Вы находитесь на странице: 1из 10

1. Pasrah Penganten.

Assalamualaikum wr. Wb.

Matur nuwun dhateng sedherek pranoto adicoro ingkang sampun kepareng paring wedhal
dhumateng kulo.

Kawillujengan soho kesarasn sih nugrahaning Gusti ingkang Moho kuwoso mugi tansah kajiwo
soho kasariro dhumateng poro rawuh kakung miwah putri mliginipun kulowargo ingkang
hamengku gati dalasan kulo.

Poro pepundhen,pinisepuh soho sesepuh ingkang buntas ing pamawas ,luhuring budi,pantes
kinaryo pandom pandoming poro kawulo dasih ,pantes den pundhi –pundhi.

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinugoto pakurmatan ,mugi tansah angluberaken sih
samudro pangasksami dhumateng kulo, awit kulo kumowantun ngadeg njejer dhateng ngarso
panjenengan , mboten ateges kulo ngirangi subo sito soho toto krami jalaran kulo pini tados
dening Bopo…… ..kinaryo sulih sariro soho talangingatur ,matur dhateng ngarsanipun poro rawuh
kakung miwah putri.

Poro rawuh ingkang minulyo , saderengipiun kulo angaturaken menopo ingkang dados wosing gati,
monggo sareng2 amengku pujo soho syukur dhateng ngarsa nipun Gust i ingkang moho Agung
,ingkang sampun kepareng berkah ,rahmat, saha nikmat. Mapinten pinten kanikmatan ingkang
kaparingaken dhumateng panjenengan sami dalasan kulo, langkung 2 bab kawilujengan soho
kesarasan ingkang tansah tumanduk dhumateng kulo lan panjenengan sami, saengga ri
kalenggahan meniko kulo lan panjenengan saget ngempal manunggal dhateng dhalem ipun
Bopo………saperlu hangestreni lan jurung pandongo dhumateng Bopo…….. sakaluargo anggenipun
kagungan kersa miwoho ingkang putro .

Poro rawuh kakung putri ingkang winengku ing karaharjan , kepareng kulo caos uningo .Nalilko
condro soho rahino ingkang sampun kawuri . Bopo……. …soho Bopo………..sami kagungan rembag,
dene ingkang dipun rembag inggih puniko badhe njodoh aken putranipun . Dene
Bopo………..kagungan putro kakung ingkang kekasih bagus………… lan Bopo………. Kagungan putro
estri ingkang sesilih roro ayu…………

Putro kekalih wau badhe kajodohaken gesang bebrayan mbangun bale wismo ,lelumban wonten
samadyaning masyarakat agung.

Dene rembag kolo wau saking setunggal dados kalih, kalih dados tigo, tigo dados sekawan .

Salajengipun rembag dados sekawan dados tigo, tigo dados kalih, kalih dados setunggal . Dados
rembag wau sampun golong gilig ,ateges rembag kalo wau sam pun manggih aken pasarujukan
,bilih bagus………lan roro ayu………… sarujuk kajhodokaken.
Sak sampunipun rembag dipun sarujuki, pramilo ri kalenggahan meniko kulo kinanten sanak
kadang sowan wonten ndhalem ipun Bopo………… minongko duto saroyo Bopo………..

Dene pisowan kulo ri kalenggahan meniko kirang subo sito lan kirang toto krami ,saenggo kirang
nuju prananing Bopo………… sakulowongso sumrambat poro rawuh kakung miwah putri ,kanthi
anurogo kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Poro pepundhen pini sepuh soho sesepuh tuwin poro rawuh kakung putri ingkang minulyo.

Pisowan kulo ing mriki minongko duto sarono Bopo……. Lan minongko sulih sariro talanging atur
matur dhumateng ngarso panjenengan sami. Dene atu r kulo ing mriki sepisan
Bopo………sakaluargo ngatur aken salam taklim mugi katur dhateng ngarsanipun
Bopo………sakaluwongso.

Ingkang kaping kalih ngatur aken sarono mas kawin ingkang arupi seperangkat alat sholat
kinanten rerangkenipun ingkang arupi sanggan ,majemuk, sangsangan , sesupe lan seperangkat
busananing calon temanten putri.

