Вы находитесь на странице: 1из 2

Mahabaratha

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana
sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi
Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya
nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama
kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur
peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa
iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.
Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane
durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah
iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada
kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana
liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging
isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa
ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene,
Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu
tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis
kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang
arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga
ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan
ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben
dina. Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada,
Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya.
Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe
keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang
dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita
sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik
pakartine.
Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe
sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi

sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi


Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba
rupa dadi macan. Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar,
mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi
nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa
nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan
sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri
banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan
dening jawata tumurun ing ngarcapada.
Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening
Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro,
yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu
Pandawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka. Dene Semar,
tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan
Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa.
Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi
dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja.

Вам также может понравиться