Вы находитесь на странице: 1из 4

ULANGAN HARIAN

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Ulangan Harian Ke :1
Kelas / Semester : IV / II

Ki Hajar Dewantara
R.M Suwardi Surya ningrat miyos tanggal 2 Mei 1889 ing Ngayogyakarta. Merga putra
bangsawan bisa sekolah ing ELS (Europeesche Lagers Schoole). Sateruse nerusake ing sekolah
dokter Bumi Putra yaiku STOVIA ing Jakarta. Awit saka gerah, dhewekw ora bisa tamat.
Mula penggaweane nulis lan wartawan ing Ariwati Sedyatama, Midden Java, De Express, lan
utusan Indie. Bebarengan karo dr. Cipto Mangunkusumo, Danudirja Setya budi, telune ngedekake
Indische Partij ing taun 1912 sing ancase nggayuh kamardikaan Indonesia.

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !


1. Sapa Ki Hajar Dewantara iku?
2. Kapan miyose Ki Hajar Dewantara?
3. Ana ing ngendi miyose Ki Hajar Dewantara?
4. Sapa kancane Ki Hajar Dewantara?
5. Kapan Indische Partij di degake?

II. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan sing bener!
1 Aku njalok tulung tukokno bawang …
a. sarancak
b. sasiung
c. sapuluh
d. salining
2 Watake Dasamuka iku pancen angkara .....
a. durka
b. murka
c. buka
d. prakaso
3 Tembung bunga padha karo tembung .....
a. susah
b. sedih
c. seneng
d. kuciwa
4 Tembung gething pada karo tembung .....
a. bubar
b. bathil
c. bareng
d. bener
5 Klapa enom arane .....
a. gandhos
b. manggar
c. degan
d. kenthos
III. Isenana nganggo tembung sing mathuk !
1. Krama inggile siji setunggal yen krama inggile lima ......................................
2. Ing ngendi wae kita ndhuweni ............................................ tanduk sing becik
3. Who gedhang sauwit diarani ..............................................................................
4. Nalika awan dalan kuwi reja banget, nanging yen bengi katon ...................

5. Sanajan anake wong ora duwe, santi iku klebu bocah sing andhap...........
ULANGAN HARIAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Ulangan Harian Ke :2
Kelas / Semester : IV / II

Jaka Kendhil
Mbok Rondho Dadhapan anake lanang mung siji. Rupane ala banget, pawakane endhek,
kulite ireng. Wetenge mblendhing lan ora duwe gulu. Rupane memper kendhil mula diarani Jaka
Kendhil.
Bareng Jaka Kendhil wis dewasa, njaluk rabi putri ratu. Abote ditangisi anak, Mbok Rondho
ugo mangkat. Bareng wis ngadep sang Nata, mbok Rondho ngaturaken apa karepe Jaka kendhil.
Sang Nata nari putrine nomor loro arane Dewi Menur ora saguh. Putrine mbarep ya ora gelem
kanga ran Dewi Kenanga.
Ndilalah putrine sing nomor telu kang arane Dewi mlathi saguh dadi garwane Jaka kendil.

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !


1. Mbok Rondho Dhadapan duwe anak piro?
2. Sapa asmane anake mbok Rondho
3. Kepriye keadaane Jaka Kendhil?
4. Sang Nata kagungan putri pira?
5. Sapa sing gelem dadi garwane Jaka Kendil?

II. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan sing bener!
1 Jeneng Bromo iku kanggo ngormati …
a. Dewa Brahma
b. Dewa Brata
c. Begawan Sidi Paninggal
d. Kraton Mojopahit
2 Suwene muja semedi .....
a. 40 dina
b. 40 dina lan wengi
c. 40 wengi
d. 30 dina
3 Suminar asale saka tembung .....
a. sumar
b. sinar
c. sumi
d. minar
4 Embah wis gelem mangan. Krama inggile.....
a. embah sampun purun nedha
b. eyang sampun kersa dhahar
c. eyang sampun purun dhahar
d. embah sampun kersa dhahar
5 surby yen ditulis latin .....
a. Surabaya
b. Kertasana
c. Malang
d. Mojokerto

III. Isenana nganggo tembung sing mathuk !


1. Mikul duwur mendhem jero tegese ...................................................................
2. Sekabehing gegayuhan ikku kudu nganggo ragat. Peribasane ..................
3. Suwarno iku bocah resikan. Resikan kosok balene .......................................
4. Kanca-kancaku sekelas padha sayuk ...............................................................

