Вы находитесь на странице: 1из 14

SOAL UJIAN SEKOLAH

MAPEL BAHASA JAWA


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

S:1) Nuladha laku utama


Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda

Kepati amersudi
Gatra 4 ing tembang sinom ing ngingilinggih puniko …
A:) Tanapi ing siang ratri
B:) Mingkar- mingkuring angkara
C:) Pinesu tapa brata
D:) Kartenak tyas ing sasama
E:) Panembahan senopati
JAWAB: E

S:2) Serat wedhatama ngandhut pitutur luhur kanggo bangun …


A:) Solah bawa
B:) Budi pekerti
C:) Tepa selira
D:) Gotonh royong
E:) Bangun nagri
JAWAB: B

S:3) Tembang sinom gatra 7 inggih punika …


A:) Nuladha laku utama
B:) Kepati amersudi
C:) Sudane hawa lan napsu
D:) Pinesu tapa brata
E:) Tanapi ing siang ratri
JAWAB: D
S:4) “Sudane hawa lan napsu “ cakepan tembang sinom ing inggil tegese …
A:) Gawe marem, adem, tentreming liysn
B:) Kebak welas asih mring sasama
C:) Tansah memper hawa napsu
D:) Rina wengi tansah makarya
E:) Anjuput patuladan saka tumindak kang utama
JAWAB: C

S:5) Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki:

1. Panjlentrehan Kedadeyan
2. Pucuking konflik
3. Pengenalan kahanane crita
4. Rerampungan crita (ending)
5. Nuju ananing konflik
Urutan kang bener mlakune crita yaiku…

A:) 1-3-2-5-4
B:) 1-5-4-2-3
C:) 4-1-3-2-5
D:) 3-2-4-1-5
E:) 3-1-5-2-4
JAWAB: E

S:6) Isine cerkak yaiku…

A:) Padudone manungsa karo awake dhewe(konflik batin)


B:) Dhasare sawijining crita
C:) Kauripane kewan
D:) Imajinase pengarang
E:) Nyritakake babagan kauripane tokoh kang diwenehi padudon,prastawa kang
nrenyuhake utawa nyenengake
JAWAB: E

S:7) Amanat ing sawijining cerkak sumimpen kanthi sinandi ing cerkak, mula kanggo
nemtokake amanat iku kudu…
A:) Mangerteni jenenge cerkak
B:) Maca irah-irahane
C:) Maca paragraph kang pungkasan
D:) Mangerteni alamat pengarange
E:) Maca cerkak kanthi rampung
JAWAB: E

S:8) Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora ngrresula .
Saka carita iku, pamireng ngerti yen karep saka crita iku supaya dadi murid kudu bekti
karo gurune. Perangan kang mapan ing crita iku diarani...
A:) Paraga
B:) Amanat
C:) Latar/setting
D:) Watak paraga
E:) Alur
JAWAB: B

Tembang macapat ing ngisor iki kanggo wangsulan pitakonan no. 9 lan 10
Aja nganti kebanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayekti

S:9) Tembang macapat iku duweni guru lagu lan guru wilangan ...
A:) 7u, 9u, 12i, 7u, 8o
B:) 7u, 8u, 12u, 8u, 8i
C:) 7u, 8u, 12a, 8u, 8o
D:) 7u, 8o, 12u, 8u, 8i
E:) 7u, 9u, 12i, 8u, 8o
JAWAB: E

S:10) Kang dadi isine tembang ing dhuwur yaiku ...


A:) Ajaran budi pekerti
B:) Ajaran jujur
C:) Ajaran sopan lan santun
D:) Ajaran mandhiri
E:) Ajaran tata krama
JAWAB: B
S:11) Gathekno tembang gambuh ing ngisor iki

Sucine tanpa banyu


Among nyenyudha ardaning kalbu
Pambukane tata titi ngati-ngati
Atetep telaten atul
Tuladhan marang ulaspaos

Wong kang bisa suci ing cakepan tembang gambuh iku sarana saka ...
A:) Siti
B:) Tirta
C:) Bantala
D:) Myuda hawa napsu
E:) Pinesu tapa brata
JAWAB: D

S:12) Sing dudu sasmitaning tembang gambuh yaiku ...


