Академический Документы
Профессиональный Документы
Культура Документы
Aja Kewanen
Jam wis nunjuk angka 13.30, dibarengi karo munine bel sekolah, wayaeh bocah-
bocah padha bali. Umi, Lala, Dian lan Nana banjur metu saka kelas.
Lala : “Um, tak jek gelem apa ora?”
Umi : “Arep marang ndi ta la? Kapan?”
Lala : “Dolan Um, sesuk dina minggu padha nongkrong nang Purwokerto.”
Dian+Nana : “Iya ayo Um, sepisan-pisan dolan aja nang umah wae.”
Umi : “Iya wis insya Alloh, nanging ijin sek marang wong tuaku ya cah?”
Lala : “Halah, nek ijin ya ora bakal entuk.”
Umi : “Lhaa, terus piye? Nek ora ijin mengko digoleki njur
dinesuni cah, apa kowe padha ora wedi? Aku sih ora wani.”
Dian : “Ngene-ngene cah, aku nduwe ide. Piye nek dhewe ijin yen arep
nggarap tugas kelompokan?”
Umi : “Duh, piye yoh cah.”
Dian : “Piye maneh ta Um? Wis, kowe gari manut dhewek wae.”
Umi : “Aku ora wani cah kaya ngono, wedi kuwalat.”
Lala : “Hahaha, Umi..Umi..dadi bocah kok cemen ngono, kan ora saben
dina. Ayo lha mumpung durung ujian.”
Umi : “Ya wis aku gelem cah, tapi balike aja sore-sore yaa terus kowe
kudu ijin marang wong tuaku.”
Dian+Lala : “Siap boss, hehe.”
Bel sekolah muni, nandakake pelajaran diwiwiti. Dina minggune, Lala, Nana lan
Dian marang omahe umi.
Lala : “Assalamu’alaikum.”
Ibu Umi : “Wa’alaikumsalam. Eh lala, dian, nana.”
Dian : “Inggih bu, Umi wonten menapa boten bu?”
Ibu Umi : “Iya ana cah kae isih siap-siap, ngene mlebu dhisik lungguha dhisik.”
Dian : “Inggih bu.”.“Ayo cah.”
Ibu Umi : “Ndo, iku kanca-kancamu wis padha teka. Mengko ati-ati, eling wektu nek
wis rampung langsung bali.”
Umi : “Inggih bu.” (nang atine was-was banget amarge wis nglombo)
Ibu Umi : “nanging ati-ati, aja banter-banter, saiki dalane wis rame
ora kaya mbiyen, wong nggawa motor padha banter-banter cah
ibu nyawange nganti mrinding. Terus nek wis rampung ya
langsung bali aja dolan-dolan, sedela maneh arep ujian, wektune
dienggo kanggo sinau wae ben bijine apik.”
Lala : “Inggih bu.”
Umi : “Bu, kula pamit rihin.”
Bareng-bareng : “Assalamu’alaikum.” (ngambung tangan ibune umi kabeh)
Ibu Umi : “Wa’alaikumsalam.”
Wis enggal tekan Purwokerto, Lala lagi asyik omong-omongan karo umi, ora weruh
yen nang ngarep ana tukang becak lagi nyebrang. Ora sue krungu swara “GUBRAKKK”
motore lala nabrak tukang becak, lala lan umi tiba. Dian nang mburine langsung mburu
nulungi kanca rakete iku, semono uga wong-wong sing weruh. Lala lan tukang becake slamet
namung umi sing semaput. Lala, Umi lan tukang becak digawa marang omahe Pak RT sing
cedhak saka kedadeyane.
Dian : “Astaghfirullah Lala, Umi.”
Nana : “Duhh, piye kie Ian.” (panik, gemeter, maras, wedi campur aduk)
Dian : “Piye-piye, ya telphone ibune saiki cepet.”
Nana : “Nek telphone ibune pa ya ora diomehi.”
Dian : “Iku urusan mengko, saiki cepet telephone ibune Umi dhisik sing genah ana
nang omah.”
