Вы находитесь на странице: 1из 5

NASKAH DRAMA RORO JONGGRANG

Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wong wedok kang ditinggal karo bojone
. Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.

Bandung : Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung manggon
teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.
Ibu : Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awak dewe
uwis urip kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu, arep njaluk sing piye
maneh ibu iki.
Bandung : ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.
Ibu : (mesem ngguyu) Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip janda
kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur nyayang anake).
Bandung : Lho, saestu Bu.
Ibu : Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku. Kowe iku
wis gede, moso kowe arep dewean wae.
Bandung : (mesem)Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu. Saktemene kula ajeng tanglet
kalih ibu, Nanging kula boten kepenak, Bu.
Ibu : Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki ibumu opo
dudu. Arep takon opo to Le?
Bandung : Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula
taksih bingung.
Bandung : Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?
Ibu : Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing pantes.
Kowe saiki wis gede, ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe
mesti iso ngerteni iki.
Bandung : Ana apa,Bu?
Ibu : Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.
Bandung : dados bapak tasik sugeng bu?
Ibu : Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo. Golekana
Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno pesen pesen ibu iki.
Bandung : inggih, Bu.
Ibu : Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu. Lek wis
kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda kahormatan. Ing
jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok temui lan kabeh pasti nduwe niat
dhewe-dhewe.Kowe iku cah lanang sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot
anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga
keslametanmu dhewe.
Bandung : Inggih,Bu.
Ibu : Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa selendang warna
abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu percaya yen kowe iku anake.
Bandung : matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara.
Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu niki .
Ibu : Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak
tresnani.
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani
karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung
nemoni Jin Bondowoso.
Jin : Sampean sapa?
Bandung : Aku Bandung
Jin : Ono kaperluan opo sampean mrene.
Bandung : Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku nggoleki Ramaku?
Jin : Wani piro?
Bandung : Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok njaluk opo wae sing kowe
karepake.
Jin : Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.
Bandung : sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.
Jin : Oke (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi
jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake
panyuwunane Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung
Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah. Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan
kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko
direwangi Patih Gupala perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe
panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire
Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi
Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh karo ngetokake getih lan kelaran.
Patih Gupala : Nyuwun sewu Putri.
Jonggrang : Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana
ngendi Ramaku?
Patih Gupala : (menundukkan kepala dan menyembah)Nyuwun sewu Roro. (mikir-
mikir)Prabu Boko
Jonggrang : Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar sing ora ke penak
Patih?
Patih Gupala : Inggih Roro.
Jonggrang : Ana ngendi Ramaku?(bingung lan arep nangis)." Cerita karo aku
Patih..pundi ramaku?
Patih Gupala : Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.
Jonggrang : HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten Goroh Patih?
Patih Gupala : Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung Bondowoso
nusukkaken kerisipun.
Jonggrang : Rama(nangis)
Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara
Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa selire Prabu Baka
sing dak pateni mau?
Bandung : (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?
Jonggrang : Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung : HahahaSopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ingKerajaan Pengging,
lan saiki sing duweni kerajaan sing gede iki (ngomong karo sombong),
Bondowoso. Hahaha..Ayu tenan kowe. Apa kowe gelem dak dadekake
garwaku!

Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang : (mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging
atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan.
Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung : HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem? Opo
kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)
Jonggrang : Wah.Apa sing arep aku lakokake. Aku mumet.
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang : Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik
wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku
gelem tok pek bojo.
Bandung : Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi wektu
sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat liyane.
Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo ngopo candi iku.
Jonggrang : Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku panjalukku.buktekno yen
kowe tresna aku Bandung.
Bandung : Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?
Jonggrang : Aku nyuwun sewu candi!! (karo arep nglungani)
Bandung : Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo kowe,
bakal tak gawekake sewu candi.(janji)

Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung :jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?
Jin :iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?
Bandung :aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.
Jin :wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis mari,dadi
aku ora pingin bantu kowe maneh.
Jonggrang : Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.
Dayang : La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri,
miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La
wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun
badhe kelar to Putri.
Jonggrang : La terus apa sing kudu tak lakokake.aku ora gelem rabi karo Bandung.
Dayang : Lajeng kepripun?
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat Prambanan,
kongkon wong wadon numbuk pari, lan bakar ya jerami. Sing ana ing
kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki seakan isuk uwis
teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek isuk wis teko,jin-jin padha
mlayu lan ojo lali naburake kembang-kembang.
Dayang : Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake
gawean kuwi.
Jonggrang : Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.
Dayang : Inggih ndara.nyuwun sewu.
Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan mau dikonkon
numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin : Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet ngaleh iki. Yen
ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh.. Tapi,piye karo
penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi
iki?
Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh Bandung Bondowoso
teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik jago , para wadon wis mulai numbuk
pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk,
Bandung nekani Jonggrang.
Bandung : Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.
Jonggrang : Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?
Bandung : Tentu wae tresnoku?
Jonggrang : Aku ora percaya.
Bandung : kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.
Jonggrang : oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
kowe batal ngolehake aku, Bandung.
Jonggrang ngitung candi-candi kuwi. Mari bolak-balik ngitung Jonggrang ngomong.
Jonggrang : sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.
Bandung : Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.
Jonggrang : aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki
mung 999 .
Bandung : yawis, kan mung kurang sak buah, uwis ana 999 buah. Engko bakal
dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.
Jonggrang : ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
sing bakal minggat.
Bandung : Ha?sak wise aku nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu
Jonggrang
Jonggrang : Iyo. kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah
wong elek.
Bandung : Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!
Jonggrang : pancen ngono toh nyatane!
Bandung : Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak
gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku
iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji, lan
sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : Aaaaahhh !!!!!!!!!!
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.



------------------------ Rampung ------------------------

Вам также может понравиться