Вы находитесь на странице: 1из 3

WERKUDARA (BIMA)

Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing
angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula
Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane
Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga,
Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu.
Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden
Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.

Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala,


Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag
Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh


gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng
wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena
ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.
Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara
tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan
mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu,
teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang
kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening
gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging
segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga
setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang
guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.
Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana,
getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi.
Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener.
Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca
maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca
palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).

Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara


kang bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang
Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa
wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa liyane, ninggalake
praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna. Werkudara tiwas
angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

Wosing budi pekerti:

1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing
bebener, mbrastha angkara murka!
2. Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu!
3. Dektia marang guru!
4. Tresna asih marang sedulur.
5. Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!

Bima (basa Sangskerta: भभीम, Bhima) utawa kang luwih kaloka kanthi
jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi
Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur
sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.
Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka
guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin.

Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih karo


nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking
grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré
watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bima sing pecah,
nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima gereng-gereng nangis nggolèki
ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi
Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping. Miturut crita pedhalangan, Bima
(Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging
sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang
pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan
Jodhipati/Unggulpawenang.
Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa
ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-
awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut. Bima uga
klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu
dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara,
Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi
putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang
tegesé anak Bayu (déwaning angin). Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag
Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada
Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika
ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci.
Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani
Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo
Pandhawa liyané nuju swargaloka.

Nama Kelompok : Ananda Rizqi H. (03)


Febria Dwi R. (09)
Kelas : XI IPS 3

Вам также может понравиться