Вы находитесь на странице: 1из 8

Suminten dudu Siti Nurbaya

Para pemain drama pertunjukkan untuk acara 17 agustus 2016 :

Eka S : dadi uong arab sing mesti ono ning setiap cerito.. ha ha ha
Rohmat : dadi tedjo,,pemuda/mahasiswa sing seneng minten (desi)
Desi : dadi minten,,pemudi/mahasiswi sing podho senenge karo tedjo (rohmat)
Evita : NARATOR sing moco alur cerita
Harun : banci sing ganggu tedjo lan minten pacaran (nabila)
Pras : bendot
Della : ibune minten
Erfan : romone minten
Aldi : preman sing di kongkon bendot/anak buahe bendot
Yudha : sugeng (koncone tedjo)
Rita : jumilah (koncone minten)

Kaceritan ing desa gedongan lor urip bocah lenang sing jenenge tedjo.. Tedjo nyenengi bocah
prawan asmane suminten,suminten anake romo lan ibune. Tedjo bingung wong wedok sng di
tresnani kui okeh sing ngoyak. (tedjo munggah panggung,nyanyi karo gowo gitar yen ing tawang
ono lintang

TEDJO : wah mumet tenan ndhasku,mikir wong wedok 1 tapi sng ngoyak-ngoyak bedes sak
haragadak.. pie yo ??

(sugeng mlebu koncone tedjo)

SUGENG : walah jo jo,ngopo koe ki jo jo,,lagu mu marai ke piseng,sakjane koe ki ngopo tto ? ono
masalah opo,critoo ??

TEDJO : ngene lho dhab,,koe ki lakyo ngerti to ket biyen ki aku tresno banget karo suminten,tapi ki
mesti ono wae alangane

SUGENG : nek tak delok2 suminten ki yo tresno karo koe,tp koe wae sng goblok,,tresno karo uong
ning kok ora mbok omongne langsung ng suminten

TEDJO : lha nek kiro2 ngono parani wae po pie suminten,ning kancani aku ngomong nk aku tresno
karo minten yo sug

(cah loro mudun seko panggung)(ketemu suminten ng omahe jumilah lg jagongan lan petan karo
jumilah)

JUMILAH : ten iki sakjane tumo opo watuanten to,,kok gedhe trus ono tulisane dilarang mancing,,
hahahaha

MINTEN : aauukkkk ahhhhh,, pusing pala minten


JUMILAH : pusing ngopo ??

MINTEN : aku ki ng deso kene kok ketoke di oyak2 karo wong lenang terus yo ??

JUMILAH : lha koe ki sakjane tresnane karo sopo jhe ???

MINTEN : yo karo mamas tedjo,,lhawong gayane koyo si Boy nggon anak jalanan kae kok

(musik... tedjo kr sugeng munggah panggung)

SUGENG : aahhh peneran koe karo minten ng kene jum

JUMILAH : lha enek opo to mas ??

SUGENG : iki ki si tedjo arep ngomong penting karo suminten,,masalah hatie jum

JUMILAH : oallahh,,yyowes lek ngomong,aku tak nerus ke leh gawe tape

SUGENG : koe lek ngomong jo,rugi le ngleleng kok rawani ngomong,,wes aku tak semingkir ,ben koe
berduaan,,mantab mantab torr

(di iringi lagu tentang cinta)

MINTEN : ono opo mamas,kok sajake penting ??

TEDJO : eeemmm,,dadi ngene lho dedek,nganuu,aku ki sakjane nganu

MINTEN : nganu mu ngopo mamas ??,nek ngomong ki mbok seng jelas,bar keselak coro (kecoa) po
???