A:) Sembun
B:) Tambauh
C:) Anom
D:) Imbuh
E:) Embuh
JAWAB: E

S:13) Tembang kang isine mujudake pealambang wong gesang ing kahanan supaya
ngungkurke kadonyan, nyingkiri angkara lan nepsu yoiku tembang ...
A:) Mijil
B:) Sinom
C:) Megatruh
D:) Pocung
E:) Pangkur
JAWAB: E

S:14) “Mingkar mingkuring angkara” pethilan tembang kasebut tegesipun ...


A:) Nyedhaki tumindak kang ala
B:) Prayoga nggunakake tumindak becik kanthi tekun
C:) Ngedohi sawenehe tumindak kang ala
D:) Prayoga nggunakake tumindak becik
E:) Tumindak becik lan ala kudu digugu
JAWAB: C

S:15) Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Tegese “lekase lawan kas” yaiku …


A:) Adoh saka kasunyatan
B:) Oragelemdiarani bodho
C:) Kawiwitan kanthi niat
D:) Jaluk dialembana saben dina
E:) Wong pinter kang waspada ngalah
JAWAB: C

S:16) Ana ing serat Wedhatama pupuh pocung duweni piwulang kawicaksanaan sejati,
kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku, kejaba …
A:) Mangerteni babagan kang becik lan awon
B:) Nyinau babagan busana lan sopan santun
C:) Nindhakake kewajiban kanggo mangerteni ngelmu
D:) Ngelingake marang pepati
E:) Ikhlas, lila legawa marang pesthine gusti
JAWAB: B

S:17) Arane panganan iki asale saka basa Arab afuan/afuwwun sing tegese pangapura.
Miturut filosofi Jawa panganan iki nduweni teges njaluk pangapura saka sawenehing
kaluputan. Ilate wong jawa lumrah ngarani panganan iki apem. Wujude apem ana ing
wangsulan sing endi ?
A:)

B:)

C:)

D:)

E:)
JAWAB: B

GAMELAN KANGGO TAMBA ATI

Jaman iki sansaya maju. Pemikirane warga bebrayan ya tambah maju. Semono uga
ngenani ngrembakane musik kang dadi katentremane bebrayan, uga tambah akeh pilihan
lan keblate menyang nagari-nagari maju.

Dene musik - musik lokal lan tradhisional malah dikiwakake, mligine dening generasi
mudha saiki. Ngendikane Bambang Suhendro, guru SMK 8 Solo, apa kang kelakon iku
sajane salah kaprah. Sebab, musik tradhisional saiki malah dadi golekane bangsa maju,
contone gamelan.

"Jroning gamelan, cara tabuhe nggunakake rasa lan ngemot rasa kang jero lan tandhes
sarta piwulang luhur. Gamelan bisa dadi tamba ati. Ing nagari modheren malah kanggo
piranti terapi," pratelane Bambang, nalika ditemoni sawetara wektu kapungkur.

S:18) Jroning gamelan, cara nabuhe nggunakake rasa lan ngemot rasa kang jero lan
tandhes sarta piwulang luhur. Tuladhane . . . .
A:) nabuh seru-seruan
B:) ora gelem diatur
C:) rukun lan kompak
D:) sakarepe dhewe
E:) nabuh kendhang dithuthuk
JAWAB: C

S:19) Gamelan bisa dadi tamba ati, mengku karep . . . .


A:) nambani rasa
B:) nambahi lara
C:) gawe gelo
D:) ngajak prihatin
E:) gawe goreh
JAWAB: A

S:20) Sapa kang duwe kewajiban nglestarekake gamelan . . . .


