Вы находитесь на странице: 1из 3

KANCIL LAN PITIK WALIK SING RUMONGSO KUDU LUCU

Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik


Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane.
Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi
usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada
ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang
ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung
tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan
numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan
mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega.
Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu
kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-
pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik
Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya
ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus
ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero
ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan
sing iso urip ning njero guwo.
duniashinichi.blogspot.com
"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil
"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya
ngene, ora rapi kaya pithik liyane"
"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!"
jawabe Kancil
"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh
ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku
sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"
"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng
cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane
liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben
ditresnani liyan" celathune Kancil
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-
kancaku?"
"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-
ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe
seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih
utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru" nasehate
Kancil
"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang
kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi
kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal
karo kanca-kancaku"
"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae.
Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo
kowe" ujare Kancil
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku
wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku
sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.
Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-
pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane
malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane.
PITIK MOGOK MANGAN

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo


njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune.
Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas.
Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora
dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu
menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae.
Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur
grenengan marang kancane
Pithik Blorok: Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke
aku
Pithik Putih: Loh njuk ngapa tho?
Pithik Blorok: Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-
mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah
dienteni mambu!. Makani barang apik ora iso popiye?
Pithik Putih:Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-
ethok ora doyan mangan wae po?
Pithik Blorok:Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia sak gegem, diuncalke ning lemah
ben dipangan pithike. Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar
tekan ngendi-endi. Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane
dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang
trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur. Mbok menawa pithike doyan
roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae
nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah
ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen
merga mangan arem-arem. Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme celathune
marang Ponakane. Weruh mbokne ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi
banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.
Majda Yulianingrum: Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak Dewi: Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Majda Yulianingrum: Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.
Pithik Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh wae. Blorok tambah kaget wasan weruh
Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik Blorok: Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan
lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih: Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae. Ben kowe wae sing ora
doyan mangan luwih pantes dibeleh...
Pithik Blorok: Enak wae. Aku ya ora gelem dibeleh ki..... (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu
notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan arem-arem. Mbak Dewi lan Majda Yulianingrum dadi
gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem.
Lucu tenan pithik jaman saiki (Undil-2012).
AMARGA SALAH PAHAM

Sawijining dina...
Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing kawentar
minangka kanca raket iku meneng-menengan lan
katon wis rong dina ora guneman , amarga kuwi
Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging
uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi
supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora
pedhot.
"Pras, aku lihat-lihat wis rong dina iki koq nggak
bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono
masalah ya karo Pandu?" pitakone Yudha nganggo
basa jawa sing grothal grathul
"ora koq Yud, ora ono apa apa" jawabe Pras singkat
"ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada
sesuatu kan mmungkin wae aku bisa bantu" Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
"Yud, sebenere pancen aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe
koq, mosok buku diktat sing disilih Pandu ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal
kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah
malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku" pungkasane Pras crita dawa
"ooo...ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras,
ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana gitu?" Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
"apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?" Pras rada muring-muring ditakoni
ngono
"yo nggak gitu, aku kan cuman nanya...sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak
nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?" pitakone Yudha
"yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae ning nggonku Yud" jawabe Pras
"iya deh...sip. sampai ketemu ngko sore yo pras"
***
Sejam sakdurunge....
"dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune
Pras koq pas aku dolan ning omahe"
"ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok
balikke yo" ujare Yudha
"lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut,
aku yo dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga
amanah to"curhate Pandu maneh
"ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil
njelasin masalah ini biar selesai, gimana?"
"yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ono"
***
sore iku ing omahe Pras
"Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi
gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu
pas resik resik kamar.....maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke" Pras ngomong sinambi
ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
"wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura
amarga ngenengke awakmu....kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?" jawabe Pandu
"he em ora ming kekancan tapi seduluran" Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
"nah gitu donk...kalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi
seperti ini" Yudha katon seneng amarga usahane kasil
"maturnuwun y Yud...kamu memang baik hati"ujare Pras lan Pandu bebarengan
"okeee...sama-sama yuk....sinau bareng e ndang dimulai"

Вам также может понравиться