Вы находитесь на странице: 1из 6

MAKALAH BASA JAWA

WULANGAN CRITA RAKYAT


LEGENDA DESA SULANG

Dipunsusun dening:
Kelas XI MIA 1 (Bergada 3)

Ahmad Hatim Ash-Shidiq


Astini
Bibin Ambarwati
Edo Arozy
Fadilatul Chulaiwiyah
Muanniqotul Fadhilah
Muhammad Aris Munandar
Muhammad Zenada Ilham Pratama
Thia Prahesti

(01)
(06)
(10)
(13)
(14)
(20)
(21)
(22)
(28)

SMA N 1 REMBANG
Jalan Gajah Mada No.5 Fax dan Telp (0295) 691375
Website : http/www.smansarembang.sch.id
Email : sma1rbg@yahoo.com
TAHUN PELAJARAN 2014/2015
LEGENDA DESA SULANG

Nalika Jaman Semanten, Kabupaten Rembang salah sawijining kabupaten ingkang


makmur, adhem ayem lan tentrem. Para warga urip rukun santosa.Warga ing Kabupaten
Rembang gadhah budi pakarti ingkang andhap asor, guyup rukun lan saben warga gadhahi
sabin ingkang gemah ripah. Semanten ugi amargi kapimpin bupati ingkang gadhahi asma
Pangeran Sido Laut. Panjenenganipun salah sawijining bupati ingkang dipunayomi kaliyan
para warga Kabupaten Rembang. Panjenenganipun anggadhahi perawakan ingkang sae.
Gedhe dhuwur lan gagah prakosa.
Salah sawijining dina, Kabupaten Rembang pikantuk perkawis ingkang dadosaken
para warga adus eluh lan abang kupinge amargi musim kemarau. Dados para warga kedah
pados toya ing gunung inggih menika wonten mata air. Toya wonten jeligen lan sumur
sampun telas sedaya, bilih warga saged tetulung mara sapa bae saged mundhut toya wonten
menika. Pawarta menika kapireng dening kepala desa ingkang taksih sedulur kaliyan
Bupatinipun. Inggih menika Raden Pamot. Panjenenganipun inggih menika adhi Pangeran
Sido Laut. Panjenenganipun lapor kaliyan kangmasipun.
PSL

: Dinda...?!

GW

: Dalem kangmas...?

PSL

: Pengen kuat ngombene jamu, kangmas seneng banget nyawang raimu.

GW

: Isuk isuk pakpunge anget anget. Hihii mas sido ngguanteng sanget.
Inggih kangmas matur nuwun kula ancen ayu sakjagat ing tlatah Rembang.

(Tok.. tok.. Buka lawang)


PSL

: Mara sawah golek derkuku, ana apa kowe madhep marang aku?

RP

: Mara sawah wis bubar, Punika kangmas wonten kabar... desa Waru lan desa
Sidowayah lan desa sekitare kengeng kekeringan. Toya wonten jeligen lan
sumur sampun telas sedaya. Kados pundi, kangmas?

PSL

: Iya??? Masya Allah kenapa aku lagi krungu saiki? Aduh saakene cah
wargaku.

RP

: Susu panas disruput wae, Tenang ah mas, rasah alaee. Niki njaluke diapake ?

PSL

: Mara sekolahan ngunduh pelem. Alae alae. Alae kriwulem! Nek ngono,
angger warga dipunparingi banyu saka pemerintah. Mengko montor banyu
bakal keliling lan saben warga pikantuk banyu sakjeligen gedhe.

RP

: Ooo Inggih Kang, maturnuwun. Sendika dawuh. Kula matur kundur rumiyin.

PSL

: Kancaku kena penyakit canteng, sumangga adhi kula sing paling ganteng.

RP

: Ngumbulke layangan ngantos pentit, iyo cah masku sek bokonge njentit.

Ing daerah sebelah kidul pusat pemerintahan Kabupaten Rembang, wonten kaluwarga
cilik ingkang dados korban bencana kekeringan. Inggih menika Ibu lan satunggal putranipun
ingkang gadhahi asma Pande Solang.
Ibu

: Pande, banyu ing jeligen rupa abang iki kok wis amblas?

PD

: Ah mosok ah buk ... ?

Ibu

: Delengooo ... hoo entek !