TEDJO : aahhh koe ki nk ngomong waton bener je dek,marai ati ku tambah uluhhuluhh.. langsung
wae yo dek,sakjane aku ki tresno karo koe kat biyen

MINTEN : ngopo kok lagi ngomong saiki mamas,,sakjane aku ki yo tresno banget karo
sampeyan,,nanging sampeyan ora lek ngomong karo aku,padahal aku ki ngenteni lho mas.. ngerti
nggak ssiihhhh

TEDJO : wokkeee,,langsung jadian wae dek adewe,,ben koyok neng tipi2

MINTEN : cappcuss to mamas ,,aku tak bali sek,ndhak di golek ii romo

TEDJO : enggeh dedek,ati ati,,di terke ora ??,rasah wae yo,,mamas kesel jee hahahaha.

MINTEN : enggeh mamas,,jangan nakal ya,inget masih ada aku lho mamas

(tedjo lan minten mudun panggung,,minten muleh wes di tunggu romo kalian ibune ng omah)

ROMO : bar blayang ko ndi wae ndhuk cah ayu ???,kok yahene lagi midak omah ?

MINTEN : ora seko ngendi2 kok romo,kulo wau mung ten omahe juminten

ROMO : tenane? Ngopo neng omahe juminten? Ora aneh aneh to?
MINTEN : ngewangi bungkusi tape romooo ,gak percayaan banget sih romo

ROMO : YO bukane romo ki ra percoyo minten,soale cah nom saiki pamite sinau jebul malah
dolan,ajar dadi cabe-cabean

IBU : hhusss,,romo ki ngomong opo to,,karo anake kok ngono kui,aku dadi tersinggung lho romo

MINTEN : romo lan ibu,kulo badhe ngaso rumiyin,,nyuwun sewu romo

ROMO : yo kono,,jolali tangi lho nten minten

(minten mlebu kamar,,romo kalian ibu jagongan bahas perjodohan minten karo bendot)

IBU : romo,iki pie tentang perjodohane minten kalian bendot ???

ROMO : wo yo tetep lanjut to bu ,,mosok wes kadung mucuk2 malah batal,mau taruh dimana muka
romo bu ??

IBU : yo di taruh pada tempatnya to romo,,mosok rai arep di seleh dingkel pawon

ROMO : nek ra niat nyauri rasah nyauri bu,tiwas marai howo

IBU : wes romo kembali ke benang merah meneh

ROMO : salahe sampeyan ki yo malah ngejak rusuh bu

(bendot teko)

BENDOT : assallamuallaikum wr. Wb romo lan ibu

IBU : waallaikumssallam wr. Wb,,eh eh eh den baguse teko

BENDOT : aahhh ibu nek ngomong,ojo ngono to bu,,ngko ndhak aku tresno sampeyan

ROMO : heehh gonku kuwi lee, wes kono bu gawekke wedang calon mantumu iki

(ibu mudun panggung/gawe wedang)

BENDOT : ngapunten romo,,aahh romo kok repot2 to,niki lg jagongan nopo to romo kok ketoe
gayeng dan seru beud

ROMO : hallahh wong yo biasane koe ki ngrepoti kok ndot,,iki lho le cah bagus rene lungguh kene
tak critani rondho2 anyaran

BENDOT : mbok yo sing tenanan to romo,,aku ki lagi serius je,malah di jak curhat

ROMO : iki mai ki aku kr ibu lg bahas tentang pernikahanmu karo minten le

BENDOT : oallah,tak kiro crito opo je romo,,lha trus pripun romo??

ROMO : yo nk aku karo ibuk ki setuju koe rabi karo minten,,nanging si mintene sng koyo ra gelem..
dek bendot,opo koe tau ngerti si minten mlaku karo tedjo ora ???
BENDOT : oallahh,,enggeh romo,kulo wingi ngerti minten kalian tedjo lagi mlaku2 mubeng deso,,hati
ini sakit romo saat melihat mereka berdua

ROMO : kurang ganteng si tedjo,kuwanen nggondol anakku ra ngomong2

BENDOT : lha trus nk ngomong jenengan ijini romo ??

ROMO : RRAAKKKK!!!!

BENDOT : tak kiro je romo,,trus pripun romo,kapan akad nikahe di langsungaken ???

