Вы находитесь на странице: 1из 1

Nama : - Zahwa Destriyana

- Oktaviana Nur R.
- Gilang Untara
Kelas : 7 C

ASAL USUL DESA PECUNG

Menurut sejarah Babad Tanah Cirebon, waktos Embah Kuwu Cerbon lan
Syekh Syarif Hidayatullah negerencanaaken bade ngeislamaken Raja Galuh,
dados nugasaken Ratu Mas kangge ngajak Raja Galuh mlebet agama Islam.
Singkat cerita, Ratu Mas kesah sareng prajurit teng Galuh, sareng penuh
rasa hormat Ratu Mas ngajak Raja Galuh ngangge meluk agama Islam, tapi Raja
Galuh nepsu, malah merintahaken prajurite ngangge ngusir saking istana
kerajaan Galuh. Teras terjadi perang tanding sing mboten seimbang. Utusan
saking Cerbone kalah lan Ratu Mas dibalangaken sampe tiba posisie dodok atau
Deprok, makae sampe saniki kampung tempat kejadiane disebut kampung Depok
atau dikenal sareng namie Depok. Sambil mlampah teng arah kaler, Ratu Mas
mikirpripun carae supados saged ngalahaken Raja Galuh.
Waktos Ratu Mas siweg istirahat teng suatu tempat (Karang Mas),
ngedadak wonten tiang jaler sepuh teng ajengane (Embah Kuwu Sangkan) lan
pepajar: Wis Cung sampun ngelamunlamun pengen ngalahaken Raja Galuh,
kudu ngerubah wujude dados tiang istri sing ayu, sebab Raja Galuh seneng pisan
sareng tiang istri sing ayu teras kudu bisa ngerayu. Lamun Raja Galuh lengah
maka dipendet kendaga sing isie jimat, patung, sawer, emas ngangge jimat
andalan niku. Nah, makae tempat niku saniki disebut Pecung yaiku asal
saking kata Kacung

Вам также может понравиться