Вы находитесь на странице: 1из 9

RANGKUMAN MATERI ESENSIAL BAHASA JAWA KELAS 6

1. Disajikan satu bait geguritan, siswa dapat menentukan isi yang terkandung dalam geguritan.
Tuladha :
Ayo kanca padha makarya
Guyub rukun kabeh para warga
Gotong royong agawe santosa
Kerja bakti iku tumindak mulya
Wangsulan : kerja bakti kanthi guyub rukun
2. Disajikan sebuah dialog, siswa dapat menjelaskan maksud dari dialog
Tuladha :
Andi : “ Nembe maos punapa, Pak?”
Pak Madi : “ Iki lagi maca bab energi listrik.”
Andi : “ Punapa energi listrik punika, Pak?”
Pak Madi : “ Energi listrik iku, energi utama kang dibutuhake dening piranti listrik.”
Andi : “ Energi listrik punika rak kangge nggesangaken televisi, kulkas, mesin cuci , magic
com, setrika, lan salajengipun, ingkang wonten gegayutanipun kaliyan listrik inggih, Pak?
Pak Madi : “ Iya, akeh banget piranthi kang digerakake nganggo energi listrik.”
Wosing pacelathon ing ndhuwur ngandharake . . .
Wangsulan : gunane energi listrik.
3. Disajikan empat kalimat acak, siswa dapat menentukkan urutan kalimat sehingga menjadi paragraf yang
padu :
Tuladha :
1) Ngambarake iwak sura tarung karo baya
2) Kutha Surabaya saka tembung sura lan baya
3) Minangka lambange kutha Surabaya
4) Monumen gambar sura lan baya

Ukara acak ing ndhuwur urutna supaya dadi paragraf kang runtut !
Wangsulan : 4 – 1 – 3 – 2

4. Disajikan sebuah kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi dengan basa krama yang tepat.
Tuladha :
1) Ibu tindak peken . . . becak
2) Pak Guru . . . layang kabar wonten kantor
3) Bapak rawuh . . . angsal – angsal
4) Simbah sare . . . kamar

Ukara rumpang ing ndhuwur jangkepana kanthi basa krama kang trep !
Wangsulan :
1) nitih
2) maos
3) ngasta
4) wonten
5. Siswa dapat menentukan sebuah kalimat berita dalam huruf jawa yang menggunakan sandhangan panyigeg
wyanjana.
Jenise panyigeg :

1) h = wigyan = panyigeg H kanggo paten H


2) = = cecak = panyigeg Ng kanggo paten Ng
3) / = layar = panyigeg R kanggo paten R
4) \ = pangkon = penyigeg saliyane H, Ng, R (panyigeg aksara paten) ing pungkasane
tembung.
Tuladha : lemah lahar ing gunung kelud.
Tulisan latin ing ndhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . .
Wangsulan :
2 mh l a/ ai= 1u nu= ke lu f\
6. Disajikan 4 – 5 kalimat acak dalam membuat suatu benda, siswa dapat mengurutkan secara benar.
Tuladha :
1) Wenehana dluwang lan limen
2) Yen wis alus wangunen palang lan talenan
3) Pring mau iratana kang alus lan timbangen
4) Goleka pring rong ler dawane 30 cm
5) Wenehana tali bolah

Urutna ukara – ukara ing ndhuwur supaya dadai runtut carane nggawe layangan.
Wangsulan : 4 – 3 – 2 – 1 – 5

7. Disajikan tembung “macapat pucung”, siswa dapat menjawab teka – teki dalam tembung tersebut.
Tuladha :
1) Bapak pucung
Tanpa untu darbe siyung
Badanira panjang
Tutukira pan persegi
Dina – dina si pucung nguntal buntutnya
2) Bapak pucung
Cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kereng
Prapteng wisma sipucung mutah kuwaya
Tembang pucung ing ndhuwur batangane . . .
Wangsulan :
1) Sabuk
2) Jun utawa klenthing

8. Disajikan sebuah kata yang mengandung suku kata re/ le, siswa dapat menentukan penulisan dengan huruf
jawa yang benar.
Tuladha :
1) lelabuh nagari, yen ditulis nganggo aksara jawa . . .
2) reretune jagad, yen ditulis nganggo aksara jawa . . .

Wangsulan :

1) 2 l bu h n g ri
2) # # tu [ n j 1 f\

9. Disajikan tembang macapat “ Gambuh”, siswa dapat menentukan guru lagu dan guru wilangan pada salah
satu gatra.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang tutur ketula – tula ketali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pari dadi awon
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula – tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katulapan dadi awon

Guru lagu lan guru wilangan gatra ke 2 ing ndhuwur yaiku . . .