A:) bangsa manca
B:) nagari sabrang
C:) para raja
D:) para leluhur
E:) genrasi mudha
JAWAB: E

S:21) Gambar ing duwur yaiku piranti gamelan sing jenenge..


A:) Kecer
B:) Kenong
C:) Bonang
D:) Gendang
E:) Gambang
JAWAB: B

S:22) Gambar ing duwur yaiku piranti gamelan sing jenenge..


A:) Gong
B:) Kenong
C:) Bonang
D:) Gendang
E:) Gambang
JAWAB: C
KANGGE SOAL NO 23,24,25

Raden Said : Karana panjenengan salah satunggale waliyyullah ing tanah Jawi.
Dosa menapa ingkang kula sandhang, Kanjeng Sunan samenika sanes emas ingkang kula
betahaken nanging kula pengin uwal saking sedaya lelampahan menika Kanjeng Sunan,
kula sampun mboten kiyat. Kula tumindak mekaten jalaran kepeksa ing kahanan. Kula
mbrandhal, main, ngacu, lan sapiturute. Krana kula boten saged, lan boten kiyat nyawang
kahanan Tuban, ingkang mboten adil, kathah para panggawa, kathah para nayaka ingkang
boten jujur. Kula tumindak ngaten menika kangge mitulungi dhateng tiyang-tiyang
ingkang mbetahaken. Kula maling kula ngrampok, kula nyolong gadhahane liyan saperlu
kangge mitulungi dhateng kawula ingkang kasisahanlan ingkang kasiksa.
Sunan Bonang : Said, sakabehe tumindakmu kuwi satemene kowe kuwi manungsa
nanging ora diuwongake dening wong kiwa tengenmu. Mula banjur kowe tumindak kejem
wengis jalaran kowe manungsa sing ora diuwongke mau. Sawise kowe ketemu klawan
aku, taktuding mau apa? Kae wit aren kang uwoh kolang-kaling. Wis sak mesthine kowe
kudu leren kudu eling, jumbuh karo wit aren kang uwoh kolang kaling. lerenana pakertimu
kang kebak kadurhakan.

S:23) Wonten ing pachelaton kasebut wekdal Raden Said tumindhak mbrandhal punika
kagem sinten?
A:) Kangge mitulungi tanggi lan sedulur
B:) Kagem tiyang sanes
C:) Kangge mitulungi dhateng tiyang-tiyang ingkang kasisahan ingkang kasiksa
D:) kagem para panggawa
E:) Kangge tiyang para nayaka
JAWAB: C

S:24) Ing tlatah pundi nalika Raden Said boten kiyat nyawang kahanan kang boten adil
kathah para panggawa ing kang boten jujur?
A:) Sidoarjo
B:) Demak
C:) Jepara
D:) Tuban
E:) Semarang
JAWAB: D
S:25) Saking pacelathon Raden Said kaliyan Sunan Bonang Piweling saking Sunan
Bonang marang Raden Said yaiku:
A:) Kowe kudu leren kudu eling, jumbuh karo wit aren kang uwoh kolang kaling.
B:) Witing klapa, klapa mudha saupama.Salugune mung mardi reh raharja.
C:) Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.
D:) Ngasah arit, nganti landhep, Dadi murid, kudu sregep.
E:) Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake
JAWAB: A

S:26) Joglo iku salah sawijining omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah joglo kagolong
kuno ing jaman saiki, biasane omah joglo kuwi duweni perangan tertamtu. Ruwangan
kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka
perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradisional Jawa. Dene
kang digunakake kanggo keluarga, mula asipat luwih tinutup (privasi), yaiku......

