Вы находитесь на странице: 1из 1

Bismillahirrohmaanirrohim Assalaamu 'alaikum Wr. Wb. Nuwun.

Hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan. Mbok bilih Gusti Allah SWT hangganjar wilujeng ing samudayanipun, kula sebrayat badhe hanggadhahi niat ningkahaken yoga kula ingkang nami, PUTRI INDRASWARI DEVIE binti SUDARMADJI pikantuk, ANGGER DANANG WISNU DARPITO bin SUWADJININGRAT

Ugi hangajab rawuhipun para sutresna, hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit mbenjang ing,

Dinten : Minggu Kliwon Surya kaping : 19 September 2010 Wanci : tabuh 11:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun. Panggenan : Gedung Graha Bhayangkara Kabupaten PACITAN Mbok menawi panjenengan sekaliyan wonten dhanganing penggalih sarta mboten pikantuk alangan sak tunggal punapa, kula aturi anyekseni lan angrawuhi khajat lan niat kula kasebat. Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kula nelak aken agunging panuwun. Cekap semanten atur serat ulem punika. Tuhu langgeng trisno. Wassalaamu 'alaikum Wr. Wb. Atur Taklim Kula, Kulawarga Bapak lan Ibu SUDARMADJI (Pacitan) Kulawarga Bapak lan Ibu SUWADJININGRAT (Ngayogyakarta) DEVIE & DANANG

Вам также может понравиться