38
Nanging kang ora liru panampae, amesti wuwuh bekti marang
Pangeran, tumindake dadi wirangi (wirai = kikrik, ora gumampang), asih
marang sepada-pada, rumangsa yen aku-kowe-deweke iku satemene
.. siji. Sebab wis yaqin ing ndalem iman lan iktikade, yen Allah iku
pranyata cedak luwih dening cedak, nanging ora gepokan, lan yaqin yen
Allah iku pranyata nguningani saoba-osiking kawulane.
Anadene anggonku migunakake tembung Ikheid lan Absolute Ik
iku, perlune ya mung kanggo mbedakake supaya aja cawuh iku mau.
Yen kowe duwe penganggep tegese pada karo Ingsun, iya kena bae.
nanging supaya aja cawuh, yen nganggo tembung Ingsun kudu
diwuwuhi katrangan mengkene :
Ingatase titah : Ingsun iku tugase dudu sira. Nanging Ikheid
(Purusha) iku : iya Sira iya Ingsun iya Deweke. Cekake Ingsun ora njaba
ora njero, kang Maha Suci saka sipat anyar iki kabeh.
Dene Absolute Ik (Isywara) iku Ingsun kang ditekadake dening
manungsa : Panjenengane iku kang nitahake, ngliputi, lan nguwasani
gumelare alam iku, yaiku Maha Esa serta kagungan wewayangan aran
Ikheid (purusha) mau.
Kepriye, bisa wuwuh terang, apa malah saya ruwet ?

36. MUDADAMA : Amit sewu, mas ! Ya sepira bae luputku aku
nyuwun pangapura. Panjenegane ngendika Purusha (Ikheid) iku Allah
kang mengku sipat 20 wajibe lan mokale, dene Isywara (Absolute Ik)
iku Allah kang mengku sipat 20 wajibe, 20 mokale lan sipat wenang 1 .
Yen mengkono, apa Allah iku luwih saka siji.

36. WREDATAMA : Kepriye dene kowe duwe panemu mengkono ?
Aku mau rak wis kanda, yen Purusha iku mung wewayangane Iswara
bae, ta?
Upama ing wayah tengange, ing satengahing alun-alun ana
jembangan 1000 pada isi banyu kabeh, amesti siji-sijining jembangan
ana wewayangane srengenge. Rak iya ta ? Apa kowe banjur ngarani yen
srengengene loro, telu, utawa 1000 ? Iya kaya mengkono iku pepindane
Isywara karo Purusha mau.
Hla siku mesti kowe wis bisa mangsuli dewe pitakonmu bab pada
utawa orane : iktikadku karo iktikade wong kang ngucapake Allah iku
sak jatine ora ana liya kejaba Insun mau kae (Bab I No.26). lan tak kiro
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 39
kowe ora bakal salah paham marang unen-unenkang bokmenawa wis
tau kok rungu, jalaran pancen popular (kerep kocap) banget. Lapale
mengkene : waman arafa nafsahu faqaq arafa rabbahum, waman arafa
rababhu faqad jahila nafsahu (= sing sapa weruh ing Pangerane temen-
temen bodo ing ngelmu deweke iku)

Yen penampamu wis terang, banjur kepriye ? kang perlu
luwihdening perlu iku .. beramal (tumindak), supaya
banyu kang ana ing jambangan mau bening. Sebab yen banyune butek,
amesti wewayange srengenge ora katon. Dene yen jembangan pecah,
muga-muga wewayange srengenge ora kraket ana ing krewenging
jembangan, utawa ana ing banyune kang wutah beleberan.

37. MUDADAMA : Iya mas, yen bab Ingsun, kaya-kaya aku wis
bisa mangsuli dewe. Cekake gumantung definisine (katrangan patokan)
apa kang disebut nganggo tembung Ingsun iku. Apa Roh, apa Purusha,
apa liyane.
Senajan kang disebut Ingsun iku Purusha, ewadene kudu
mangerti, yen Purusha iku dudu Iswara, mung wewayangane bae.

Dene unen-unen kang mentas dingendikakake mau, senajan aku
wis kerep krungu, nanging durung dong. Nyuwun dijelasake pisan.

