Вы находитесь на странице: 1из 2

Kelompok 6 :

1. Fathan Rabbani (09)


2. Lajeng Padmaratri (11)
3. Miftahul Fa’izah (14)

Tiyang Jawa Kedah Njawani


“Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran
den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling (Serat Wulangreh, PB IV)”

Ukara ing inggil menika awujud salah satunggaling tata kramanipun tiyang Jawa.
Unggah-ungguh utawi tata krama inggih menika salah satunggaling tembung ingkang wigati
tumrap bebrayan Jawa. Unggah-ungguh nedahaken tindak-tanduk lan pakartinipun budaya
tiyang Jawa anggenipun sesrawungan kaliyan tiyang sanes.

Tata krama sumberipun saking kabudayan Jawa mliginipun basa Jawa. Tiyang Jawa
ngginakaken basa Jawa boten namung sarana kangge sesrawungan, ananging ingkang
langkung utami kangge atur pakurmatan kangge tiyang sanes utawi nglenggahaken status
sosial ingkang kedah dipunkurmati.

Para leluhur ing tanah Jawa ndadosaken tata krama minangka way of life ingkang
sampun ambalung sungsum dados perangan gesangipun manungsa. Pramila kangge
mengertosi budaya Jawa sawetahipun ingkang kebak pralambang lan pasemon ingkang
sinamung samudana, kedah dipunsinau, dipungegulang kanti raos ingkang sareh lan sumeleh
saha kanthi lantiping sasmita.

Kados kasebat wonten ing Serat Wulangreh pupuh Kinanthi yasan dalem PB IV ing
inggil, tiyang Jawa langkung nemenaken olah rasa lan olah jiwa. Pramila babagan tata krama
menika kedah dipunpersudi lan dipunlestantunaken minangka jati dhirinipun tiyang Jawa.

Nanging ing wekdal samenika, wonten raos prihatos amrih lestantunipun budaya
Jawa. Unggah-ungguh tumrapipun saperangan para mudha dipunlirwakaken, nilar tata krama,
tebih saking subasita. Sansaya dangu boten katingal gregetipun nggegulang kawruh budaya,
ananging kepara nyingkuri jati dhirinipun piyambak.

Para mudha ingkang kagadhang-gadhang saged nglajengaken kagunaan budaya ing


madyaning bebrayan, malah boten wonten rumaos ndherek handarbeni budayanipun. Menika
sampun kabukten, mila kathah para mudha ingkang boten saged matur mawi basa Jawa.
Langkung remen ngginakaken basa manca, sarwa kebat kliwat ingkang kirang duga lan
prayoga, kirang trapsila, grusa-grusu, lan sanesipun.

Babagan kawontenanipun para mudha ingkang kados mekaten, tebih saderengipun,


raja ing Surakarta Sinuhun PB IV sampun paring cecala ing pupuh Kinanthi pada kaping 8 :
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag
gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
Kasinggihan, samenika sampun arang kapireng tembung: “nyuwun sewu, ndherek
langkung, nyuwun pangapunten, kepareng matur” tumrapipun para mudha. Tetembungan
menika, sanajan namung sepele ananging tetembungan menika mengku tata krama menawi
badhe matur dhumateng tiyang sanes.

Lunturipun tata krama, salah satunggalipun sebab nyebataken awit majengipun


teknologi informasi lan globalisasi, ingkang ndadosaken jagad pasrawungan sarwa instan.

Samubarang tumindak kedah cepet supados boten tinilar jaman. Menika wonten
leresipun, ananging sampun ngantos budaya Jawa, mliginipun unggah ungguh utawi tata
krama menika ical musna kados dene basa Jawa Kina ingkang samenika sampun boten saged
dipunmagertosi malih. Sumangga sedaya gumregah, gumregut lan mbudidaya amrih
lestantunipun.

Вам также может понравиться