Nana : “Iya iya.”
“Tut..tut..tut.” (telephone ibune Umi)
Ibu Umi : “Hallo assalamu’alaikum.”
Nana : “Wa’alaikumsalam. Kula Nana bu.” (ngomonge sambi gemeter)
Ibu Umi : “Iya na, ana apa kok swarane kaya wedi mengkana.”
Nana : “Umi bu.”
Ibu Umi : “Iya Umi kenangapa.”
Nana : “Umi kacilakan bu.” (sambi nangis mingseg-mingseg)
Ibu Umi : “Kacilakan nang ndi?” (panik)
Nana : “Purwokerto bu, arah alun-alun. Saiki isih semaput”
Ibu Umi : “Loh kok bisa nang kono. Ya wis entenana ibu karo karo bapak
nyusul. Assalamu’alaikum.”
Nana : “Inggih bu, wa’alaikumsalam.”
Dian : “Piye na?”
Nana : “Ibune Umi arep marang ngene, kowe mbatiri Umi wae, aku
nungguni ibune umi nang kene. Nek ana apa-apa aku dikabari.”
Dian : “Iya.”
Umi lan tukang becak isih padha semaput. Ora sue Umi sadar.
Umi : (melek sembari ndeleng ngana-ngene) “Iki nang ndi?”
Lala : “Alhamdulillah kowe sadar um.”
Dian : “Alhamdulillah, iki nang omahe wong, kowe karo lala nabrak tukang
becak, semaput dadi digawa nyang kene. Nana wis telephone ibumu.”
Umi : “Iya aku isih eling.”
Ibune umi teka
Ibu Umi : “Ndo, koweora apa-apa ndo?”
Umi : “Alhamdulillah boten napa-napa bu, namung lecet sekedhik.”
Ibu Umi : “Syukur alhamdulillah. Piye critane bisa kaya ngene?”
Lala : “Kula saweg matur kalih umi, boten ketingal menawi ngajenge
wonten tukang becak badhe nyebrang, lajeng nabrak. Kula uga
nyuwun pangapura bu, menawi kula lan kanca-kanca sampun
boten jujur. Kula lan kanca-kanca ngajak umi dolan, sederengipun
umi boten purun nanging kita maksa kemawon.”
Ibu Umi : “Iya wis ora papa, maneh-maneh aja ngelomboni. Iki bisa dadi
pelajaran kanggo awakmu kabeh.”
Bareng-bareng : “Inggih bu, ngenjang-ngenjang boten badhe ngelomboni malih.”
Ibu Umi : “Ibu karo bapak arep nemuni tukang becake dhisik.”
Dian : “Inggih bu.”
Ibu Umi : (nemoni bapak becak) “Pak, nyuwun pangapunten amarga lare
kula kirang ngatos-atos bekta motor.”
Bapak becak : “Inggih bu boten menapa-menapa.”
Ibu Umi : “Matur nuwun pak, menika kangge ngobati ingkang lecet.
Sepisan malih kula nyuwun pangapura.” (salaman kambi ngaweh
amplop)
Bapak becak : “Inggih bu.”
ANALISIS TEMBANG MACAPAT
MASKUMAMBANG
Analisis
ISI : pesan kepada anak – anak yang seharusnya dapat menghormati orang tua. Jangan
sampai seorang anak berani menentang atau membantah orang tua karena bisa berakibat
buruk pada dirinya sendiri.
Berikut penjelasan mengenai aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan dari tembang
maskumambang.
1. Guru gatra = 4
Artinya tembang maskumambang ini memiliki 4 larik atau baris kalimat.
2. Guru wilangan = 12, 6, 8, 8
Kalimat pertama berjumlah 12 suku kata. Kalimat kedua berjumlah 6 suku kata. Kalimat
ketiga berjumlah 8 suku kata. Kalimat keempat berjumlah 8 suku kata.
3. Guru lagu = i, a, i, o
Akhir suku kata dari setiap kalimatnya harus bervokal i, a, i, o