Вы находитесь на странице: 1из 2

Teks pembawa acara,,dalam rangka memperingati maulid nabi muhammad saw

PEMBUKAAN
Assalaamu’alaikum WR.WB

Dumateng Ibu Camat Kejobong, Ibu Dra.Idayanti beserto muspikanipun ingkang kawulo hormati,
Dumateng Bp.Kepala Desa Krenceng Bpk drs.Tobari lan saperangkatipun ingkang kawulo hormati
Dumateng panjenenganipun Bp. Kyai Sidik saking Situwangi Banjarnegara ingkang kito ajeng-ajeng
fatwa soho barokahipun
Dumateng Sesepuh pinisepuh, Poro alim ulama, muslimin wal muslimat ingkang insya allah dipun
mulyaaken dening allah SWT ingkang kawulo hormati.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng
Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo ing ndalu meniko kito saged angrawuih
Adicara Pengaosan Maulid Nabi Agung Muhammad SAW.

Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng nabi junjungan kito nani agung
Muhammad SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah.

PEMBACAAN AGENDA
Sakderengipun acoro dipun wiwiti, Kulo bade maosakaen runtutaning adicoro ing ndalu puniko
1. Sepindah PAMBUKO
2. Kapeng kalihipun Waosan Ayat Suci Al-Qur'an
3. Kapeng Tigo sambutan-sambutan
4. Kapeng sekawan inti pengaosan
5. Kapeng akhir panutup

1.PEMBUKAAN
Bapak Ibu Hadhirin Hadhirot engkang minulyo,adicoro sepindah inggih puniko: pambuko, monggo
adicoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan UMMUL KITAB Li Ridoillah
walisyafa'ati rosullillah Al-Fatihah...............
2.PEMBACAAN AL- QUR'AN
Bpk ibu hadirin hadiroh angkang minulyo..adicoro kaping kalih inggih puniko waosan ayat suci al
Qur'an..dumateng bapak akhmad mujianto kawulo sumonggoaken...

3.MEMPERSILAHKAN SAMBUTAN / MENGISI PENGAJIAN [ucapan


terima kasih]
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, adicoro kaping tigo inggih puniko sambutan.
Sambutan engkang sepindah sangking Ketua Panitia Pengaosan. Dumateng sdr.indra kawulo
sumanggaaken …
Sambutan kaping kalih iggih puniko saking Bp.Kepala desa Krenceng, Dumateng Bapak Tobari
kawulo sumonggoaken.........Sambutan kaping tigo inggih puniko saking Camat Kejobong Dumateng
Ibu Dra.Idayanti {utawi ingkang mewakili,}kawulo sumonggoaken.....

SKORS ACARA
Bapak Ibu ingkang kawulo hormati adicoro sakwetoro dipun skors....
Dumateng grup rebana ASHARUN NADZIROH dipun sumonggoaken.......

4.INTI PRNGAJIAN
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, adicoro kaping sekawan inggih puniko inti pengaosan kalian doa
penutup, ingkang dipun asto dening panjenenganipun Bp. Kyai Sidik saking Situwangi Banjarnegara .

Bapak Ibu Hadirin/Hadhirot Rokhimakumulloh, mekaten wau pengaosan ing ndalu puniko. Mugi-mugi
kito saged mendet hikmah lan nglaksanaaken punopo engkang sampun dados aturipun Bapak Kyai.

5.PENUTUP
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, adicoro ingkang pungkasan inggih puniko PENUTUP. Sak
derengipun acoro ing ndalu puniko kito tutup, kulo ing mriki sak dangunipun ndereaken acoro ing
ndalu puniko kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.
Monggo acoro ing ndalu puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos
khamdalah...ALHAMDULILLAHIROBIL 'ALAMIN....

Wabillahi taufik wal hidayah Wassalaamu’Alaikum WR-WB

Вам также может понравиться