PD

: Ooo Inggih bu, toya punika kula ginakaken nalika kula adus. Kula mambu
kringet amargi ing hutan nebang wit damar ingkang atosipun sanget.

Ibu

: Tapi kok wis bablass, trus Ibu lan kowe arep ngombe karo apa?

PD

: Nggih nggih buk. Ngapunten, kula niki badhe madosi banyu ing rembang.

Ibu

: Awan-awan udan wewe, ati-ati anakku sing mbarik dhewe.

PD

: Nggih bu udan wewe, assalamualaikum ibuku sing ayu dhewe.

Ibu

: Waalaikumsalam.

Pande Solang, piyambakipun dados pengembara banyu ing dhuwur gunung.


Saksampunipun panjenenganipun mendhet toyo, ing gang griyanipun wonten Bupati
Rembang inggih punika Pangeran Sido Laut ingkang nembe maringi toyo sakjeligen marang
salah sawijining warga ing desane. Pande Solang gadhahi rasa iri marang Bupati Rembang
menika. Panjenenganipun saged anggadhahi banyu ingkang lelimpahan senajan punika
nembe musim kemarau. Panjenenganipun lajeng marani Bupati Rembang kaliyan rasa
deksura.
PSL

: Punika Bu, toya sampun dipunparingi saking pemerintah. Para warga


Rembang boten usah khawatir. Sedaya bakal pikanthuk toya menika.

: Ooo Inggih pak, kula lan kaluwarga kula ngaturaken sembah matur nuwun
dhateng panjenengan. Mugi-mugi Bupati Rembang tansah dipunparingi
kawarasan, ampun kesupen marang wargane, lan sanesipun.

PSL

: Inggih Bu, matur nuwun sanget. Mugi-mugi warga ing Kabupaten Rembang
sansaya makmur, tatatentrem, lan sayuk rukun.

: Inggih Pak. Aamiin.

Saksampunipun Bupati Rembang maringi toya wonten saben warga Rembang, Pande
Solang dhateng ing ngajengipun Bupati Rembang.
PD

: Hei Sido Laut, piye rasane dadi Bupati Rembang? Isone mung nek ana
bencana kaya ngene lagi diwenehi banyu.

PSL

: Lhoooo karepem dewe nek ngomong, iku lak wis kewajibanku dadi Bupati
Rembang sing kudu perhatian karo rakyat sing lagi sengsara.

PD

: Mangan-mangan, ing gunung krima, kewajibanlah aku tetep ora trima. Penak
banget uripmu.

Rasa iri Pande Solang marang Bupati Rembang, damel piyambake tumindak ala
kanthi dora cara nyingkirake Pangeran Sido Laut saking tahta dados Bupati Rembang. Pande
Solang supados damel padepokan pencak silat kanthi pados kanca utawi anak buah ingkang
saged biyantu Pande Solang kangge nyingkirake Pangeran Sido Laut. Padepokan Pencak
Silat punika dipunparingi jejuluk Padepokan Sulang.
(Latihan Silat karo Anak Buah)
PD

: Numpak motor rime ra mandi, muridku kowe neng ndi ?

AB

: Menek kelapa, kelopone awe-awe. Wonten punapa guruku sing ganteng


dhewe ?

PD

: Rene tak bisiki ..

AB

: Nggih. Wonten punapa guruku ganteng ?

PD

: Aku ewangi ngajurke tahtane sido laut gelem ?

AB

: Lhoh maksute pripun pak guru ?

PD

: Aku ewangi ngalahake kekuasaane pangeran sido laut.

AB

: Ndeh? nggih boten ngonten ah pak. Menika boten sae. Dosa mangke pak.

PD

: Alah. Pokoke aku ewangi!

AB

: Nggih nggih pak guruku ganteng. Lajeng kados pundi, pak ?

PD

: Kene kene. Tak warai jurus rahasia ku..

AB

: Inggih guru.. Punika jurus punapa?

PD

: Jurus ndang ndung. Jurus iki ana ning halaman terakhir kitab song of
sabdatama karangane kasultanan hiphop solo.

AB

: Wenak. Kalipso, haha

PD

: Alah langsung wae. Deloki iki.

AB

: Owalah... Inggih guru kula sampun paham.