Ingkang angka tigo angaturaken arupi arta kagem mbantu anggenipun miwoho ingkang putro
samangkeh.

Ingkang angka sekawan ngaturaken calon temanten kakung ingkang sesilih bagus…….. inggih
putranipun Bopo………. Kanthi nyuwun Bopo……. Keparenga angijabaken kaliyan calon temanten
putranipun Bopo…… ingkang asesilih animas ayu………

Mekaten ingkang dados atur kulo : sedoyo kalepatan, sedoyo kekirangan ,sae subo sito, sae toto
kromo , menopo maleh anggen kulo ngrakit boso lan ukoro kirang tumoto,saenggo kirang mranani
penggalih panjenengan sami kanthi andhap asoring manah nyuwun lumunturing sih samudro
pangak sami.

Ing salajengipun saksampunipun pari purno pawiwahan meniko kulo lan sarombongan kepareng
medal pasilan nyuwun pamit, nyuwun pangestu,mugi2 lampah kulo wiwit saking ndalem meniko
ngantos dumugi papanipun piyambak2 tansah manggih rahayu wilujeng kalis ing rubedha.

Mekaten ugi kulowargo ing mriki, sapengker kulo ugi manggih widodo wilujeng lir ing sambi kolo.

Jenang selo wader kali sesonderan , apuronto sedoyo kalepatan kulo.

Billahi topik wal hidayah Wassalamualaikum wr. wb.

Wedal kulo aturaken sedherek pranoto adicoro. Nuwun.


2. Adicara penganten ( MC)
Assalamualaikum wr.wb

Kasugengan tuwin kasarasan sih nugrahaning Gusti ingkang akaryo loko mugi tansah kajiwo
soho kasariro dhumateng poro rawuh kakung miwah putri .

Poro pepundhen ,pinisepuhsoho sesepuh ingkang buntas ing pamawas soho luhuring
budi pantes yen takden pundhi2 .

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinudarsono,mugi tansah angluberaken sih
samudro pangaksami dumateng kulo,awit kulo kumowantun ngadeg njejer dhateng ngarso
panjenengan sami,inggih jalarankulo kadawuhan dening bopo……….Kulo kadhawuhan
nderekaken lampahing adicoro ing pawiwahan rohino meniko.

Wondene reroncening adicoro ingkang sampun kacetho ing dlancang seta meniko injih
meniko:

1.Pambuko

2.Waosan pustoko suci Al –Quran

3.Mangayubagya ingkang badhe dipun salirani deneng Bopo………….

4.Lereman ingkang sepisan

5.Pasrah saking pihak besan ingkang badhe dipun salirani deneng Bopo……..

6.Panampi pasrah ,ingkang badhe dipun salirani deneng Bopo……….

7.Ijab Qobul.

8.Sabdo tomo /ular2 ingkang badhe dipun selirani deneng Bopo………

9.Lereman ingkang kaping kalih.

10. Panutup

Poro pepundhen,pinisepuh soho sesepuh ingkang pantes kulo bekteni.

Poro tamu kakung miwah putri ingkang sinugoto ing pakurmatan. Sakderengipun lampahing
adicoro kawiwitan monggo sareng 2 kulo dherekaken nyuwun dhateng ngarsanipun Gusti
Ingkang Moho Agung.
Mugi2 pawiwahan ing siyang meniko wiwit purwo,purwo, madya ,lan wusono tansah manggihi
widodo wilujeng kali sing rubedho.

Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang winengku suko basuki,kangge nggemeni
wedal lampahing adicoro enggal badhe kulo wiwiti :

1. Adicoro Ingkang sepisan inggih meniko Pambuko:

Monggo kito buko sesarengn kanthi maos “Basmalah dipun lajengaken 2 kalimat
syahadat,” Menggah ingkang ngrasuk agami islam,wondene ingkang ngrasuk agami
sanes kulo sumanggakaken.

2. Adicoro sak lajengipun inggih meniko

Waosanpustoko suci Al- Quran deneng Bopo………wedal soho sasono wicoro kulo
sumanggakaken.

