Академический Документы
Профессиональный Документы
Культура Документы
Selapanan bayi dianakake 35 dina saka laire si bayi. Ana ing pasaran Jawa, dina
pasaran cacahe ana 5. Umpama bayi lair ing dina Selasa Legi, selapanan bayi
mengko bakale tiba ing Selasa Legi. Selapanan bayi minangka salah sawijining
pengetan kanggo pratandha puji syukur laire anak.
Ana ing wilayah Jawa khususe, sadurunge selapanan biyasane ana adat liyane.
Krayan kang isine adat ngenalake si bayi marang tangga teparo lan uga ana adat
sepasar kang ateges 5 dina saka laire bayi biyasane dadi pratandha puputan.
Ana ing acara selapanan, si bayi kang wis umur 35 dina mau bakal di aqiqah.
Aqiqah iki ana gegayutane karo ajaran agama Islam. Sabanjure kuwi ana tradisi
potong rambut. Jaman saiki potong rambut mung dipotong sithik. Beda dene
jaman biyen, tradisi potong rambut yaiku digundul. Ananging, meski wis rada
arang, isih ana kang nglakoni tradisi motong rambut nganti gundul.
Tradisi selapanan ditekani para sedulur lan tangga teparo. Tradisi selapanan
saliyane potong rambut lan aqiqah (potong kambing) iya nglakoni kondangan
kang ngundang para tangga teparo. Ing kondangan mau, uga diselingi berjanjen
utawa sholawatan. Berjanjen kuwi dianakake ing tradisine wong kang nganut
agama Islam.
Nalika selapanan kuwi, simboke dipijeti dening dukun bayi. Pijet mau kanthi
aran walik dadah. Walik dadah kuwi duweni karep supaya panggonan bayi
bisambalik ing posisine. Dene bayine diadusi karo banyu kupat. Banyu kang
dianggo nggodhog kupat disisakake kira-kira sasiwur kanggo ngadusi si bayi.
Tradisi selapanan ing tlatah Pati khususe Tayu, panci wajib ana kupat lepet.