Вы находитесь на странице: 1из 7

ADAT PERNIKAHAN

PANGGIH JAWA

Disusun Oleh :
1. Ati Winda Sundari
2. Marlina Sri Astuti
3. Dian Sari
4. Tyas Silvia Yanti
5. Wisnu Aji
6. Wiyangga
7. M. Alfaruq U.B
Kelas : XI IPS 2

SMA NEGERI 1 BULAKAMBA


TAHUN 2017 / 2018
Panggih (Temuning Penganten)

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang
mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuan yaiku
kanggo ngusir roh jahat. Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub, manten wadon
methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake manten wadon) disamplukake
manten lanang, banjur dibuwang ing prapatan utawa pratelon sing cedhak. Sawise iku pengantn
putri ketemu (panggih) karo pengantn kakung kanggo nerusak upacara: balang suruh, Wiji
dadi (ngidhak tigan), Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan
Sungkeman.

Banjur ana rerangkening upacara panggih yaiku :


Balang-balangan gantal / suruh.

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antaran
pengantn kakung lan putri. Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe putih
kanggo baling-balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing
wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-
balangan mbaka siji. Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging
rasane padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane.
Sedhah utawa suruh dilinting, ditaleni lawe wenang. Cacahe loro, kanggo balnagan penga
nten sarimbit. Balanagane penganten puri diarani gondhang kasih, balnagane penganten kakung
diarani gondhang tulur. Suruh dipilih sing gathuk rose. Balangan suruh iki mralambangi :
a) Suruh yen dideleng beda rupa lumah lan kurebe, nanging yen digeget pada
rasane, senajan sing siji kakung, sing liyane putri , ananging yen wis manungga
tekade, bisa manunggal cipta, rasa lan karsane, pinasthi jatu kramane.
b) Marga ditaleni lawe wenang warna putih, minagka pengarep-arep muga sawise ditaleni
ing akrami, dadiya paningset anggone mbangun bebrayan, ora nalisir saka angger-
anggering kautaman.
c) Dipilih suruh kan temu rose, mengku werdi supaya penganten sarimbit manungal lair batine
tansah ngudi nyawiji, nyirik tumindak kang marakake
sulaya kasembadan sedyane lestari kang tansah kaesthi.
Wiji Dadi ( ngidhak tigan)

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantn putri misuhi/ngresiki
sikil/ampeyan pengantn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang
sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane. Antiga utawa endhog
pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan
manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang
bakal mbabarake turun.
Endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti pecah, tegese anggone mbangun
bebrayan bisa mecah (misah) saka tanggunng jawabe wong
tuwa,bisa urip mandhireng pribadi. Sawise penganten kakung ngidak endhog ayam
nganti pecah, penganten putri enggal anjengu (ndhodhok) nyembah
penganten kakung lan enggal mijiki samparane nganggo banyu kembang setaman sing ana ing
bokor. Iku minangka pralambang ngilangake sesuker, muga anggone urip mbangu
bebrayan bisa dadi tuladha. Wanita wajib bekti
marang sing kakung. Sing kakung wajib ngregani bektine sing putri, mula
nuntun ngajak sing putri ngadek jajar.
Pupuk

Ibu pengantn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas
nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantn sak
kloron wis tinampa dadi kulawarga.
Timbang

Pinangantn sak kloron lungguh ing pangkonan bapak pengantn putri, minangka
perlambang katresnan wong tuwa marang anak padha karo mantu.
Dhahar Klimah

Pengantn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantn kekalih arep


urip susah lan seneng kanthi bebarengan.Sing lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan,
mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani ing piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-
sethithik) disawang sing lanang. Werdine: ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
Panganten sakloron padha dene ndulang, cukup sega putih wae. Sawise dulangan
banjur lawuhane didokok ing piring sing isi sega, banjur piring
wadhah lawuhan ditangkebake ing piring isi sega. Iku diarani gambuhan, pralambang
bisa tumangkeb manunggal sih tresnane penganten kakung putri
jumbuh kaya sing digayuh, sembada sing disedya.
Sabubare adicara dulangan isih ana adat kang ditindhakake maning yaiku ngombe rucuh uta
wa rujak degan. Diwiwiti deneng penganten kakung banjur penganten
putri sumusul. Degan kang dirujak becike degan saka wit klapa sing nembe
awoh sapisanan, diarani degan klapa wala. Iku mralambangi kekudangane para sepuh, muga-
muga penganten enggal kaparingan momongan, lan uga digadhang-gadhang bisa penganten
nguwohaken kautaman sing bisa dituladha dening bebrayan agung.
Mertui
Wong tuwane pengantn putri methuk wong tuwan pengantn kakung ing ngarep omah lan
bebarengan tindak menyang acara resepsi.

Sungkeman

Pinangantn sak kloron sungkem nyuwun pangstu marang wong tuwa kekalih. Manten
lanang lan wadon urut-urutan sungkem marang bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib
bekti marang wong tuwa lan mara tuwa.
Mijiki Sikil

Manten wadon mijiki manten lanang nganggo banyu setaman sing diwadhahi bokor utawa
pengaron cilik. Werdine: wong wadon setya bekti marang sing lanang.
Kanthen Asta
Yen ana wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa kebo) banjur lagi kanthen
asta(gandhengan) nganggo jenthik tangan kiwa (lanang) lan jenthik tangan tengenn resmi dadi
pasangane lan banjur bebarengan nyanggemi kewajiban

Tampa Kaya (Kacar-kucur)

Tekan dhamparing panganten, manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe neng pangkone
manten wadon. Werdine : wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo
kabutuhane bale wisma. Penganten kakung
jumeneng ngasta tilam lampus (klasa bangka),isine dhuwit receh(dhuwit logam)
dicampuri beras lan ketan disuntek ing pangkoning penganten putri. Adat kacar-kucur mengku
pralambang jejibahane penganten kakung, wajib
tanggung jawab marang bojone, guna kaya (nafkah) asiling pakartine dipasrahake marang bojone
. Mangkono uga sig putri duwe tanggung jawab nyukup-
nyukupake utawa ngiguhake supaya murakabi sekabehane.

Вам также может понравиться