37. WREDATAMA : Tak kira ya wis ngerti, mung kowe rada
kuwatir bokmenawa kliru. Iku genahe mengkene :
Lapel waman arafa nafsahu faqad arafa rabbahu iku tumrap si
jembangan isi banyu : sak mangsa bisa weruh Wewayanganing
srengenge, wis cukup, prasasat wis weruh marang Srengengene. Pancen
mung semono iku pantog-pantonging kaweruh Makripat. Utawa
pepindane kaya dene si wayang, sak mangsa bisa ketemu karo Ki
Dalang, wis cukup, prasasat wis ketemu karo Sing Nanggap kang
munduti lelakon.
Teruse muni waman arafa rabbahu faqad jahila nafsahu, iku
tumrap klira-kliruning penganggep : si jembangan isi banyu teka
kepingin kepetuk karo Srengenge kang ana ing langit, si wayang teka
kepingin ketemu karo Sing Nanggap kang ana ing Dalem mbri. Hla yen
ketemu temenan .. regemeng-regemeng, tetep sasare.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 40
Anadene iktikad kang ngaku Allah (kang akeh ora wani terang-
terangan blaka suta) serta kang nekadake mati iku wis bar ora ana
lelakon maneh (Bab I no.35) iku pepindane kaya dene si jembangan isi
banyu kang mung nekadake anane Wewayangan srengenge tok, o r a
nekadake anane Srengenge. Kepriye sebabe Wewayangan mau ana ing
banyu jembangan, serta kepriye kedadeane sawise jembangan pecah : o
r a dadi pawigaten. Utawa pepindane kaya dene si wayang kang
nekadake anane Ki Dalang tok, o r a nekadake anane Sing Nanggap.
Kepriye sebabe Ki Dalang iku mayang, lan kepriye sawise rampung
pamayange : o r a dadi pawigaten.
Iktikad mengkono iku iktikad madzhab (golongan) Q a d a r i y a
h kang wis tak kandake mau (Bab I No.25). Bangsa kita kang rumangsa
ahli Makripat, akeh kang duwe iktikad Qadariyah iku.
Kowe mangerti yen iktikatku o r a k a y a m e n g k o n o i k u
. Upama Jembangan isi banyu, aku nekadake anane Wewayangan
srengenge lan Srengengene. Upama wayang, aku nekadake anane Ki
Dalang lan Sing Nanggap.
Nanging upama jembangan isi banyu, aku o r a nekadake bisa
weruh Srengenge kang ana ing langit : upama wayang aku o r a
nekadake bisa ketemu sing Nanggap kang ana ing Dalem mburi, kaya
iktikade madzhab J a b a r i y a h . Bangsa kita kang ahli Sarengat lan
ahli Sunnah, akeh kang duwe iktikad Jabariyah iku.
Saka keyaqinanku, sampurnane Kakekat lan Makripat iku kudu
urut ngliwati tataran Sarengat lan Tarikat disik. Kosok baline yen
ngliwati tataran Sarengat tok isih durung genep. Nanging serehning
panemuning wong iku beda-beda, wong Kadariyah bok menawangarani
iktikadku iku isih g u g o n t o h a n , kosok-baline wong Jabariyah
utawa ahli sunnah bokmenawa ngarai aku iki .. kapir. Kang
mengkono mau : sumangga kersa, pangarem-aremku y aura-ura bae
mengkono mau : sumangga kersa, pangarem-aremku ya mung ura-ura
bae mengkene (dandang gula) :

Langkung nuwun Kanjeng Sunan Kali, atur sembah sarwi ngaras pada,
nJeng Sunan Benang sabdane, yayi den awas emut, aja kongsi kawedar
nglati, iku sabda Larangan, yen kawedar ngurungu, mring sagunging
kang tumitah, yen mangerti dadi manungsa sejati, kapir kapur
sampurna.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 41

Hla kepriye bae iktikade, kang perlu luwih dening perlu iku
tumindak, ora cukup ngerti tok. Aja gumampang. Awit mung sarana
tumindak iku, kang bisa awoh rasa nikmat lan rasa begja, ing sajroning
isih urip ana ing ngalam dunya iki, lan ing nalika arep tinggal ngalan
dunya iki, lan sawise ninggal ngalam dunya iki.
Wasana welingku marang kowe :
Yen kowe ora (durung) cocog karo andaran iki, kowe aja duwe
pangira, yen aku bakalgeting ing kowe. Sebab cocogmu utawa ora
cocogmu iku, ora bakal nyuda utawa muwuhi apa-apa tumprap
anggonku leladi marang Pangeran.

Hla yen kowe cocog marang andaran mau pamrayogaku :
(1) Yen kowe wis nindakake sarengat, temenana, aja banjur
ngowah-owahi. Yen durung, becik nindakna, agama apa kang
kok senengi. Sarengat iku dadi pendorong kang wigati
ingatase gegayuhanmu.
(2) Gegebengan mau aja kok anggo geguneman p a d i m a n ,
sebab ora ana paedae babar pisan tumrap kowe lan tumrap
kang ngrungu. Dene yen ana kang miwiti ngajak rembugan,
iya ladenan, nanging yen sulaya gegebengane : kalahana bae.
aja demen bebantahan ngelmu, tiwas tuwas, pada dene ora
bisa mbuktekake ing benere. Dene yen kanane katon arep
marang gegebenganmu, nanging durung pati jelas, iya jelas-
jelasna, aja demen ngumpetake ngelmu. Aweh tekan wong
kelunyon iku kalebu panggawe utama.

Wis, saiki kowe ngasowa disik !

38. MUDADAMA : Pancen aku arep nyuwun penjelasan bab
kalimah syahadat, serta bab si wayang kang kepingin ketemu karo sing
Nanggap mau, mas, awit umume pancen mengkono. Nanging sarehning
penjelasane kiraku rada dawa, mulane tak sabarke sesuk sore bae. saiki
aku mung arep nyuwun keterangan setitik baba dawuhe kangmas iki
mau.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 42
I. Ora prayogane dianggo paguneman padimman iku : mung
sebab ora ana paedahe bae, apa satemene .. ana
halate ?
II. Kepriye, ingatase barang bener teka ora kena dibuktekake ?
III. Apa kita iki ora kuwajiban nular-nularke ngelmu kang miturut
keyaqinan kita : gede paedahe ?

