Вы находитесь на странице: 1из 2

Adicoro Mantenan

.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkang saestu kito nyadong lumunturing syafaat benjang wonten pakewuhipun dinten
qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus Arjuna bin Salim kalian Raden ajeng Roro Citra binti Suroso.
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:
1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Quran
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi

4. Istirahat
5. Doa-Penutup
Keparengo pranoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko waosan
basmallah,,, Bismillahhirahmanirrahim....
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci alQuran ingkang bade kaseliraaken dening Mas Anton wekdal soho panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat al Quran)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan
sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ...
,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping
sekawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken
sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatan lan amung
ngaturaken sugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyo, mboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan
kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih
puniko Mauidhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun
kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereaken lampahing roncening
adicoro wiwit awal dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah
lumebering sih samudra pangaksami.

Nama
Afif

: Muhammad Amien

Kelas

: XI IPS 1

No. Absen : 18

Вам также может понравиться