ROMO : yo sak cepete ndot,,ben si tedjo ki ra nyeraki minten meneh,aku wes jenes nyawang rupane
tedjo

BENDOT : enggeh romo,kulo tumut mawon,,nggeh pun kulo badhe pamit wangsul riyin,binjing kulo
mriki malih jam 10an sisan gowo seseraha nggo ngrabi minten,sisan ngundhang penghulu romo

ROMO : lhoh kok kesusu wae to le,,kae ibuk ki wes kadung gawe wedang jhe

BENDOT : enggeh romo matur nuwun,,soale niki kulo nggeh gadhah gawean wonten griyo jhe

ROMO : hallah pengangguran we sok sibuk,,yyowes kono ati2 jolali sesok moro lho ngger

BENDOT : hahahaha calon morotuoku iki cen gokil tenan,,enggeh romo siap,salam gae ibu lan
minten nggeh romo,assallamuallaikum wr. Wb

ROMO : iyo le,wes to tenang no pikirmu.. waallaikumsallam wr. wb

(bendot mudun panggung,,ibu munggah panggung karo gowo wedang

IBU : lhoh lha bendot ng ndi pak,,kok mak plencing langsung ngilang,jane uong barang alus

ROMO : koe ki bu nk ngomong waton clekop,,jane kui ki lambe opo kelek,bendot yyowis mulih salah
e koe gawe wedang karo bertapa

IBU : yo kan ben spesial to romo,,dadi leh gawe wedang ki kudu di hayati sek,,ora kemrungsung wae

ROMO : bu aku tak omong

IBU : omong opo romo ??

ROMO : aku tak ng wc iki wedange entek no dewe yo

IBU : wo wong ra waras

(bapak mudun panggung,ibu mlaku marani minten ng kamare minten)

IBU : ten minten ??

MINTEN : dalem bu,,langsung mlebet mawon bu

IBU : jare ngaso ten,,kok malah metekes ng pojokan


MINTEN : kulo galau e bu

IBU : galau ngopo to ten,,jaman saiki ra usum galau2an ki,wes to saiki ngedem pikirmu sek,nek wes
siap manteb lek rabi karo bendot dang di ciak dupak

MINTEN : kulo mboten tresno bu kalih mas bendot,,kulo tresno ne namung kalih mas tedjo,kulo
emoh rabi nk ora karo mas tedjo,,cintaku hanya untuk mas tedjoseorang bu bukan yang lain

IBU: opo to sng iso di banggakke seko tedjo,,cah kere koyo ngono kok,,trus sesok nk koe karo tedjo
arep di pakani opo ?? ramban ???

MINTEN: pokoke tetep mas tedjo bu,titik

IBU : hhoallahh di kandani wong tuo kok ra manut,iki ki nggo apike koe sesok ten

MINTEN : cinta itu tdk bisa di paksakan ibu

IBU : hhallahh malah tadarus opo koe ten minten,,yyowes ibu tak masak sek

MINTEN : enggeh bu,,kulo nggeh badhe sare rumiyin

(ibu mudun panggung,,minten turu mlungker),,(sore ne pas minten wes tangi,minten meneng2
metu ko omah nemoni mamas tedjo ng omahe tedjo)

MINTEN : mas ?,mamas tedjo ?? (tedjo nyaut trus metu omah)

TEDJO : dalem,sopo yo ??? (tedjo buka lawang),oallah dedex minten to tak kiro uong jhe dex

MINTEN : lha trus opo to mas nek udu uong ??,barang alus (karo mrengut)

TEDJO : ora2 dex,,mamas mung guyon,koyo ra ngerti aku wae,aku kan orangnya humoris,,ono opo
dex kok sajake kesusu,mesti penting ??

