Вы находитесь на странице: 1из 3

BAHAN AJAR

A. Aksara Jawa (Murda, Swara, lan Rekan)


1. Aksara Murda
Aksara Murda, yaiku salah siji jinis aksara Jawa sing digunakake kanggo nulis arane papan/tlatah, jenenge wong sing dikurmati, lan arane lembaga pamrentah. Aksara Murda sing
mujudake aksara gedhe (huruf capital) saka aksara tartamtu (ora kabeh Aksara Jawa nduwe Aksara Murda). Cacahe Aksara Murda ana 8, yaiku:

&

na

ka

ta

sa

pa

nya

ga

ba

Dene pasangane Aksara Murda (aksara lan pasangane), yaiku:

@ #

$ %

&

na

ka

sa

nya

ga

ba

ta

pa

a. Carane lan Tuladhane Nulis Nganggo Aksara Murda


1) Sing ditulis nganggo Aksara Murda mung salah siji aksarane wae. Ing ngisor iki tuladhane tembung sing Aksara Murdane ana ngarep (aksara purwa). Tuladhane:
a) arane papan/tlatah

: Kedhiri @ediri

b) jenenge wong

: Sugeng

%[r
; Galih &lih
; Pare

$ug_
: Puskesmas %u[sKsMs\

c) arane lembaga pamrentah


2) Sing ditulis nganggo Aksara Murda mung salah siji aksarane wae. Ing ngisor iki tuladhane tembung sing Aksara Murdane ana mburi (aksara pungkasan). Tuladhane:
a) arane papan/tlatah

: Jakarta jk/#

[yogYk/#
; Yoga [yo&

; Yogyakarta

b) jenenge wong
: Raisa rai$
c) arane lembaga pamrentah : (golekana!)

3) Sing ditulis nganggo Aksara Murda mung salah siji aksarane wae. Ing ngisor iki tuladhane tembung sing Aksara Murdane ana tengah (aksara madya). Tuladhane:

a) arane papan/tlatah

: Jayapura jy%ur

b) jenenge wong
: Jayabaya
c) arane lembaga pamrentah : (golekana!)

jy*y

2. Aksara Swara
Aksara Swara, yaiku salah siji jinis aksara Jawa sing digunakake kanggo nulis arane papan/tlatah lan jenenge wong sing dikurmati kang aksara wiwitane aksara swara. Aksara
Swara uga dienggo nulis tembung saka basa manca. Aksara Swara ora nduweni pasangan, yen kapeksa dadi pasangan cukup nganggo aksara carakane wae. Cacahe Aksara Murda
ana 5, yaiku:

Tuladha:
a. arane papan/tlatah : Indonesia
b. jenenge wong
c. tembung manca

I[nFo[nsiyh
: Ajisaka Ajisk
: internasional InTnsi[yonl\

3. Aksara Rekan
Aksara Rekan, yaiku salah sijine jinis aksara Jawa sing digunakake kanggo nulis tembung lan jeneng manca, mligine sing asale saka basa Arab. Cacahe Aksara Rekan ana 5, yaiku:

k+ f+

p+ j+

g+

kh

f/v

gh

dz

Dene pasangane (ditulis karo aksara s), yaiku:

sK+ sF+ sP+

sJ+ sG+

kh

dz

f/v

gh

Tuladha:
a. kharomah k+[romh
b. dzikir

f+iki/
c. Fitri p+i#]i
d. zakat j+kt\
e. ghorim [g+orim\
B. Nggawe Teks Otobiografi/Autobiografi

Autobiografi utawa otobiografi iku asale tetembungane saka Basa Yunani (autos: dhewe + graphein: nulis). Otobiografi yaiku biografi utawa crita laku uripe manungsa sing
ditulis dening jejere dhewe utawa yen ing panganggone ing jagad modheren dianggit bebarengan karo panulis liyane. Ing basa Inggris tetembungan autobiografi kapisan digunakake
dening pujangga Robert Southey ing taun 1809 nanging wujude otobiografi dhewe wis ana wiwit jaman kuna. Pangripta biografi lumrahe ngandhalake maneka warna pamawas lan
dokumen, nanging otobiografi bisa didhasarake mung ing saelinge pangripta.
Tata carane nulis otobiografi meh padha karo nulis biografi, yaiku:
1. Ngumpulake informasi saakeh-akehe ngenani paraga utawa pawongan sing bakal ditulis biografi-ne.
2. Ngumpulake dhata-dhata sing sah lan bener minangka panyengkuyung. Kanthi wujud tulisan ing medhia utawa awujud poto lan vidheo.
3. Njaluk panemune wong sing ditulis biografi-ne ngenani perangan sing pengin lan ora pengin diweruhi wong liya.
4. Wiwit nulis kanthi bahan-bahan sing wis ana.
5. Rampung nulis ditliti maneh isi lan basane wis bener lan mirunggan durung kanggo diwaca.
Struktur Biografi, yaiku:
1. Orientasi, yaiku andharan sing cekak ngenani idhentitas paraga utawa pawongan. Lumrahe diisi ngenani idhentitas papan lan tanggal laire, alamat, lan uripe nalika isih cilik.
2. Kadaden lan perkara, yaiku kadaden sing wigati banget lan perkara sing tau diadhepi dening paraga utawa pawongan sing ditulis biografi-ne.
3. Reorientasi, yaiku dudutan sing isine andharan ngenani tumindak sing ditindakake maneh adheadhasar orientasi.
Titikane Biografi/Otobiografi, yaiku:
1. Ngemot kadaden sing nyata kanthi wujud gancaran.
2. Kadaden nyata kasebut adhedhasar crita uripe paraga utawa wong sing cocog lan trep kanggo dituladhani.

Вам также может понравиться