Вы находитесь на странице: 1из 2

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak dukuh dusun Watubelah

Mboten kesupen para rawung ingkang tansah kawula kurmati

Wonten purwakaning atur, mangga kita sareng-sareng ngaturaken syukur wonten ngarsa dalam
Allah SWT. Dene panjeneganipun sampun maringi kita kenikmatan lan kasarasan, pramila kula lan
panjenengan sami saged rawuh wonten adicara punika.

Shalawat tuwin salam kita unjukaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhmmad SAW. Mugiya
kita pikantuk syafa’atipun biddunya hadal akhirat.

Para rawuh ingkang minulya,

Kula, minangka Ketua Karang Taruna Dusun Watubelah, ngaturake sugeng rawuh lan agunging panuwun
dhumateng para Hadirin ingkang sampun purun mbucal wekdal lan ngenthengake salira saperlu rawuh
wonten papan palungguhan ngriki kangge mangeti Adicara Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW.

Kula uga ngaturake panuwun dhumateng ketua panitia ingkang sampun ngoordinasi anggota panitia
pramila adicara punika saged kathindaake kanthi sae. Perlu kawuningan bilih ingkang dados anggota
panitia wonten adicara punika inggih punika pemudha-penudhi anggota Karang Taruna Dusun
Watubelah .

Pramila, kula uga matur panuwun dhumateng panitia wonten adicara punika ingkang sampun nindhaake
tanggung jawabipun kanthi sae. Pramila adicara Peringatan Maulid Nabi Muhammad punika saged
katindhaake kanthi sae.

Hadrotal mukaromin rahimakumullah

Kadosta kula matur wau, ingkang dados anggota panitia wonten adicara punika inggih punika pemudha-
pemudhi anggota Karang Taruna Dusun Watubelah . Pramila, kula minangka Ketua Karang Taruna
rumaos bangga. Bangga amargi nduweni konco-konco ingkang sampun saged ngurusi adicara kados
punika lan taksih peduli hari-hari agung wonten agama kita.

Sampun dados program karang taruna, punawa anggotanipun dipun dhadosake panitia wonten pinten-
pinten adicara wonten ing Desa Klapasawit. Dene ancasipun program kasebat inggih punika kangge
nglatih supados para mudha Dusun Watubelah mandiri lan saged nggantosi peran sarta nerasaken
pakaryan tiyang sepuh. Dene tiyang sepuh kedah dipun gantosi dening generasi mudha. Pramila, kula
uga ajeng matur dhumateng para pemudha utawa pemudhi ingkang gadhah keahlian utawa kerajinan,
supadhos nilarake keahlian utawa kerajinanipun dhumateng rencang-rencangipun. Pramila, sedaya
anggota karang taruna gadhah keahlian utawa kerajinan. Kanthi keahlian utawa kerajinan punika, para
mudha sedaya saged pikantuk untung, utawa paling boten saged ngisi wekdal kosong kita kanthi
kawiyatan ingkang positif.

Para rawuh ingkang tansah kawula kurmati,


Wonten sasi Mulud punika, Karang Taruna Dusun Watubelah badhe nindhaake sawiji program
keagamaan inggih punika “Pemudha Mesjid”. Para mudha anggota karang taruna diaturi rawuh wonten
mesjid-mesjid, utawa langgar-langgar ing Dusun Watubelah. Ananging adicaranipun inggih punika maos
kitab Al Barzanzi. Kanthi adicara punika para pemudha lan pemudhi saged tuwuh rasa tresna dhumateng
Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kula minangka generasi mudha kuwatir dhumateng iman lan akhlak
generasi mudha dinten saniki. Umumipun wonten Indhonesia, wonten Negara kita, kathah sanget kasus-
kasus remaja . Pramila kanthi program–program keagamaan kadosta program kasebat, generasi mudha
Desa Klapasawit saged dipunarep-arep

Muslimin lan muslimat rahimakumullah

Kanthi program-program Karang Taruna ingkang kawula sebat wau, para mudha Karang Taruna kedah
saged mundhut hikmahipun. Pemudha-pemudhi Dusun Watubelah saged mandiri, saged nerasake
pakaryaning tiyang sepuh, saged nggantosi perjuanganipun tiyang sepuh kanggo majukake Dusun
Watubelah . Lan boten ketingalan, para mudha saged dados manungsa ingkang taqwa dhumateng
Gustinipun. Pramila, wonten pungkasane, pemudha-pemudhi kita saged mbumbung dhuwur nami
Watubelah tuwin ndadosake Dusun Watubelah maju lan sejahtera.

Para rawuh, kakung miwah estri,

Cekap semanten atur kawula, mbok bilih wonten kata-kata ingkang boten trep kaliyan manahipun
panjenengan, utawa kurang subasita, saestu-estu kula nyuwun pangapunten.

Iwak sepat kecemplung segara. Sedaya lepat mugiya dingapura.

Akhiril kalam, wabillahitaufiq wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Warahmatullahiwabarakatuh

Вам также может понравиться