3. Adicoro sak lajengipun inggih puniko.

Mangayu bagyo ingkang badhe di pun salirani dening Bopo………..wedal soho sasono
wicoro kulo aturaken sak cekapipun. Mekaten menggah atur pambagyo ,tatas,titis
kanti boso lan ukoro ingkang runtit datan mboten wonten ingkang karempit.

4. Adicoro sak lajeng ipun ingggih puniko lereman ingkang sepisan.

Wedal kulo aturaken dateng poro pramuladi sak cekapipun.

5. Adicoro sak lajeng ipun inggih puniko

Pasrah saking pihak besan ingkang badhe di pun salirani deneng panjenenganipun
Bopo …………..wedal soho sasono wicoro kulo aturaken sak cekapipun.

Mekaten menggah pasrah saking pihak besan tatas,titis kanthi boso soho ukoro
ingkang runtut datan mboten wonten ingkang karempit

6. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinugoto ing pakurmatan ,Sak lajengipun
kulo ancikaken adicoro sak lajeng ipun inggih puniko panampi pasrah ingkang badhe
di pun salirani deneng Bopo……………….wadal soho sasono wicoro kulo aturaken sak
cekap ipun.
Mekaten menggah panampi pasrah kanthi tatas,titis datan wonten ingkang karempit.

7. Salajengipun kulo ancikaken adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko Ijab
Qobul.Dumateng bapak petugas saking Kantor Urusan Agama kec. Prambanan kulo
sumanggakaken.

8. Salajengipun kulo ancikaken adicoro sak lajengipun inggih puniko Sabdo Tomo/ ular2
ingkang badhe dipun salirani dening Bopo……

9. Salajenipun kulo ancikaken adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko lereman
ingkang kaping kalih. Dumateng pramuladi wedal kulo sumanggakaken.

10. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang winengku ing suko rahayu,Sak meniko kulo
ancikaken adicoro sak lajengipun inggih meniko panutup.

Saderengipun dipun tutup,sedoyo kekirangan soho kelepatan kulo anggen ngaturaken


lampahing adicoro kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Salajengipun monggo kito tutup kanthi maos” Tahmid”menggah ingkang ngrasuk agami islam
,dene ingkang ngrasuk agami sanes kulo sumanggakaken.

Wassalamualikum wr.wb.

Kulo suwun dtemanten sarimbit jengkar saking sasono rinenggodi pun amping2i room
ibunipun jumeneng wonten sangajengipun dalem pawiwahan saperlu jawat astodhateng poro
tamu.
3. Mangayubagya
Assalamualaikum wr.wb.

Langkung rumiyen ngaturaken agenging panuwun dhumateng sederek kulo pranoto adi coro
ingkang sampun kepareng paring wedal dhumateng kulo.

Kawilujengan,kasarasan sih nugrahaning Gusti Ingkang akaryo bawono mugi tansah kajiwo soho
kasariro dhumateng poro rawuh kakung miwah putrid tuwin kulo.

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinugoto ing pakurmatan kepareng kulo nggempil
kamardikan panjenengan, ingkang nembe sami pangandikan kanthi imbal wacono ,badhe kulo
ginakaken matur dhateng ngarso panjenengan sanajan to naming satunggal klimah.

Poro pepundhen,pinisepuh soho sesepuh ingkang buntas ing pamawas soho luhuring budhi
pantes minongko panutaning poro mudho, ingkang satuhu kulo bekteni. Poro rawuh kakung
miwah putrid ingkang sinudarsono, pangaksami dhateng kulo,awit kulo kumowantun ngadeg
njejer dhateng ngarsopanjenengan sami. Jalaran kulo kapitadhos dhening Bopo……….tuwin ibu,
minongko sulih saliro talanging atur dhateng ngarso panjenengan sami. Esthining manah
Bopo………tuwin ibu badhe matur piyambak dhateng ngarso panjenengan sami.Inggih awit
saking bombonging manah,badhe matur piyambak mboten saged kawiyos ing lisan naming
tansah kandheg wonten samadyaning jonggo , pramilo kulo ingkang piniji matur dhateng
ngarso panjenengan sami.

Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang sinugoto pakurmatan,saderengipun kulo angaturaken
wosing gati, monggo sareng2 kulo dherekaken hamengku pujo puji dhateng ngarso dhalem
Gusti ingkang Moho Agung ,ingkang tansah paring berkah ,rohmat soho nikmat, mapinten-
pinten kanikmatan . Langkung2 bab kawilujengan soho kasarasan ingkang tansah tumandhuk
panjenengan sami dalasan kulo.

Saenggo rikalenggahan meniko kulo lan panjenengan sami saged ngestreni lan nderek mangayu
bagya dhateng Bopo……….. tuwin ibu ,anggenipun miwoho ingkangun putro putrinipun

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang minulyo,Bopo…………..soho ibu……….,sepisan ngaturaken


pambagyo wilujeng awit rawuh panjenengan sami. Ingkang angka kalih ngaturaken agenging panuwun
ingkang tanpo pepindan,dene bapak soho ibu sampun kepareng hangentengaken saliro nglonggaraken
penggalih saperlu minangkani atur panuwunipun Bopo………..sekaliyan .

Poro rawuh ingkang winengku suko basuki,Bopo………..soho ibu ngaturi panjenengan sami,
Bopo……….netepi darmaning tiyang sepuh,inggih meniko miwoho ingkang putro ingkang sesilih roro
ayu………..pikantuk bagus……..yogonipun Bopo………ingkang pidalem
ing……….kalurahan……………kecamatan………..kabupaten………….
Poro rawuh ingkang winengku ing suko rahayu, Bopo…..nyuwun gungan dhateng panjenengan
sami,mugi2 Bopo……anggenipun miwoho ingkang putro wiwit purwo madya lan wusono tansah
manggihi widodo wilujeng kali sing rubedho.

Inggih awit donga pangestu panjenengan mugi2 risang temanten sarimbit dadoso ngantos kaken2
ninen2 ,gesang reruntungan rerentengan kados mimi lan mintuno.

Mekanten ugi anggenipun mbangun bale wismo gesang bebrayan wonten madyaning masyarakat
agung, tansah manggihi widodo wilujeng kali sing rubedha ,kasembadan ingkang sinedya.

Ugi mboten kesupen Bopo………….sakaluargo ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo ipami
dhumateng poro sedherek,sanak kadang ,tonggo tepaleh soho poro wiranem mudo lan mudi ingkang
sampun kepareng nyengkuyung mbantu bot repotipun Bopo………..anggenipun miwoho putro,wiwt
purwo,madyo,dumugineng wusananipun pawiwahan .

Bantuan menopo kemawon dipun sok aken dhumateng Bopo…………sae arupi tenogo, bandha,sarto
penggalihan,saenggo saget angenteng ngenteng aken ingkang dados bot repotipun Bopo………
sakaluargo.

Awit saking kesaenan panjenengan wau Bopo……… mboten saget angaturaken pinwales menopo2
kejawi naming nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang moho Asih, mugi2 awit kesaenan
panjenengan wau pikantuk ganjaran samurwat ,keporo langkung saking meniko.

Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang winengku ing karaharjan.

Bopo………..soho ibu……… kanthi andhap asoring manah, mugi poro rawuh tansah angluberaken sih
samudro pangaksami dhumateng Bopo……… sakaluargo, menggah sedoyo kekiranganipun,sae
anggenipun nyaosi papan palenggahan, sae anggenipun nyaosi pasugatan, ingkang sruwa sruwi sarwo
nguciwani.

Kulo kinten kirang langkungipun makaten ingkang dados aturipun Bopo………. Ingkang lumantar
dhumateng kulo.

Poro rawuh ingkang minulyo,mbok bileh samangkeh poro wiranem, poro pramuladhi angaturaken
pasugatan menopo kemawon,ingkang sampun kaaturaken wonten ngarso panjenengan ,keparengo
panjenengan sami,ngasto dhahar ingkang prayogi kulo dherekaken.