Wangsulan : 10u → kang – ci – na – tur po – lah kang ka – lan – tur
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 (u)

10. Disajikan sebuah gambar tokoh pewayangan pandawa, siswa dapat menyebutkan nama tokoh tersebut.
Tuladha :
11. Disajikan sebuah kalimat dengan menggunakan tulisan jawa memakai pasangan siswa dapat mengubah
tulisan jawa menjadi tulisan latin.
Tuladha :

f/ s ni qi ri sN n n\
Tulisan aksara jawa ing ndhuwur yen ditulis latin yaiku . . .

Wangsulan : Darsini ngiris nanas

12. Disajikan sebuah kalimat dengan tulisan jawa rumpang siswa dapat melengkapi dengan kalimat yang
benar.

Tuladha :

[ b o ch ....... l s He fe m\
Wangsulan : ke

13. Disajikan sebuah kalimat, siswa dapat mengubah menjadi kalimat dengan tulisan jawa.
Tuladha :
Sardi nyupir bis → s/ fi vu pi/ b s\
Reresik kelas → # # si keK l s\
14. Disajikan geguritan, siswa dapat menentukan latar/ tempat waktu kejadian dalam geguritan tersebut.
Tuladha :
Wanci maghrib tumeka
Donggala Palu
Ketaton, nangis
Tekane stunami, nambah tangis saya ndadi
Buntute naga ngobahake bumi
Kang ndadekake tangise ibu pertiwi
Stunami. . .
Kridhamu gawe mirising ati
Gedhong – gedhong gedhe rubuh dadi siji
Kegulung ombakmu
Lemah padha bengkah, gunung jugrug
Nyebabake ilange bandha donya uga nyawa
Geguritan ing ndhuwur kedadeyan ing . . .
Wangsulan : ing Donggala Palu

15. Disajikan penggalan cerita rakyat/ dongeng setempat yang umum dikenal .
Siswa dapat:
- Menentukan : tokoh utama
- Menentukan watak/ karakter salah satu tokoh

16. Tuladha :

Asal Usul Tlaga Sarangan

Miturut critane, biyen Tlaga Sarangan iku wujud sawah kang jembar banget. Ing kono dedumung
sawijine wong kang arane Kyai Pasir. Kyai Pasir asale saka Desa Sawunggondhang. Teka ing papan kono
saperlu nggarap sawah kang bawera lan ngundhuh asile. Kyai Pasir uga duwe gegayuhan luhur, yaiku
mulang wuruk bab agama.

Suwening suwe Kyai Pasir ketemu jodhone sawijine wanita kang uga saka tlatah kono wae. Kyai
Pasir ora diparingi momongan, sanadya wis puluhan tahun anggone omah- omah nanging tetep sabar lan
narima.sanadyan mangkono Kyai lan Nyai Pasir, pungkasane tetep goleng momongan kanthi mupu anak
lanang kang dijenengake Jalilung utawa Jaka Linglung ing sawijining wengi kyai Pasiroleh wangsit supaya
njupuk endhog ana tunggak kayu kang cacahe loro ing tengah sawahe. Esuke gegoncengan menyang sawah
saperlu njupuk endhog mau. Banjur digawa mulih, digoreng kanggo lawuh.

Kaelokane kahanan, sawise mangan endhog, awake krasa gatel kabeh. Saya suwe gatele saya
nemen. Kyai lan Nyai Pasir banjur mlayu menyang sawahe. Saperlu kungkum ana lendhut. Keelokan
lelakon, Kyai lan Nyai Pasir ilang musna. Ing papan kono banjur metu tuk banyu kang gedhe banget,
njalari sawah mau dadi tlaga kang jembar, kang saiki diarani Tlaga Sarangan.

- Paraga utama crita ing ndhuwur yaiku . . .


Wangsulan : Kyai Pasir
- Kepriye watake Kyai Pasir ?
Wangsulan : Sabar lan narima

17. Disajikan kalimat seri secara acak dengan tema tertentu, siswa dapat menentukan urutannya.
Tuladha :
1) Ditandur kanthi ukuran tertamtu.
2) Winih pari didaut (dijeboli) cepak tandur
3) Gabah diurit (didhedher)ing lemah jemek
4) Watara umur 3 – 4 wulan, pari wis bis dipaneni

Urutna kang bener ukara ing ndhuwur yaiku . . .

