Вы находитесь на странице: 1из 4

KUKUS MAUT NANG PALANGKARAYA

Asma tokoh :
1. Andra Aulia R. : Wit lan kukus
2. Euis Rosita A. : RP 1 ( Rakyat Palangkaraya)
3. Muhamad Abas A.H : RP 4 ( Rakyat Palangkaraya )
4. Haerul Nazar : Sing ngobong
5. Ika rahmawati K. : Cucu
6. Linda R. : Eyang
7. Vina Veliana : RP 3 ( Rakyat Palangkaraya )
8. Nezlha A. : RP 2 ( Rakyat Palangkaraya )

Di ceritaken ana wong gagah perkasa sing arep mbakar wit nang alas
Palangkaraya. Rakyat Palangkaraya watuk amarga ana kukus. Ana cucu karo
eyang sing pangarep supaya Palangkaraya bisa ucul karo kahanane siki.
Kepripun critane langsung meng TKP

Tokoh mlebu maring panggung. Sawis lima detik RP 1 nembang desaku


yang kucinta bareng karo sing ngobong ora freeze maning.

Sing ngobong : ( sawise ora freeze langsung mbakar wit ) karangan sing
amba kie karo potensi alam sing akeh,apa bae arep aku lakoni. Masyarakat
nang kene bodo. Nek kaya kie kepriwe Palangkaraya bisa maju..( bar mbakar
langsung freeze )

Wit langsung kepanasan amarga ke obong mau.

Wit : aaaaaaaaaa( kepanasan lan soek klambi sing di enggo nang wit mau )

RP 1 freeze maning, lan mulai kukus metokna glepung meng RP 1,2,3,4.


Sawise iku RP 1,2,3,4 pada watuk amarga kukus mau.

RP 3 : ( watuk ) nangapa kukus kie teka maning , taun wingi dhewek wis
pernah ngrasakna kukus sing kaya kie, nangapa..
RP 2 : ( watuk ) uwis kukus kie wis dadi bagian kang musim panas

RP 4 : jare kowe uwis.. dhewek ora bisa urip kaya kie

RP 2 : trus,dhewek arep nyalahna sapa ?

RP 3 : langka sing salah, wis kang kanane Palangkaraya iku kena kukus kaya
kie.. indonesia lan dhewek rakyat indonesia kur bisa nangis tok..

RP 1 : apa dhewek kudu pindah panggonan ?

RP 4 : wong kere kaya dhewek pindah ?? Palangkaraya kuwi nggone dhewek,


masa dhewek kalah karo kukus kie

RP 1 : pangarep aku Palangkaraya kie bisa bisa subur kaya jaman bien
maning..

Bar kue RP 1,2,3,4 freeze maning, kukus ngewerna glepung meng eyang karo
cucune.

Eyang : ( watuk) cu kang ndi kukus kie tekan ?

Cucu : mboten ngertos yang, mboten ngertos..

Eyang : kahananmu sing agi mriang kaya kie, pangarep eyang koe aja
kepengaruh cu

Cucu : mugo mugo nggih yang..

Eyang : ( njiot kompresan lan di tempelaken meng cucune )

Bar kue eyang karo cucune freeze maning


Sing ngobong : ora perlu wektu sue, karangan kie bisa ke obong. Angger siap
nandur sawit berarti siap panen duit hahaha ( balik meng panggonan lan
freeze maning )

Cucu: ( watuk lan sesek napas ) yang kula mboten saged napas yang

Eyang : sabar cu kukus kie arep ilang, eyang langka duit nggo tuku obat.
( nutup kaca) kaca wis di tutup cu, sing kuat cu ( freeze )

Kukus ngewerna glepung meng RP 1,2,3,4 lan sing ngobong, kabeh pada
sesek napas

RP 2 : aku wis ora kuat karo kukus kie..

RP 1,2,3,4 lan sing ngobong sesek napas lan mati

Kukus ngwerna glepung meng eyang lan cucune

Cucu : yang aku sampun mboten kuat malih..

Eyang : sing kuat cu,, sing kuat

Cucu : ya allah matur nuwun amarga kula bisa urip teng dunya iki, tulung jaga
lemah indonesia iki, kukus sampun bisa nggawe kula sadar artine urip, ya
allah angger panjenengan nyabut nyawa kula mugo mugo kula mati teng
dalan sing bener aminn..

Eyang : cu..cucucu. ( nangis sawise iku njiot banyu wudhu lan sholat,
sawise sholat doa langka suara lan mati )

Kukus nangis lan brubah dadi wit maning, itungan lima detik rampung

TAMAT

Вам также может понравиться