Ingsalajengipun ngengingi pribadi kulo,kulo nglenggono inggih awit saking cubluk ing kulo, kirangipun
seserepan kulo,temtu kemawon kathah kelepatan kulo ,sae bab trapsilo,subo sito,toto krami,menopo
malih anggen kulo ngrakit boso ukoro,tuwin samsah tumpang suh ,saenggo kirang mranani penggaleh
panjengan sami,kanthi anurogo kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami dhumateng poro
rawuh kakung miwah putrid.

Jenang selo wader kali sesondheran .Apuronto sedoyo lepat kulo.

Billahi topik wal hidayah ,wassalamualaikum wr.wb.


4. Panampi Pasrah Pengantin

Assalamualaikum wr. Wb
Matur nuwun dhateng sederek panoto wicoro awit paringipun wekdal.

Kawilujengan saha kesarasan sih Nugrahaning Gusti ingkang akarya bawano mughi tansah
kajiwa saha kasaliro dhumateng poro tamu kakung miwah estri tuwin kulo.

Poro pepundhen ,pinisepuh ,saha sesepuh ingkang buntas ing pamawas saha luhuring budi.

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang pantes sinudarsono mugi jengandiko sami tansah
kepareng angluberaken sih samudro pangaksami. Mboten ateges kulo ngirangi unggah
ungguh , sopan santun soho toto krami. Inggih awit kulo piniji sulih saliro ,talanging atur,
matur dhateng jengandiko sami.

Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang minulyo,sanadyan saderengipun bopo……….


Sampun angrakit boso lan ukoro, esthining manah badhe matur piyambak dhateng ngarso
jengandiko ,inggih awit bombongipun manah mboten saged kawedar ing lisan,hamung
tansah kandheg wonten samadyaning jonggo, pramilo bopo………….miji dhateng kulo.

Kulo hatinanggenah minongko sulih saliro talanging atur nanggapi utawi anampi saking
pihak besan.

Saderengipun kulo anampi pasrah saking pihak besan, monggo sareng 2 kulo derekaken
muji syukur dhateng ngarso dhalem Gusti ingkang Moho wikan, ingkang tansah paring
barokah,rohmat soho nikmat,mapinten2 kanikmatan langkung2 bab kawilujengan soho
kesarasan ingkang tumanduk dumateng jengandiko soho ,kulo, sahenggo ri kalenggahan
meniko saget ngestreni bopo……anggenipun miwoho ingkang putro ingkang sesilih roro
ayu………….pikantuk bagus………. Putranipun bopo…….ingkang pidhalem ing dusun……..

Poro rawuh ingkang winengku suko basuki,mugi amereng aken kulo nanggapi utawi nampi
pasrah saking besan.

1. Pangarsaning duto saroyo,angaturaken salam taklimipun bopo…….mugi katur dhateng


bopo……..sakaluargo. Bopo…… angatur aken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan
lan katampi kanthi gembiraning manah,kanthi atur , Wassalamualaikum wr.wb.
Kasok wangsulipun Bopo……. Ugi ngaturaken salam taklim dhateng bopo…… sakaluargo
kanthi atur Assalamualaikum wr.wb.
2. Bopo………. Ugi angatur aken sarono mas kawin arupi seperangkat alat sholat, kinanten
rerangken sanggan ,majemuk,lan angsal2. Sedoyo paringipun bopo……… Bopo………
anampi kanthi angaturaken agenging panuwun tanpo upami. Awit kesaenan
bopo…….mugi pikantuk ganjaran saking ngarsanipun pangeran ingkang moho
Asih,selaras kaliyn kesaenanipun, kepareng langkung saking meniko.
3. Bopo………. Ugi ngaturaken sarono ingkang arupi arto,kinanten rerangken
sanggan,majemuklan angsal2 sedoyo paringipun bopo…….. bopo…….. anampi kanthi
angaturaken agenging panuwun ingkang tanpo upami.
Awit kesaenanipun bopo……. Mugi pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Pangeran
ingkang moho Asih ,selaras kaliyan kesaenanipun ,keporo langkung saking meniko.
NB :
Bopo………….ugi paring sangsangan (gelang) lan sesupe (cincin) kagem temanten putrid.
4. Bopo………….ugi ngaturaken calon temanten kakung ingkang kekasih bagus……….. kanthi
pamundhut mugi bopo ……..kepareng angijabaken kaliyan putrinipun ingkang miyos
estri,ingkang sesilih Roro Ayu ………….netepi darmaning asepuh ,Bopo………. Ugi nyagahi
menggah ijab ping temanten.
5. Sapari purnaning pawiwahan ,bopo…….. mundhut mugi temanten sarimbit dipun
lumarapaken dhateng dhalem ipun bopo………. Saperlu sungkem kaliyan tiyang
pinisepuh lan sanak kadang. Bab lumaraping temanten sarimbit ugi badhe dipun
leksanani.
6. Separipurnaning pawiwahan rombongan saking pihak besan badhe medhal pasilan
,mundhut pamit kondur. Pamundhut wau bopo……….anglilani, namung bopo……..bhoten
saged ngaturi menopo 2,kejawi naming nderekaken sugeng kondhur ,mugi2 wiwit
bidhalipun saking papan meniko ngantos dumugi dhalemipun piyambak2 tansah
manggihi widodo wilujeng lir ing rubedho pinanggih kuluwargo. Sapengker panjenengan
,kuluwargo ugi mekaten.