MINTEN : enggeh mas,,ngene lho mas,aku arep ngomong kr sampeyan nek aku sesok bakal di
jodohke karo kang bendot (minten ngomong karo mbrebes mili)

TEDJO : opo dex ?,koe arep di jodohke karo bendot,,wong tuo elek,sing rupane koyo kijing kae
???,emoh dex,aku ora lilo nek sampeyan rabi karo jenglot

MINTEN : aku yyo emoh mas,tresnoku mng karo sampeyan ora karo liyane,,tapi iki romo kalian ibu
mas sing ngongkon aku rabi karo kang bendot

TEDJO : ayo dek melu aku,,ojo ngobrol ng kene

(minten di jak tedjo mlaku2 sisan bahas perjodohane minten)

TEDJO : terus pie dex,nk sampeyan di jodoh ke karo bendot kae ??,mamas jan ra tego nk sampeyan
rabi karo bendot,,mamas tresno tenan karo sampeyan

MINTEN : aku yo wegah mas sakjane,nanging aku di pekso karo romo lan ibu,,sampeyan kan ngerti
to mas romo lan ibu ki pie wonge
TEDJO : eemmm,,ngene wae dek,nk sampeyan gelem,sesok pas hari H ne sampeyan,sampeyan
macako dadi wong edhan,ben bendot rasido ngrabeni sampeyan

MINTEN : mosok yo dadi wong edhan mas ??,raono cara liyane to mas ???

TEDJO : cara sng paling mantab thorr yyo mung kui dhek,pie sampeyan gelem ra dex ???

MINTEN : yyowes mas rapopo,aku gelem sing penting aku rasido rabi karo kang bendot

(pas minten karro tedjo lagi serius ngobrol,ngerti2 di ganggu karo banci)

NABILA : misi om ganteng dan tante,,eemm eke boleh nyanyi kan ??,spesial buat om yg ganteng ini

MINTEN : sopo to koe,,ganggu wae,celuk2 om ganteng,,ojo macem2 iki pacarku

TEDJO : ses niki jenenge sopo ???

NABILA : oohh iyo,,kenalin nama eke Nabila,,nama panjange nabila himinzaliq

(tedjo karo minten guyu cekakakan,trus banci nyanyi nganti rampung trus banci ngaleh tanpo di
bayar)

MINTEN : banci koyo ngono kok yo isih di budayakan.. mas aku tak mulih sik yo,ngko ndhak di
goleki romo,,soale aku mau ora ngomong nk arep metu

TEDJO : hahahaha,hoo yo dek.. eallahh enggeh dek,ati2 yo dex,,mamass tresno tenan marang
sliramu

MINTEN : enggeh mamas sayang,,assallamuallaikum mamas

TEDJO : waallaikumsallam dedex cinta

(minten mulih trus turu),(pas tedjo lagi mlaku mulih,,neng dalan tedjo di cegat preman
kongkonane bendot)

PREMAN : hehh koe sng jenenge tedjo ??

(tedjo kaget mergo di parani uong ra dikenal pacakane sangar)

TEDJO : enggeh mas,lha pripun to ??

PREMAN : nek koe pengen slamet,,koe kudu ninggalne minten,mergone minten arep rabi karo bos
bendot

TEDJO : lhoh ngapuntene mas,,oraiso ngono,aku tresno karo minten,,rabakal ono sing iso misahke
aku karo minten

PREMAN : dadi koe ragelem,,podho wae koe setor nyowo,yyowes rasah kakean
ukoro,sssssiiiikkkkkkkkkkkkaaaaaaaaattttttttt
(bendot di antemi karo preman mau karo bengok tolong2 tp raono sng krungu,tedjo di antemi
nganti babak bundhas)(ganti dino si bendot teko ng ngomahe minten karo gowo seserahan nggo
ngrabi minten)

BENDOT : assallamuallaikum wr. Wb

(bendot wes di sambut karo wong tuane minten)

ROMO : waallaikum sallam wr. Wb,,weh weh wehh gantenge calon mantuku,pie ngger we siap to
??

BENDOT : aahh romo ki malah ngopo,,allhamdulillah wes siap lair batin romo,,oohh iyo,lha mintene
pundi romo ??

