Вы находитесь на странице: 1из 1

KACILAKAN MOTOR MABUR ING MAGETAN

Durung suwe ki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakaan ing
mancanegara utawa ing Indonesia.Durung ana rong sasi kabar mau,lha kok kasusul meneh kadadeyan
montor mabur tiba during suwe iki,pase ing Desa Geplak,Kecamatan Karas,Magetan,Jatim rikala dina
Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 mei 2009,nalika bangsa Indonesia mengeti Hari
Kebangkitan Nasional.Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI-AU jinis Hercules C-130
nomere A-1325 .Miturut pawarta saka laying kabar lan tivi,montor mabur kasebut budhal saka
pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak,Papua.Nanging
during nganti tekan papan kang tumuju,lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun
montor mabur kasebut nemahi kacilakaan.

Malah ing kedadeyan iki,luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu
kenteban montor mabur kasebut.Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan
entheng.Denen omah-omah ing desa kasebut sing kateban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara
patang omah.Ana sing ajur mumur la nana sing payone remuk tanpa sisa.Kanthi anane kacilakan montor
mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha
jinja.Ing atase ora ngerti apa-apa,ngerti-ngerti ketiban sial.

Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan
montor mabur duweke TNI AU.Pancen akeh sing khanda yen sejatine montor mabur-montor mabur
duweke Negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti.Nanging gandheng kanthi alesan
anggaran ora nyukupi,kapeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan
barang-barang liyane.Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing
wis tuwa utawa saka sebab liyane ? Ditunggu wae asile saka katrangane pamarintah bab sebab-
musababe kacilakan montor mabur kasebut.

Sumber : http://www.tembi.org/b.jawa-prev/163carita.html

Вам также может понравиться