Вы находитесь на странице: 1из 1

BOCAH JAMAN “NOW”

Tata krama iku salah satunggaling wujud kabudayan Jawi ingkang kudu ditindakake
kaliyan wong enom marang wong kang luwih tuwa. Kabudayan kui diwarisake leluhur jaman
mbiyen. Tuladhane tata krama marang wong tuwa yaiku menawa guneman nggunakake basa
krama, menawa kepapag gurune ing panggonan liya banjur asung kurmat. Ananging ing jaman
ingkang padha modern iki, tata krama marang guru sampun dilalekake.
Babagan kui uga kedadeyan ing sekolah iki. Para siswa omongan kaliyan guru kayata
omongan kaliyan kancane, ora nganggo basa ingkang becik. Para siswa ngira, yen tindak
tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong jirih, kosok baline, tindak tanduk kang
kasar dianggep patrape wong kang kendel. Bocah kang susila ora ateges bocah kang jirih,
nanging bocah kang bisa aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dikurmati. Nalika
arep metu kelas amarga arep menyang pakiwan, upamane, ora kena ndadak metu mbludhus
bae, nanging matur gurune dhisik. Kepethuk gurune ora malah mlayu ngenthar, nyingkiri,
nanging kudu asung kurmat mbok menawa iku amung dhungkluk. Ing sajrone kelas, nalika
ulangan utawa diwenehi tugas, para siswa wani mbantah lan ngajak debat gurune, kui wae uga
nganggo basa ingkang kasar lan ngegas. Apa maneh nalika nerak utawa nglanggar aturan,
minangka dikandhani mbantah, banjur mbantah nglawan. Ora mung kui, akeh siswa ingkang
kendel ngomongke guru ingkang ora-ora ing mburine tanpa ngerti saknyatane.
Ing jaman saiki, sakabehe dadi padha kuwalik. Para guru kudu manut karo kekarepane
siswa. Salah sithik, guru aweh hukuman banjur dikandhakake KPAI marang wong tuwane.
Amarga kui para murid dadi sakepenake dhewe. Beda karo jaman mbiyen, para murid kui
padha ngurmati lan ngajeni gurune. Ora ana kang omongan kasar marang gurune lan isih kena
dituturi. Para murid ngerti minangka udu mergo gurune ingkang menehi piwulangan, dheweke
rabakal duweni ngelmu ingkang migunani.
Ilange unggah-ungguh menika amarga pangaribawani dening budaya asing kang ora
cocok karo budaya jawa. Ing kulawarga uga, wong tuwa jaman saiki akeh kang ora patio
ngopeni unggah-ungguh lan tata krama iku kudu ditrepake wiwit bocah isih cilik.
Para bocah iku paneruse bangsa, mula saka iku kudu duweni tindak tanduk kang becik
lan nglestunake tata krama kang selaras karo jamane. Aja gampang kegawa pakulinan manca.
Aja dumeh yen wis dadi wong gedhe banjur ora gelem nindakake suba sita marang wong tuwa
utamane gurune. Aja dumeh wis rumangsa bisa lan pinter banjur rumangsa kudu diajeni
nanging wegah ngajeni. Aja dumeh duwe pangkat dhuwur banjur lali ngurmati wewenanging
liyan. Kita generasi mudha kudu dadi wong kang pinter, ora mung pinter bab pamulangan,
nanging uga kudu pinter bab kabudayan yaiku tata krama.

Вам также может понравиться