Вы находитесь на странице: 1из 5

Pidato bahasa jawa Hari Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb.


Nuwun, para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati.
Saderengipun, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti
ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita
sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged sesarengan makempal
ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini
ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang
sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar
dhumateng panjenengan sedaya.
Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos
nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita
pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti
perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita
Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya.
Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing
pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng
gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun
sami drajatipun kaliyan kaum priya.
Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan,
samenika sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting
dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden
Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.
Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan
kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya.
Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging
haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya
saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten
naming ing pawon.
Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami
nyambut damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten
kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi
makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari.
Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken
agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung
pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau
pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang
mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Pidato Ulang Tahun Bahasa Jawa


Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun panjenenganipun Bapak/Ibu.. (tiyang sepuhipun ingkang ulang taun)


ingkang kinurmatan. Bapak Ibu para tamu ingkang minulya. Kadang kula
(ingkang

ulang

tahun)

saha

kanca-kanca

ingkang

sutresna.

Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung,
ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, saengga kita saged makempal
wonten ing acara menika tanpa alangan satunggal menapa.

Para rawuh ingkang minulya, kula minangka wakil saking kanca kadang kula...
Ingkang sepisan ngaturaken sugeng tanggap warsa ingkang kaping... (umure).
Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring kawilujengan saha kasarasan. Ingkang
sregep anggenipun ngangsu kawruh, bekti dhateng tiyang sepuh, migunani
tumrep bangsa, agami, lan negari.

Salajengipun kula minangka kanca naming gadhah pangajab, mugi-mugi kanthi


tambahing yuswa, sedherek kula.. Tambah kasil anggenipun sinau, kaleksaan
sedaya ingkang dados gegayuhanipun, sregep sinau, mangertos dhateng
kuwajibanipun, tumindak ingkang sae, nyingkiri tumindak awon, tambah dewasa
ing penggalihan saengga ing tembe dadosa tiyang ingkang migunani tumrep
kulawarga lan masyarakat. Amin..

Cekap semanten ingkang dados atur kula, menawi wonten kalepataning atur lan
wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih
panjenengan sedaya, kula nyuwu agunging samodra pangaksami. Nuwun..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.


Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin
rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal
menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun

nggulawentah

dhumateng

kula

sekanca,

saengga

saged

ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing


pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha
tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged
nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji
ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula
sakanca

ingkang

mboten

mranani

penggalih

panjenengan

sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula


ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa

ingkang

boten

mranani

Wassalamualaikum Wr. Wb.

penggalih,

kula

nyuwun

pengampunten.

Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan

Salam,
Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang
satuhu kula tresnani.

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari
Pahlawan. Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya
wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun
pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu
(Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia


sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan
PBB

tumut

campur

tangah

ngengingi

peristiwa

menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan
menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10
November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan
pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten
saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani
dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat
10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari
Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge
mbela bangsa lan negari. Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa
ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten
kiranging

atur

saha

solah

bawaw

ingkang

kirang

mranani

penggalih

panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami.


Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah
ingkang Maha Kuasa. Amin..

Pidato Bahasa Jawa Sambutan Ketua Panitia

Assalamualaikum Wr. Wb.


Poro Bapak Kyai ingkang kulo mulyaken, poro Bapak Guru ingkang kulo
mulyaken, poro tamu undangan sangking wali murid soho undangan lintunipun
ingkang kulo hormati.

Hadirin sekalian ingkang kulo hormati.


Sakderenge kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke langkung
rumiyin kulo muji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring
pinten-pinten rohmat, nimat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sahinggo
kulo lan panjenengan saget makempal wonten setunggal gedung madrasah
dalam rangka Haflah Tasyakur kelas III MA Al-Hikmah 02.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.


Wonten ing mriki kulo atas nami ketua panitia acara ngaturaken matur nuwun
ingkang sak ageng-agengipun dumateng poro Bapak Kyai lan Bapak Guru, Ibu
Guru

ingkang

sampun

nyediahaken

tempat

lan

perlengkapanipun.

Lan ing mriki kulo nyuwun tambahipun barokah dongo dumateng poro hadirin
ingkang hadir ing acara niki, mugi-mugi sedoyo ilmu, bimbingan lan kerja keras
kawulo diparingi ilmu, bimbingan lan kerja keras ingkang maslahah, manfaah
lan barokah.

Poro rawuh ingkang terakhir kulo ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng Bapak
lan Ibu Wali murid selami kulo wonten ing madrasah mriki sering-sering damel
susah payahipun poro Bapak lan Ibu pramilo sedoyo kesalahan kulo dipun
aliraken samudra kemaafan lahir lan batin. Kulo akhiripun matur nuwun..
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Вам также может понравиться