Вы находитесь на странице: 1из 2

MAKNA RUWAHAN & SADRANAN

Sadranan utowo Ruwahan iku dudu istilah kang asing tumrap masyarakat Jawa utawa
kanggo luar Jawa. Intine ing upacara Sadranan utowo Ruwahan yaiku ngresiki makam,
ndandani, ndongake marang para arwah leluhur, nyebar kembang, lan uga kenduri.
Ruwahan kui mengacu saka penanggalan Jawa, yaiku sasi Ruwah. saka jeneng iki
banjur ana istilah Ruwahan.
Ing pangerten umum ruwah asring diarani ngluru arwah utawa silaturahmi karo
arwah. Miturut anggepane masyarakat Jawa jeneng Ruwah bisa uga dimaknani weruharwah utawa bisa ugo diterjemahake mengeti utawa ngelingi arwah para leluhur.
Ora genah saktenane kapan wiwitan tradisi ruwahan iku ana. nanging babagan
mangkono iku kira-kira awujud saka perkembangan saka tradisi kang wis suwe ing
sakperangan wilayah ing Nusantara, yaiku tradisi menehi pakurmatan marang arwah
arwah leluhur. babagan kaya mangkono iku ugo dadi petunjuk menawa wis suwe
masyarakat Jawa percaya marang kehidupan kang kekal sakwise urip ing donya.
Tegese, arwah uwong kang wis mati iku kekal. Arwah kang abadi ana ing alam donya
mau dining masyarkat Jawa diangge perlu dikaruhake (disapa, diajak dialog).
Ruwahan ing kabudayan Jawa uga kerep dipadakake karo Nyadran utawa Sadranan.
Sadranan dewe uga asale saka "sradda", yaiku sawijine upacara ziarah kubur kang wis
kerep dilaksanakake dining umat Hindu ing jaman biyen. Ukara sradda duweni makna
kang pada ana ing basa kawi kang artine yaiku mengeti dina kematiane salah sawijine
uwong. Sradda dewe dilaksanakake ana ing 2 tahap, yaiku sepisan arupa donga lan
pui-pujian kang diiringi gamelan lan kapng loro pungkasan arupa semedi utawa
mengheningkan cipta.
Ruwahan lan Sadranan duweni makna kang pada lan ugo pada ing lalakone, kabeh
mau duweni arti ndongakake marang leluhur, jalukake pangapuro marang Gusti lan
sakpada-pada, tumuju marang kasucian.
Miturut sejarah, 'nyadran' iku salah sawijine ukoro kang asale soko basa Sansekerta
sraddha sing duweni arti keyakinan, percaya utowo kepercayaan. Masyarakat Jawa
kuno percoyo menawo leluhur kang uwis mati, sejatine ana lan duweni pengaruh
marang panguripan anak turune. mulo pada nggatekake kapan wektu, dina lan tanggal
kematiane leluhur, ana ing wektu kui kang isih urip pada gawe sajen arupa panganan
lan wedang kang disenengi leluhure kang wis mati, banjur ditata ing nduwur meja
diwenehi kembang setaman lan diwenehi pepadang arupa lampu. (Budi Puspo Priyadi,
1989).

'Sradha' iku tradisi kang dipurwakani dening Ratu Tribuana Tunggadewi, ratu katelu
Majapahit. ing wektu iku Kanjeng Ratu pengin handedonga kanggo biyunge Ratu
Gayatri, lan roh leluhure disemayamke ing Candi Jabo. kanggo kaperluan iku disiapake
maneka warno sajen kanggo didermakake marang para dewa. Sak paninggale Ratu
Tribuana Tunggadewi, tradisi iki dibacutake dening Prabu Hayam Wuruk.
Di jaman panyebaran agama Islam dening Wali Songo, tradisi kasebut banjur didaupake
dadi adicara nyadran amrga nduweni tujuan ndongakake uwong tuane kang wis mati.
mulo wis dadi keajibane anak putu ndongakake marang leluhure kang wis mati.

nalika ziarah, sejatine akeh babagan kang pantes perlu digatekake:


Kaping pisan, kabeh kang wis mati, kabeh kang ditresnani bakal ditingalake. bojo kang
ayu kang gagah, anak-anak kang hebat, omah lan mobil mewah, ugo kedudukan kang
dhuwur. Semono ugo awake dhewe bakal kaya mangkono, manggoni kijing. Nalika
manungsa iku mati bakal pedhot kabeh amale kajobo telung perkara. amal jariyah, ilmu
kang manfaat lan anak kang sholeh/ sholekhah.
Kaping pindo, kembang iku perlambang katresnan. katresnan kang ora mung katujukake
tumrap kang urip.
Kaping telu, sinau nindakake amal (kanthi menehi marang uwong kang reresik makame
leluhur).
Ing saperangan panggonan ing Jawa isih ana masyarakat kang ngleksanakake ruwahan
saben tahun, masyarakat iku nduweni kapercayan dene kanti ngleksankake ruwahan
bakal diwenwhi dalan kang gampang nalika golek rejeki. masyarakat iku ugo percoyo
menawo ora ngleksanakake ruwahan bakal nemahi rubeda.
Ing kehidupan masyarakat Jawa uga sumebar sakwijine kepercayaan marang roh-roh
alus sing urip ing sekitar manungso. Roh-roh alus kasebut ana kang sifate apik lan ana
sing sifatet ala. Roh-roh sing sifate apik kerep mbantu manungso upamane njogo desa
saka kabeh alangan, roh-roh kang njaga desa iku sering diarani pepunden desa, utawa
bisa uga diarani sing Baureksa. Roh-roh kang duweni sifat ala yaiku roh-roh kang
asring nggangu panguripan manungsa ana ing ngendi wae.

Вам также может понравиться