Академический Документы
Профессиональный Документы
Культура Документы
1. Pembukaan
2. Sambutan selamat dating dan laporan
Ketua Takmir masjid
3. Sambutan pimpinan rombongan
Ketua Tim Kec. Tepus
4. Pengajian
Ustadz
5. Sambutan Pelepasan
Kepala Desa
6. Penutup
Assalaamu’alaikum Wr.Wb
Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin
Rokhimakumulloh.
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur
wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan,
sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki
kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto
umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko,
soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro
wonten dalu puniko:
Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak
kanthi waosan basmallah sesarengan.
Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos
dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu
puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.
Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh
panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb