Вы находитесь на странице: 1из 3

Bab 1

Pendahuluan

Latar belakang

Ing jawa akeh banget sing jenenge adat istiadat kuwi. Akeh banget upacara-upacara sing dilaksanaake
kanthi tujuan tertentu. Upacara iku biasane diadaake ing wula-wulan utoeo hari hati sing wes
ditentuake. Upacara sing kalebu adat kuwi yaiku budaya sing wes ana ket jaman ndisik. Budaya kuwi akeh
banget jenise, salah sijine sing ana ing pulau Jawa iku kawujud upacara. Salah siji upacara sing
dilaksanaake ing jawa yaiku Larung Sesaji. Larung sesaji kuwi kanggo nyukuri nikmat Gusti Allah ingkang
sampun maringi nikmat ingkah katag. Larung sesaji iku dilaksanaake ndek pesisir pantai lor lan kidul
pulau jawa. Upacara iki dilaksanaake saben tanggal 1 suro utowo kanggo mempringati taun baru hijriah
(1 Muharam).

Rumusan masalah

1. Apa iku larung sesaji, tujuane opo, lan piye larung sesaji iku?

2. Kepriye porsese larung sesaji kuwi?

3. Perlengkapane opo ae?

4. Sapa ae sing isa nekani larung sesaji lan apa ae larangane?

Tujuan

1. Supaya bisa ngerti budaya Jawa rupa larung sesaji.

2. Yen wes ngerti, adewe sebagai warga jawa iso ngelestariake budaya jawa sing isih enek kuwi.

3. Adewe kudu iso ngrumati adat jawa sing enek lan ora ngerusak budayane adewe dewe.
Bab 2

Pembahasan

Masyarakat jawa nduweni akeh cara digae ngungkapake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuasa.
Salah sijining cara kanggo ngungkapake ras syukur yaiku nglaksanaake upacara utawa ritual Larung Sesaji.
Ritual iki yaiku bentuk syukure warga marang Sang Pencipta. Ialah bentuk sedekah alam sing
dilaksanaake kanggo mensyukuri nikmat saking Gusti Kang Maha Luhur sing sampun nglimpahakae rejeki
ingkang paling utama awujud hasil bumi. Sakliane kuwi, upacara iki uga dimaksudaken kanggo bentuk
permohonan rejeki lan keselametan

Larung sesaji kuwi salah sijining upacara utawa adat utawa ritual ingkang ana ing pulau Jawa saka akehe
budaya ing masyarakat Jawa. Larung sesaji iki nduweni makna dewe sing penting kanggo masyarakat
Jawa. Yen upacara iki ora dilaksanaake bakalan enek bencana sing nekani pulau Jawa. Larung sesaji siji
suro yaiku ritual saben tanggal siji suro digae nglestariake budaya Jawa. Ritual iki iso ae dadi awujud
syukure nelayan atas ngelimpahe iwak - iwak lan dungo tolak bala supaya terhindar saka sekabehe
masalah. Ritual iki dilaksanaake ing tanggal siji suro yaiku pas taun baru islam (1 Muharam).

Awale larung sesaji yaiku kepercayaan masyarakat ing sekitar pantai kanggo njaga ketentreman lan
keseimbangan. Nanging, sering mlakune waktu, seiring karo perkembangan lan peradaban larung sesaji
dsdi upacara ritual rutin saben taune. Larung sesaji ngalami perkembangan-perkembangan sakiringe
mlakune wakti. Enek perubahan-perubahan sing ngenani ing larung sesaji iki. Sing pas awale kae yaiku
kepercayaan utawa budayane nenek moyang sing isik murni ajaran animisme lan dinamisme. Nanging
eneke fenomena melbune unsur-unsur keislaman ing tradisi kasebut, kayata dungo-dungo keselamatan
ing agama islam, lan pemimpin utawa panitia upacara iki pada agamane islam. Larung sesaji iki sing
awale uduk ritual sing pas karo agama islam akhire isa ngalami akulturasi mujudake budaya sing isa
dilaksanaake wong islam. Sinf awale ndisik dikiraaken musyrik, saiki isa dilaksanaake amarga ritual iki
kanggo wujud syukur marang Gusti Allah.

Tradisi larung sesaji iki bertujuan kanggo sedekag lan ndungaake lautan supaya dirahmati Gusti Kang
Maha Luhur. Lan ngingetaken yen nelayan kuwi nggantungaken asil tangkepan iwak marang Gusti Kang
Maha Luhur. Keberadaan ritual iki sik urung akeh wong sing ngerti. Nanging ritual iki tetep isa mlaku
saben taune lan tetep dilestariake.

Upacara larung sesaji iki iso ditemukake ing berbagai daerah kang ana ing Indonesia, tepate ing pulau
Jawa sing utama ing daerah pesisir pantai, pantai lor uga pantai kidul. Yakni Blitar, Pacitan, Banyuwangi,
Madura, lan sak panunggalane. Waktu nglaksanaake saben daerah beda-beda. Tergantung karo
kepercayaan saben daerah ing masyarakat sekitare. Salah sijine Banyuwangi (Petik Laut yeng wong
Banyuwangi nyebute). Dilaksanaakr ing dina Rabu terakhire pas wulan Sapar. Masyarakat Banyuwangi
percaya yen dina kuei ialah dina nyebloke wabah penyakit lan bencana, gara-gara kuwi dilaksanaake
larung sesaji uatawa petik laut kanggo ngalau bencana kang enek. Beda karo daerah Blitar pelaksanaake.
Yen ing Blitar dewe larung sesaji dilaksanaake pas tanggal siji suro sing pas karo tanggal siji Muharam.
Pelaksanaake ritual iki kango salah siji saka akehe ritual sing dilaksanaame masyarakat Jawa kanggo
mrmperingati tekane taun anyar Hijriyah.

Вам также может понравиться