Вы находитесь на странице: 1из 2

Perjuangan Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten ing
Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Lair saking keluargi bangsawan ngayogyakarta. Panjenenganipun
kagungan asma asli Raden Mas Suwardi Suryaningrat.
Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara kalebet
sae nasibipun, awit saged dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun namataken sekolah
dasar wonten ELS (Europeesche Lagere School), saha saged nglajengaken pendhidhikan wonten
sekolah kedokteran STOVIA (School tot Opleiding van Indische Artsen) ananging mboten
ngantos tamat, awit panjenenganipun sakit.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan mawarni-
warni serat kabar. Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap
kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami perkawis penjajahan Walanda.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa
ngumpulaken sumbangan saking warga asli kangge mengeti dinten kamardikan Wulanda saking
Prancis. Kedadosan punika dados kritikan kathah saking para kaum nasionalis, kalebet Suwardi.
Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi judul “Als ik een Naderlander was” (umpami kula
tiyang Wulanda) ingkang dipun serat salebeting serat pawartos De Expreesingkang dipun pimpin
Douwes Dekker.
Akibatipun saking pawartas punika, Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun singkiraken
wonten Bangka. Keputusan pemerintah kolonial menika lajeng angsal protes saking kalih
rencangipun Suwardi inggih punika Douwes Dekker saha Tjipto Mangoenkusuma. Akhiripun
Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng dipun kenal Tiga Serangkai. Tiga Serangkai punika
disingkiraken wonten negara Wulanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919 Suwardi wekdal
punika sampun yuswa 33 tahun. Suwardi mutusaken badhe ngicali gelar kebangsawanan saking
asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar Dewantara. Ki Hajar Dewantara mlebet wonten
sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal inggih menika sedherek piyambak ingkang gadhah
pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur
Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten ing Taman
Siswa inggih punika:
1. Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)
2. Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)
3. Tut wuri handayani (wontwn wingking maringi dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados Menteri
Pendhidhikan, Pengajaran, saha Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun 1957 panjenenganipun
angsal gelar Doctor Honoris Causa saking Universitas Gajah Mada. Kinten-kinten kalih taun
saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28 April 1959 Ki Hajar Dewantara seda, lajeng dipun
sarekaken wonten Ngayogyakarta.
Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28 November 1959
lumantar serat keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun. Kangge ngormati jasa-jasa Ki
Hajar Dewantara minangka bapak pendhidhikan nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti
minangka dinten pendhidhikan nasional.

Вам также может понравиться