ROMO : yo syukur nk wes siap,,ono,kae glo minten lagi macak ng kamar,bu tolong celukke minten
yo,omongke nek tedjo wes tekan kene

IBU : ngongkon ?? (ibu mlebu omah marani minten)

ROMO : jan nk di kongkon bojone ki kok malah atos ukorone,,bar mangan aspal po pie mau ??,,eee
monggo dek bendot,mlebu omah sik,jagongan ng jero sisan ngenteni minten

BENDOT : enggeh romo maturnuwun (bendot kalian rombongane mlebu omah),(ngerti2 ono suoro
wong jerit2 seko kamare minten,,ibu kaget delok minten)

IBU : romo,romo,minten romo ??(ibu karo nangis,,trus romo marani ibu ng kamare minten)

(romo kaget delok minten dadi wong edhannnguyu2 dewe,trua nangis2 dewe)

ROMO : minten,koe ngopo nduk,koe kesambet opo kok iso dadi koyo ngene ??,iki mau pie to bu kok
iso dadi koyo ngene ??

IBU : aku yo ra ngerti romo,,pas ibu tekan kamare minten,minten wes dadi koyo ngene (bendot
marani romo lan ibu ng kamare minten)

BENDOT : ono opo romo,,minten kenopo ??/

ROMO : ora ngerti dek bendot,,ngerti2 minten koyo ngene,koyo wong edhan
BENDOT : edhan ???? (bendot kaget ndelok minten koyo ngono banjur muring2),,ora mungkin nk
minten koyo ngene,,aku emoh rabi karo wong edhan,pernikahan ini batal romo

(bendot trus lungo ninggalne minten lan keluargane karo nesu2)(romo lan ibu isih ra nyongko nk
minten bakale dadi koyo ngene)

IBU : minten,koe ngopo nduk kok iso dadi koyo ngene,,ngomongo nduk (karo nangis)

MINTEN : mas tedjo aku tresno marang sampeyan,,ayo mas rabi karo aku (minten bengok2 nyeluki
tedjo)(romo lan ibu trus trenyuh lan ngongkon uong kon nyeluk tedjo)(tedjo moro ng ngomahe
minten dalam kondisi babak belur)

TEDJO : assallamuallaikum romo,ibu,,wonten nopo kok kulo di panggil mriki ??


ROMO : waallaikumssallam,,ngene lho le,kae minten ki dadi koyo ngono,,sopo ngerti nk koe iso
nambani minten

TEDJO : enggeh romo,kulo jajale rumiyin (tedjo mlaku marani minten lan minten di peluk kro di
takoni)

TEDJO : dek minten,,sampeyan kenopo kok iso koyo ngene ??,aku tresno karo sampeyan

(minten nangis,ngerti tedjo babak bundhas)

MINTEN : mas tedjo,sampeyan ngopo kok iso bundhas ngene,,sampeyan ngopo mas ???(karo
nangis)

TEDJO : dadi ngene dex membengi pas aku arep mulihh,,aku di kroyo karo preman kongkonane
bendot dex,tp allhamdulillah aku rapopo dex

(romo lan ibu kaget ngerti minten brubah dadi waras menehkaro ngerti nk tedjo di antemi karo
preman kongkonane bendot)

ROMO : opo ??,bendot sing wis gawe koyo ngene ???ncen dudu menungso wong kae,,wiss
yyoben,rasah di gagas ngko lakyo mati2 dewe

IBU : dek tedjo,,nek sampeyan pancen tresno tenan karo minten,sampeyan gelem dadi garwone
minten ??,soale ndhak mubadzir acarane,penghulu yyowes ngenteni kat mau

TEDJO : enggeh romo,iki kabeh ulahe bendot.. enggeh ibu,kulo purun dadi suamine minten,kulo
tresno temenan kalih minten

(acara nikahan dilanjut,,akhire minten lan tedjo oleh resstu ko wong tuane minten,minten karo
tedjo banjur rabi DAN MEREKA PUN HIDUP BAHAGIA)

TAMAT

Вам также может понравиться