5. Anggone tandang gawe awan ....................................................... tanpa leren


ULANGAN HARIAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Ulangan Harian Ke :3
Kelas / Semester : IV / II

Ngingu Bebek
Pak Yoga uripe pas-pasan. Olehe nguripi keluargane direwangi nyambut gawe nganti ora
ngerti wayah. Mulane sak iki pak Yoga duwe pagawean tambahan yaiku ingon-ingon kewan.
Pak Yoga ngingu bebek. Ingon-ingon bebek iku akeh faedahe. Endhoge bisa kanggo jamu utawa
diedol kanggo tambahan penghasilan. Daginge kena digawe iwak utawa diedol diolah dadi bebek
goring.
Mulane sak iki pak yoga uripe wis kepenak amarga disambi ngingu bebek, anak-anake pak Yoga
bisa sekolah nganti dhuwur.

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !


1. Sapa sing ngingu bebek?
2. Apa sing diingu pak Yoga?
3. Amarga ngingu bebek, pak Yoga uripe kepriye?
4. Apa faedahe endhog bebek?
5. Apa panganane bebek iku?

II. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan kang bener!
1 Pahit … wis dilakoni, sak iki kari enake
a. madu
b. getir
c. nyethak
d. jamu
2 Bapak kagungan sawah .....
a. sagadang
b. setangkep
c. sekedhok
d. sedhompol
3 Anak polah bapak .....
a. kepradah
b. bathil
c. bareng
d. bener
4 Indonesia negara kang gemah ripah .....
a. gandhos
b. loh jinawi
c. degan
d. loh digawae
5 Mangsa ketiga akeh sumur sing asat, mangsa tegese .....
a. mungsuh
b. menawa
c. mangan
d. wayah

III. Isenana nganggo tembung sing mathuk !


1. Ibu mundhut gedhang sa .....................................................................................
2. Pak Ali olehe nyambut gawe direwangi adus ................... ora ngerti wayah
3. Ing kampong saben dina minggu dianakake gugur .......................................
4. Seragame bocah kelas IV katon putih ..............................................................

5. Seragam tulisen nggango aksara jawa .............................................................


ULANGAN HARIAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Ulangan Harian Ke :4
Kelas / Semester : IV / II

Persami
Dhek malam minggu ing sekolahku dianakeke kegiatan persami. Persami saka Perkemahan
Sabtu malam Minggu. Sing diolehi melu persami yaiku kelas 4, 5 lan kelas 6. Para peserta sing melu
Persami padha nggawa tenda lanB piranti liyan.
Sawise tendha-tendha wis ngadeg, banjur dianakake upacara pembukaan. Dene sing dadi
pembinane kepareng mbuka acara persami ing wektu iku yaiku bapak Kepala Sekolah selaku
Kamabigus.
Kamabigus maringi nasihat menawa anggone Persami kabeh isa niaga keamanan, ketertiban
lan uga persatuan kesatuan.

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !


1. Apa singkatane Persami?
2. Ana ing ngendi murid-murid ngadakna persami?
3. Apa wae piranti persami kuwi?
4. Sapa sing mbuka persami?
5. Kelas pira sing melu persami?

II. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan sing bener!
1 Sing mbuka persami yaiku …
a. Pembina Pramuka
b. Guru
c. Kepala Sekolah
d. Kepala Cabang Dinas
2 Sing melu persami yaiku kelas .....
a. 1, 2, 3
b. 2, 3, 4
c. 3, 4, 5
d. 4, 5, 6
3 Persami dianakake saben dina .....
a. malem kemis
b. malem jum’at
c. malem sabtu
d. malem minggu
4 Isine nangka arane .....
a. beton
b. kecik
c. pelok
d. pongge
5 Pitikmu apa wis (pakani) .....
a. pakanana
b. dipakani
c. pakakna
d. kopakani

III.
Isenana nganggo tembung sing mathuk !
1. Biasane sing ngelu iku .........................................................................................
2. Nulisa yen diudhal manut wandhane dadi ......................................................
3. Kanca-kanca ayo padha (sumbang) ing bencana gunung Keluds meletus. Tembung sajronig kurung
benere......................................................................................................................
4. Wayang sing digawe saka kulit diarani .............................................................

5. Putrane bu Narti lima lang kabeh,diarani ........................................................

Вам также может понравиться