Wangsulan : 3 – 2 – 1 – 4

18. Disajikan sebuah kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi dengan kata yang menggunakan seselan um
utawa in .
Tuladha :
1) Seselan um :
- kowe mbok aja (guyu) wae
guyu + um = gumuyu
- lawange wis (menga) kabeh
menga + um = tumenga
- Kembang melathi (sebar) ing mburi
Sebar + um = sumebar
2) Seselan in :
- Uripe manungsa iku wis (garis) dening kang maha kuwaos
Garis + in = gineris
- Mugi – mugi (tebih) saking sambi kala
Tebih + in = tinebih
- Kabeh wis (tulis) ana cathetan
Tulis + in = tinulis

19. Disajikan sebuah kalimat yang menanyakan pengertian dari paribasan


Tuladha :
- Gegayuhan kang mokal kelakon, diparibasaake
Cecak nguntal empyak , cebol nggayuk langit
- Wong kang ora tetep atine (mencla – mencle) diparibasaake
Esuk dele, sore tempe
- Wong tuwa njaluk wuruk wong enom diparibasaake
Kebo nusu gudel

20. Disajikan kalimat peribasan siswa dapat mengartikan paribasan .


Tuladha :
- Wiwit kuncung nganti gelung, tegese wiwit cilik nganti gedhe/ tuwa
- Ketula – tula ketali, tegese wong kang susah nandhang sangsara
- Jer basuki mawa bea, tegese samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.

21. Siswa dapat melengkapi sebuah kalimat dengan tembung saraja yang tepat
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dinggo bebarengan supaya ngemu
tegese mbangetake.

Tuladha : adiluhung, ayem tentrem, budi daya budi pekerti, darma bekti, edi peni, puji syukur, jejel riyel,
guyup rukun, lsp.
- Kahanan ing padesan tansah . . . tentrem
- Jangkepana ukara ing ndhuwur, supaya dadi ukara kang trep.
Wangsulan : ayem

22. Disajikan teks bacaan sederhana dengan tema tertentu , siswa dapat :
- Menentukan judul bacaan (irah – irahan) yang tepat
- Menentukan simpulan isi bacaan

Tuladha :

Ngingah Tawon

Bapak ngingah tawon glodhoganipun kathah sanget, dipun papanaken ing kebon kopi wingkingipun
griya. Wit kopi lan tawon punika bantu – binantu. Wit kopi pinuju sekar, madunipun dados tedhanipun
tawon. Dados mboten kajarak nalika tawon ngisep madu ing sekar kopi, mbantu kopi mindhahaken kepala
putikipun sekar. Njalari sekar lajeng dados pentil kopi.

Wontenipun bantu – binantu antawisipun sekar kopi lan tawon punika, ingkang angsal mupangatipun
inggih punika ingkang ngingah tawon lan nanem kopi. Tawonipun ngasilaken madu kathah kopinipun
ndados. Angsal – angsalipun ngingah tawon lan nanem kopi saget mbantu nyekapi kebetahan kuluwarga.

23. Irah – irahan wacan ing ndhuwur, yaiku . . .


Wangsulan : ngingah tawon
Dudutan wacan ing ndhuwur yaiku . . .
Wangsulan : ngingah tawon lan nanem kopi, ageng mupangetipun.

24. Disajikan teks geguritan sederhana dengan tema tertentu, siswa dapat
- Menentukan isi geguritan
- Menjelaskan arti salah satu kalimat dalam geguritan

Tuladha :

Sun nggegurit
Nuswantara papan amba
Lohjinawi kerta raharjo
Tegal sawah katon bawera
Dadya dumununging bangsa
Negara Pancasila
Dadya dhasaring praja
Nusa bangsa tulus raharja
Penjajah teka mesthi sirna
Kukuh – bakuh Nuswantara
Wosing geguritan ing ndhuwur yaiku . . .
Wangsulan : Kahanan Nusantara

25. Tegesing tembung : Dadya dumununging bangsa

Dumununging tegese : papan panggonan

26. Siswa dapat melengkapi kalimat paribasan yang belum sempurna


Tuladha :
a. Ulat madhep ati karep
b. Sendhakep ngawe – awe
c. Ketula – tula ketali
d. Punjul ing apapak, mrojol ing akarep
e. Rukun agawe santosa crah agawe bubah
f. Sepi ing pamrih rame ing gawe
g. Rawe – rawe rantas , malang – malang putung
h. Mikul dhuwur mendhem jero
i. Emban cindhe emban siladan
j. Obah ngarep kobet mburi

27. Siswa dapat menentukan salah satu kata menurut jabatannya dalam kalimat ( J – W- L – K ) dari kalimat
yang disajikan dengan pola tertentu.
Tuladha :
Bocah kelas IV melu lomba Drumband ing Kecamatan
Miturut dhapukane J – W – L – K, tembung melu lomba kadhapuk dadi . . .
Wangsulan : wasesa

28. Disajikan kalimat dalam tulisan jawa, siswa dapat menentukan penulisan salah satu kata dalam huruf latin.
Tuladha :
a ni ke tu l tu l ke t li
Tembung : ke tu l yen ditulis nganggo aksara latin dadi . . .
Wangsulan : ketula

29. Siswa dapat memilih penulisan kalimat dalam bahasa krama alus/ inggil.
Pak Mardi arep lunga menyang Malang.
Ukara ing ndhuwur yen dikramake alus dadi. . .
Wangsulan : Pak Mardi badhe tindak dhateng Malang.

