Вы находитесь на странице: 1из 2

Donga Bocah Piatu

Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu Sing mati kaliren ing pinggir dalan
Mati kaku merga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
Iki jaman mardika.
Pembangunan ginelar kanggo kamulyan para kawula (nanging apa urip cukup wareg mangan
sesorah Sedheng para peprimjen isih pating slarah)

Gusti, upama aku entuk blaka


Wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
Senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
Pembangunan dadi progam kapisan, kamakuran
Janji manis saka kabeh pengendhali lis pemerintahan
nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?

Gusti, najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang


Menyang endi kudu nglabuhake kasurange nasib
Kamakmuran iki panggah angel diranggeh
Sagagang kembang cempaka uga wis kadhung alum
Sadurunge kober daksawurake ing makame ibu Sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu

Ambal Kebumen, Nopember 1993 (Djaka Lodang, No. 21 tgl. 22 Oktober 2003)

Analisis Geguritan
a. Struktur Fisik
- Tipografi
Geguritan Donga Bocah Piatudisajikan dengan bentuk tipografi rata kiri, disajikan pula dalam
bentuk tiga bait. Pada bait pertama terdapat enam baris, kemudian pada bait kedua terdapat tujuh
baris dan pada bait ketiga atau bait terakhir terdapat enam baris. Bait ini terlihat sederhana, tetapi
jika dipahami tiga bait ini tersusun baik, yakni 6 7 6 akan terasa istimewa susunan bait
tersebut.
- Diksi Diksi adalah pemilihan kata yang digunakan pengarang dalam geguritan Donga Bocah
Piatu tidak banyak diksi yang digunakan, dalam gurit Donga Bocah Piatu lebih dominan
menggunakan kata-kata dalam bahasa Jawa ngoko, contohnya: kober yang artinya belum
sempat, kaliren yang artinya kelaparan, klebon yang artinya kemasukan, dan kemudian
kamakmuran iki panggah angel diranggeh yang artinya kemakmuran yang diinginkan yang
susah digapai.
- Imaji Pada gurit Donga Bocah Piatu ini dapat dilihat imaji penglihatan atau visual, dapat
dilihat pada kutipan nanging apa urip cukup wareg mangan sesorah sedheng para peprimen isih
pating slarah, slarah yang memiliki arti berantakan dan itu dapat dilihat dengn indera
penglihatan.
b. Struktur batin
- Tema: geguritan Donga Bocah Piatu ini mengungkap tema sosial, yang menjabarkan tentang
pesan terhadap suatu negara yang dikatakan sudah merdeka tetapi masih saja belum benar-benar
dirasakan.
- Rasa: rasa yang diungkapkan penyair yaitu rasa keprihatinan seseorang terhadap keadaan yang
dialaminya, yaitu dimana dia hidup disebuah negara yang dirasa belum merdeka, padahal pada
kenyataannya negara tersebut sudah merdeka dari penjajah.
- Nada: nada yang digunakan pada geguritan ini adalah menanjak, yaitu untuk sebuah penegasan,
dimana ia ingin menjelaskan bahwa ia juga ingin merasakan kemerdekaan yang sebenarnya,
tidak seperti yang dirasakan ia sekarang. Kemudian nada menurun, pada bagian akhir ingin
menjelaskan keprihatinan.
- Amanat: amanat yang ingin disampaikan adalah, bagaimana sebuah negara yang harus bijak
dengan semua keputusan yang tengah diambil, bagaimana ia harus berjuang untuk mendapatkan
kemerdekaan yang seharusnya didapatkan.

ANDHARAN CARA-CARANE NULIS GEGURITAN


1. Nentukake Tema
Ide bisa teka sawayah-wayah. Nentukakae ide bisa ana ing ngendi wae panggonane. Informasi
lan pengalaman kudu bisa dikuatake supaya bisa dadi tema kang becik.

2. Ngubah Ide/ Tema dadi Geguritan


Sawise ide ketemu, ide mau kudu diolah lan dihayati. Umpana arep nggawe geguritan "Ibu",
awake dhewe kudu bisa ngrasakake apa kang dirasake lan dikarepake ibu. Banjur, susun
tembung-tembung supaya dadi geguritan kang edi lan enak diwaca.

3. Gaya Basa/ Majas


Nggawe geguritan mesti ora ninggalake majas. Majas kang digunakake bisa macam-macam
ananging kang kerep yaiku majas personifikasi lan hiperbola.
a. Personifikasi
Tuladha: "Bagaskara wis ngancik ing gegana"

b. Hiperbola
Tuladha: "Hawa adem njengkut dadi anget"

4. Bait, Rima, lan Irama


Ana ing geguritan modern, bait, rima, lan irama ora pati digatekake. Ananging, luwih becik
menawa bait, rima, lan irama bisa digatekake supaya geguritan kang digawe enak diwaca.

5. Dasanama, purwakanthi, lsp


Biyasane, ana ing geguritan, supaya nambah endahing isi, tembung-tembung kang dianggo
migunakake dasanama, purwakanthi, lan kawruh basa liyane.

3. Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku Wicara,
Wirama, Wirasa, lan Wiraga.

Penjelasane yaiku :

1. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal
(a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.

2. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu
dilarasake karo isine sesorah.

3. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu,
seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).

4. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora
kaku ora ketok digawe - gawe.

Вам также может понравиться