Вы находитесь на странице: 1из 1

Rini banjur menyang ruangane Dokter Burhan.

Rini : Assalamualaikum.
Dokter : Waalaikumsalam. Lho Rini? ana perlu apa ta mrene?
Rini : (keweden) bapak, kulo kajenge nyriyosi samukawis. niki tentang dewi.
Dokter : Piye kowe kok ketok keweden? ana apa ta karo dewi?
Rini : Kala wau kulo badhe wangsul ten griya, kulo ningali Dewi ndamel sepeda motor
ugal-ugalan. Dewi niku tiyang sing nubruk Jaka. Nyuwun ngapunten pak, kula enggal
nyriyosikaken niki sakmenika. Kula ajrih yen Dewi badhe ing penjara. Nanging
menawi kula mboten nyriyosikaken piyambakipun, niki mboten badhe adil kunjuk
jaka. sakedahipun dewi tanggel jawab inggil menapa ingkang sampun piyambakipun
tumindakake.
Sakwise krungu cerita kuwi saka Rini, dokter Burhan kaget lan sempat nesu krungu kelakuane Dewi.
Dokter Burhan banjur nelpon dewi lan ngongkon dheweke kanggo teka menyang rumah sakit.
sakwise dewi teka, dokter Burhan langsung nyrengeni dewi lan ngongkon dewi kanggo njaluk apura
langsung marang jaka.
Dewi :(mlebu ruangane jaka) jaka?
Sinta : loh mbak dewi ? mbak rini lan dokter burhan uga dikene, ana apa?
Dewi : (nangis) Jaka aku njaluk ngapura. aku wong sing nubruk kowe. Sepurane, aku
sakudune tanggung jawab marang gawenku. Tulung apurakne aku.
Jaka : (kaget) dadi dewi sing…
Dokter Burhan : (medhot pacelathon jaka) aku njaluk ngapura banget marang panggawe anakku.
Aku arep tanggung jawab teko kedadean iki. yen kowe arep nggunakake jalur hukum. aku wis
nriman.
Jaka : niki ugi kalepatan kula pak. kula sakedahipun langkung ngatos-atos. sakmenika kula
ugi sampun sae sae kamawon. mboten betah ngginakaken jalur hokum, kula sampun
ngapuntenaken dewi.
Dokter : matur nuwun jaka. aku arep membiayai kabeh panjamonmu dikene. tulung aja tolak
bantuan iki. Biaya iki ora ana apa apane dibandingna karo apa sing wis dewi lakoke.
Jaka lan sinta : matur nuwun dokter Burhan .
sakwise kedaden kesebut, Dewi nyesel banget karo apa sing wis dheweke lakokake. dheweke ngujar
arep dadi wong sing luwih becik meneh. sakwise 3 dina jaka dirawat neng rumah sakit, akhire kondsi
jaka mari lan diolehakekne kanggo mulih nang omah.

Вам также может понравиться