30. Siswa dapat mengubah kalimat tidak langsung (ukara crita) menjadi kalimat langsung (ukara kandha)
Tuladha : Surati kandha, yen aku kudu sregep sinau supaya pinter.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis dadi ukara kandha yaiku . . .
Wangsulan : surati kandha , “ aku kudu sregep sinau supaya pinter.”

31. Siswa dapat menentukan nama sebuah tembang dari diskripsi sebuah tembang macapat yang telah disajikan
Tuladha :

Mingkar mingkuring angkara


Angkara karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih ketata pakartining ngelmu
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama agenging aji
Tembang macapat ing ndhuwur arana tembang . . .
Wangsulan : pangkur (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)

32. Siswa dapat melengkapi kalimat dengan menggunakan tembug rangkep dwipurwa (salin swara)
Tembung Dwipurwa yaiku tembung lingga kang wanda (suku kata) sing ngarep dirangkep.
Tuladha :
Tulung = tetulung guyu = geguyu
Luhur = leluhur tuku = tetuku
Laku = lelaku lara = lelara

Senadyan beras wis mundhak rega, nanging sing (tuku) isih antri – antri .
Tembung ing njero kurung dwi purwaning, yaiku . . .
Wagsulan : tetuku

33. Siswa dapat melengkapi kalimat parikan


Tuladha : kolang – kaling pakan ula, sadhompol isine telu.
Eling – eling dadi siswa rina wengi
kanggo njangkepi parikan ing ndhuwur yaiku . . .
Wangsulan : sregep sinau

34. Disajikan teks pidato rumpang pada bagian penutupnya, siswa dapat :
- Melengkapi kalimat penutup pidato
- Menentukan isi pidato
Tuladha :
Makaten reroncening basa ingkang saget kula aturaken ing pahargyan dinten
ABRI punika, ing wasana mbok bilih wonten kekiragan utawi wonten kirang leresing subasita kula,
kula . . .
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Jangkepane ukara rumpang ing ndhuwur yaiku . . .
Wangsulan : nyuwun agunging pangaksami.

35. Wosing sesorah ing no. 34 yaiku . . .


Wangsulan : Pahargyan dinten ABRI

36. Siswa dapat melanjutkan teks dialog dengan bahasa yang benar, dari sajian sebuah teks dialog yang belum
lengkap.
Tuladha :
Pak Budi : “ kepriye anggonmu melu Lomba Drumband?”
Bagus : “ Puji syukur, Pak. Kula saregu saget mimpang”.
Pak Budi : “ Wah, menang? Sekolahmu bisa menang?”
Bagus : “ Inggih, Pak. Pikantuk pangestunipun Bapak.
Pak Budi : “ . . . . ?”
Bagus : “Hadiahipun arupi piagam, tropi, saha tabungan, Pak.”
Jangkepane pacelathon kang rumpang, yaiku “Banjur oleh hadiah apa?”

37. Disajikan satu tembung dwipurwa dalam tulisan latin , siswa dapat mengubah menjadi tulisan huruf jawa.
Tuladha : Tetuku yen ditulis nganggo aksara jawa dadi . . .
Wangsulan : tu tu ku
38. Disajikan satu bait tembang pucung, siswa dapat menyebutkan guru wilangandan guru lagu dari gatra
tertentu.
Tuladha :
Pucung

Ngelmu iku
Lelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekesing dur angkara
Guru lagu lan guru wilangan gatra kang ka 4, yaiku . . .
Wangsulan : 8i

39. Siswa dapat menentukan watak salah satu tokoh dalam cerita dari cuplikan cerita rakyat yang telah
disajikan.
Tuladha :
Dewi Ragil Kuning

Dewi ragil Kuning wusanane ditemu dening juru tambang ing dhadapan lan dipek anak. Deweke
dijenengake Sarah Wulan sarta diwenehi peparab Bawang. Juru tambang uga wis duwe anak wadon
kang luwih gedhe tinimbang Bawang peparab Brambang. Ana kono Ragil kuning dipleter penggawean
wiwit masak, umbah – umbah, nganti resik – resik. Yen salah utawa ngaso mesthi disrengeni malah
kadhang – kadhang dipilara.
Watake Brambang yaiku . . .
Wangsulan : dheksiya.