Poro rawuh kakung miwah estri ingkang winengku ing suko rahayu, inggih awit
cubluking seserepan kulo.Kulo nglenggono temtu tansah tumpang suh anggen kuylo
angrakit boso lan ukoro, saenggo kirang nuju prono . Pramilo kanthi anurogo andhap
asoring manah, kulo nyuwun lumebering sih samudro pangaksami.

Jenang selo wader kali sesondheran ,apurontho sedoyo kelepatan kulo.


Wassalamualaikum wr.wb.
5. DOA UTK TEMANTEN
Auudzubillahi minasysyaitonirrojim

Bismillahirrohmanirrokhim

Allhamdulillahirobbil alamin, hamdasy syaakiriin, hamdan naaimin,hamdan yuwaffiu mayyidah, ya


robbanal kamdu,kamma yanbaghi lijjalali, waj hi kal karrim, waadziimi sulthonik,. Alloohumma sholli alla
Muhammad, wa alla alihi, was oh bihi aj main.

Robbi auziibni an sya kuro nik matakallati an amta allaya ,wa ala wallidayya wa an amala sholiha
tardhohu, wa aslihli fi yurriyati inni tubtu ilaika wa inni minal muslimin.

Robbana dzolamna anfu sana , wa inlam taghfirlana,wa tarhamna lanna kunanna minaall khosirin.

Robbana innana samikna munadi ya yunadi lil iman , an aminu bi robbikum fa aamanna , robbana
fagfirlana dzunu banna, wa kaffi syyi aatina , wa taffana ma al abror, innaka la tuh liful mi at. Innaka
alla kulli syain khodhir.

Robbana la tu akhidna , inna sinna au ahthokna , robbana wa la tahmil alaina, isron kamma hamaltahu
alalladzina min khoblina, robbana walla tuhamilna maa laa thokota lana bih, wakfu anna, wagh firlana
,war hamnaa antaa mau lanna, fan surna alal kauimil kafirin.

Robbana hablana min azwa jina, wa zurriyatina kurrotan akyunin waj alna lil muttakiina imamma.

Robbanaj alna fi hadzannahari , awala solaha, wa au satuhu fa laha ,wa akhiruhu najaha.

Allohumma towwil umurona wa ahsih jasadana wa barik rozakana.

Allohumaj al baina huma, kama baina Adam wa Hawwa, wa Yusuf wa Yulaikha, biroh matika ya
arkhama rohimin.

Robbana la tuzik kullu banna, bak da idz hadai tanna, wa hab lanna milladun kharomah, innaka antal
wahab.

Robbana atina fi dunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah, wa kina adza bannar.

Subhana robbika robbil izzati amma ya sifun, wassalamu alal mursalin.

Wal khamdu lillahi robbil alami.

Wassalamu alaikum wr.wb.

Вам также может понравиться