38. WREDATAMA : Aku manut bae : penjelasane kalimh syahadat
lan bab sijine mau disabarake sesuk sore. Nanging kowe ngertiya,
babagan iktikad iku ora adedasar panemu umum, ora kumudu
menang stem, hlo !

Dene pitakonmu I, II, III, iki mau panemuku mengene :

Wangsulane pitakon I. Temung halat iku ana werna loro, yaiku :
a. halat kang pada karo tembung jawa walat iku tegese tula h sarik.
Hla iku ora ana walate setitik-setitika. Ngelmuning Pangeran iku ora
ana kang nyebabake tampa tulah sarik (kuwalat), tumprap kang
guneman utawa kang ngrungokake.
Ewa semono, ngandakake gegebengan secara terang-terangan
mengkene iki, tetep ora prayoga dianggeo padiman, lire marang
sadengah bae. kudu nganggo pilih-pilih : karo sopo anggone
guneman.
b. halat kang asal saka tembung Arab ghalath iku tegese
kekliruwan. Hla iku mula bener, saka bodone kang ngrungu utawa
kang celatu, bisa nyebabake anane kekliruwan, kayata banjur
ngaku Allah iku mau.

Wangsulane pitakon II. Barang bener lan nyata, nanging ora kena
dibuktekake, iku rak dudu perkara kang aneh ta ? apa kowe bisa
mbukekake anggonmu ngimpi munggah pangkat, senajan bener kowe
ngimpi mengkono ? apa kowe bisa mbuktekake lalimu anggonmu
semayan, senajan nyata kowe lali temenanan ?
Dene kapercayan (iman) lan gegebengan (iktikad) mungguhing
ngelmu iku, kang diarani bener : yen nganggo waton werna loro :
a. dalil naqli (= nukil = metik ) tegese awewaton petikan wewarahe
kitabing Pangeran. Nanging sarehning wewarah mau akeh kang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 43
dapur pralambang utawa pepindan, mulane panyurasane ora kabeh
kudu ditampa letterlijk (apa anane).
b. dalil aqli (akal pikiran), tegese kang bisa disakseni dening akal
pikiraning manungsa, kang bebas saka pengaruh. Hla akal pikiran
iku werna-werna dasare lan ukurane, mulane uga beda-beda
panemune.

Coba pikiren : selagine pada dene nganggo waton werna loro bae,
tinemu beda-beda. Apa maneh yen kang siji nganggo waton werna siji,
siji maneh tanpa waton babar pisan . Hla mesti ora pada
panemune ! mangka siji-sijine ora bisa mbuktekake benering panemune
iku, kaya dene ora bisane anggone mbuktekake benere ngimpi lan
benere lali mau kae.

Wangsulane pitakon III. : yen miturut ilmu jiwa kang tembange
manca psychologie, kudrate manungsa iku kanduningan watak golek
kanca. Dadi anggone nular-nularake ngelmune kang kinira maedahi
marang liyan, iku ora liya iya mung katarik saka wewatekane anggone
golek , , ., kanca, iku mau. Hla ngelmu kang kinira maedahi
mau, tumrap kang nularake, nganggep bener lan becik, nanging
golongan liya bisa uga nganggep ora bener lan ora becik.
Upama ngelmu kang ditular-tularke iku golonganing manungsa
kang sabageyan gede banget nganggep bener lan becik temenen kae,
paedahe ora liya iya mung .. tumrap uripe bebrayan ana ing ndunya
iki. Babar pisan ora kalebu sarat mutlak anggone kumawula marang
Pangeran, tegese dudu penggaweyan wajib. Dene kang aran
penggaweyan wajib tumrap kita iki : mung kang didawuhake ing Quran
: wamaa chalaqtu aljinna walinsa illaa liya bubuuni (Adz Dzariyat 56
= ora nitaheke Ingsun jin lan manungsa, kejaba supaya pada nindakake
ngibadah).
Dene kang nedya nular-nularake ngelmune ke-Tuhanana, kalebu
bab ngibadah iku mau, dawuhing Quran mengkene : wamaa anta
bihaadie alumyian dlalaalatihim intusmiu illa manyuu-minuu
biayaatinaa fahum muslimuuna ( An Naml 81 = o r a bisa aweh
pituduh marang wong wuta atine amarga sasare, lan sira kejaba wong
kang percaya marang ayat-ayatingsun lan sumarah marang Ingsun iku
kang gelem ngrungokake).
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 44

D a d i : nular-nularake iku iya kena bae. Nanging yen wis genah
diarepi. Rembugan karo sapa bae, kanggo ngundakake kaweruh lan
ngresikake panemu, iya apik, nanging bebantahan rebut bener aja !

Wis saiki ngasowa, aku uga ngaso. Sesuk sore dibanjurake.


TAMAT

Вам также может понравиться