40. Siswa dapat menulis sebuah kata dengan huruf jawa yang menggunakan pasangan ha sampai la.
Tuladha :
1) Rujak nanas , yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . ru jkN n n\
2) Kulak rabuk , yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . ku l kR bu k\
3) Anak lanang , yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . ankL n=
41. Disajikan nama sebuah asal kerajaan, siswa dapat menyebutkan gambar tokoh wayang yang memimpinnya.
Tuladha :
1) Ngamarta : Asma Ratune : Puntadewa/ Yudhistira
2) Yodhipati : Asma Ratune : Werkudara/ Bimasena

3) Madukara : Asma Ratune : Arjuna/ Janaka/ Permadi

42. Siswa dapat menentukan nama lain (dasa nama) dari salah satu Tokoh Pandawa.
Tuladha :
1. Dasa namane Raden Janaka yaiku Raden Arjuna, Raden Permadi, Margono
2. Dasa namane Puntadewa yaiku Yudhistira, Darma Putra, Darma Kusuma
3. Dasa namane Werkudara yaiku Bima, Antasena, Brontosena
4. Dasa namane Sadewa yaiku raden Pinten
5. Dasa namane Nakula yaiku Raden Tangsen

43. Siswa dapat menyebutkan 5 nama Tokoh wayang Pandhawa


Tuladha : 5 (lima) asmane Tokoh wayang Pandhawa, yaiku . . .
Wangsulan :
1. Puntadewa
2. Werkudara
3. Janaka
4. Nakula
5. Sadewa

44. Disajikan contoh bagian surat pribadi, siswa dapat menentukan nama bagian surat tersebut.
Tuladha :
Sembah pangabekti kula
Katur dumateng Bapak – Ibu
Ing ndalem
Perangan layang ing ndhuwur jenenge yaiku . . .
Wangsulan : Adangiyah
45. Siswa dapat melengkapi kalimat parikan.
Tuladha :
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi murid, sing . . .
Wangsulan : sregep sinau

46. Siswa dapat menulis proses membuat kerajinan alat rumah tangga, dengan menggunakan 4 macam bahan.
Tuladha :
1. Bathok
2. Pring 30 cm
3. Peso, graji
4. Kertas gosok

Carane gawe “Irus Bathok”

1. Bathok digraji nganti tugel, digosok nganti alus nganggo kertas gosok
2. Pring watara 30 cm diirati lan dibentuk dadi garan
3. Bathok kang wis apik lan dibolongi terus dipasang garan
4. Irus wis dadi lan kena digunaake.

47. Siswa dapat menulis kembali dengan urutan yang tepat, dari 4 kalimat acak yang sudah disajikan menjadi
paragraf dengan kalimat yang padu.
Tuladha :
1. Ngintirake kethokan – kethokan kayu gedhe
2. Udan deres sedina sewengi
3. Nebang kayu sembarangan tan yen ana Reboisasi
4. Banjir bandhang ngelepi kabeh tlatah
Urutna ukara ing ndhuwur, supaya dadi paragraf kan runtut!
Wangsulan : 3 – 2 – 4 – 1

48. Disajikan satu paragraf terdiri atas empat kalimat sederhana yang menggunakan basa ngoko alus, siswa
dapat mengubah menjadi basa krama alus/ inggil.
Tuladha :
1. Ibu nampa layang saka Sumadi
2. Banjur diwaca ana ngarepan
3. Isine khabar kabungahan
4. Ngandhake menawa wis oleh pegaweyan

Ukara – ukara ngoko ing ndhuwur , owahana dadi basa krama alus/ inggil!
Wangsulan :
1. Ibu nampi serat saking Sumadi
2. Lajeng dipun waos wonten ngajengan
3. Suraosipun pawartos kabingahan
4. Ngaturi pirsa menawi sampun pikantuk padamelan

49. Siswa dapat menuliskan dalam bentuk tulisan aksara jawa, dari sajian sebuah paragraf teks bacaan terdi
dari 2 kalimat sederhana.
Tuladha :
bpkJ mt\ = Bapak Camat
sjk S yh = Sajak Sayah
50. Siswa dapat menuliskan kerangka dalam membuat pidato.
Tuladha : Cengkorongane sesorah yaiku . . .
1. Pembuka
2. Isi (wosing sesorah)
3. Penutup.

Вам также может понравиться