PD

: Ayo ayo diterusake meneh lan nek iso pamer kesaktian marang warga
Rembang

Pande Solang sansaya kepengen menawi tahta Bupati Rembang tiba ing dheweke.
Ananging pawarta yen Pande Solang badhe nyingkirake Pangeran Sido Laut sampun
kepireng ngantos Pangeran Sido Laut saking prajurit perangipun ingkang pirang-pirang dina
dipunutus kaliyan panjenenganipun dados mata-mata punapa Pande Solang damel padepokan
Sulang punika.
PSL

: Aku ora trima, din. Aku krungu yen pesilat Pande Solang arep nyingkirake
aku saka jabatan Bupati Rembang.

GW

: Sabar Pak, adinda wonten ing mriki kok....

PSL

: Iki serius din. Wong iku hawane kok jadug.

GW

: Alah pak, sak jadug jadug e wong. Diplindeske motor ndak mboten mati leh
pak.

PSL

: Alah ana-ana wae kowe iku hehehe. Terus aku kudu piye iki dek ??

GW

: Ngutus ngewangi Raden Pamot lak saget eh mas?

PSL

: Oh iya ya. Bener sampeyan dek. Dinda niki sampun ayu. Puinter sisan.

GW

: Heheh nggih ah. Garwane Pangeran Sido Laut.

Garwa Pangeran Sido Laut banjur nemoni adhi iparpun punika. Lan ngendikan bilih
panjenenganipun pikantuk utusan saking Pangeran Sido Laut kangge ngalahake kesaktian
Pande Solang. Banjur Raden Pamot rawuh dhateng Pande Solang lan ngajak adu kesaktian.
RB

: Hei, Pande Solang. Maksudmu apa gawe padepokan iki ? Arep gawe
masalah apa?

PD

: Karep-karepku apa urusanmu karo aku?

RB

: Yooos ora urus pokoke kowe ora oleh ngedekno padepokan iki. Masalah tok
wae sing mbok gawe.

PD

: Iya gene? aku arep mateni Sido Laut. Sok-sokan wong iku, peh sugeh. Sak
karepe dewe karo aku !!

RB

: Ooo Ngono, yo wes yen ngono sakdurunge kowe nyingkirake kangmasku,


coba langkahi mayatku dhisik.

PD

: Iya wani tok !!

(Adu kesaktian nganggo juruse dhewe-dhewe)


Pungkasan adu kesaktian dumadikake sedanipun Raden Pamot inggih punika
adhinipun Pangeran Sido Laut. Saksampunipun pawarta menawi adhine Pangeran Sido Laut
seda, panjenenganipun ngutus putra pupon menika ingkang kagungan asma Surgi. Surgi
dipunutus kangge ngalahake Pande Solang.
S

: Dados panjenengan ingkang asmanipun Pande Solang?

PD

: Inggih Le, ana apa? Apa kowe kongkonane Sido Laut kanggo ngalahake
aku?

: Inggih

PD

: Ora sah ngarep iso ngalahake aku. Aku iki wis mertapa ing Gua. Lan ntuk
sakti mandraguna suwine 7 dina 7 wengi.

: Ooo Mekaten, menawi ngoten panjenengan saged adu kesaktian panjenengan


kaliyan kula.

PD

: Aaa iso iso Iku sing tak karepke. Mlayu-mlayu ing panasan, metu
mbejunggul ana tuyul, Heh Surgi Ingusan, Rambutmu kuwi lho Kriwul.

: Kewan walang, ngrikiti senar, Hei Pande Solang omonganmu aja sumbar.

PD

: Para petani padha balap karung, yen awakmu wani ayo kene tarung.

(Adu Kesaktian)
Adu kesaktian punika kedadian ngantos dangu, ananging ingkang luwih sakti
mandraguna inggih punika Surgi. Lan adu kesaktian marang 2 pihak punika dimenangake
pihak Surgi. Pande Solang seda amargi disaduk Surgi lan salira saking Pande Solang mumbul
saksampunipun tiba wonten lemah. Lan separo anak buahipun Pande Solang manut kaliyan
Surgi lan ngumumake kesetiaanipun dhateng Pangeran Sido Laut aminangkani Bupati
Rembang Sepuh lan tansaya dangu padepokan kasebat dipuntetengeri dusun Sulang.

Вам также может понравиться