Вы находитесь на странице: 1из 1

"Kancil Nyolong Timun Pak Tani"

Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune
tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo kang seger,
Kancil dadi luwe. Amarga luwe Kancil banjur mangan timun siji-siji sampe
wetenge wareg. Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Saben dina
Kancil nyolong timune Pak Tani. Suwe-suwe Pak Tani krasa menawa timune
saya kelong sithik-sithik.
Pak Tani banjur mriksa sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis
dipriksa lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe
jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut
nangka
lan
di
pasang
ana
ing
kebon
timun.
Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, kancil kaget ana wong ing
tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu, tapi bareng krasa ora dimeloki
kancil mandeg. Kancil mara maneh. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe
amarga iku mung wong-wongan.
Kancil sing rumangsa diapusi terus ngantemake tangan tengene ing wongwongan kuwi mau, tangan tengene dadi kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur
ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga
dadi melu kelet ana ing wong-wongan. Kancil nesu rumangsa di cekel karo
wong-wongan, banjur nyepak sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wongwongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek
raket ana ing wong-wongane Pak Tani.
Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket
ana ing wong-wongane .Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani. Ing jero
kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani lan
ditakoni ngapa kancil kok onok neng kandhang. Kancil banjur cerita manawa
deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik
kuwi
mau
rumangsa
srei
lan
nesu.
Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake ulahe, Kancil nawani apa Kirik
gelem nggenteni ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik
seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani
kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banjur nguculi Kancil
saka jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.
Kancil banjur mlayu, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange
Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya.Ing kandhang , Kirik ngenteni karo
ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani.
Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero
kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing
jero kandhang kuwi mau sampek tatu kabeh.
Tamat

Вам также может понравиться