A:) Teras utawa pendhapa


B:) Pringgitan
C:) Dalem agung
D:) Krobongan / sethong
E:) Gandhok utawa pawon / pekiwan
JAWAB: C

S:27) Joglo iku salah sawijining omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah joglo kagolong
kuno ing jaman saiki, biasane omah joglo kuwi duweni perangan tertamtu. Ing jaman
biyen ruangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara
tradisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo gelar wayang kulit, mula di
jenengke ........
A:) Teras utawa pendhapa
B:) Pringgitan
C:) Dalem agung
D:) Krobongan / senthong
E:) Gandhok utawa pawon / pekiwan
JAWAB: B

S:28) Gambar ing sisih kiwa iki kang katunjukake a, b, c iku


kalebu ruangan .......
A:) Pendhapa
B:) Pringgitan
C:) Dalem agung
D:) Senthong
E:) Gandhok utawa pawon
JAWAB: D
S:29) Informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi di
wartakake lumantar wujud cetak, koran, internet, utawi saka pirembagan marang wong
liya utawa pamireng diarani ......

A:) Pranatacara
B:) Sesorah
C:) Pawarta
D:) Geguritan
E:) Cerkak
JAWAB: C

S:30) Ing sajroning pawarta duweni titenan (ciri-ciri) tertamtu. Ing ngisor iki kang kalebu
titinane pawarta yaiku .....
A:) Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5 W + 1 H
B:) Ora tinemu ing akal
C:) Diksi trep lan ambigu
D:) Bahasane kaku
E:) Ora narik kawigaten
JAWAB: A

S:31) Rembugan sak ngarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu,
lan pamikiran. Ukara ing duwur trep kanggo jlentrehake bab apa?

A:) Geguritan
B:) Sesorah
C:) Pawarta
D:) Paribasan
E:) Bebasan
JAWAB: B

S:32) Ancas utawa tujuane sesorah iku duwe pangajab kaya ing ngisor iki, kejaba......
A:) Menehi andharan utawa pangerten marang wong liya kang padha rawuh.
B:) Menehi panglipur kanggo wong kang kena musibah
C:) Menehi kabar utawa informasi marang wong liya
D:) Menehi ngerti karo wong liya yen awake dhewe bisa ngomong
E:) Ngajak marang wong akeh supaya gelem nindhakake kaya isine sesorah
JAWAB: D

S:33) Supaya bisa sesorah kanthi becik, para siswa perlu ngrancang sesorah. Kanthi
nggatekake bab kaya ing ngisor iki, kejaba .....
A:) Nggunakake basa kang angel
B:) Nggatekake unggah ungguh
C:) Nggawe cengkorongan sesorah
D:) Maragakake kanthi wirama, wirasa, wiraga lan wicara kang pener
E:) Mekarake cengkorongan kanthi tembung kang pener
JAWAB: A

S:34) Upacara adat penganten jawa kang awujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane
sing dikucurake dening penganten lanang ana ing pangkonane penganten putri minangka
pralambang paweh nafkah diarani...
A:) Sinduran
B:) Sungkeman
C:) Bobot timbang
D:) Midodareni
E:) Kacar-kucur
JAWAB: E

S:35) Minangka tandha resmine anggone jejodohan, priya lan wanita padha genti-genten
masangke ali-ali ana driji manis sisih kiwa yaiku diarani...
A:) Liru kalpika
B:) Paningset
C:) Nontoni
D:) Nglamar
E:) Sowan

S:36) Ing penganten adat Jawa, ana sawijining adicara sungkeman kaya kang kacetha ing
gambar.

werdine adicara sungkeman kaya kang katulis ing pilihan wangsulan. Pratelan endi kang
ora trep karo werdine sungkeman ?
A:) Njaluk pangapura marang wongtuwa saka sakabehing kaluputan kang kawuri.
B:) Atur panuwun marang wongtuwa wis nggulawenthah nganti tumeka diwasa.
C:) Njaluk donga pangestu saka wong tuwa amrih bebrayanebagya mulya.
D:) Njaluk sangu bandha donya kanggo miwiti urip mbangun bebrayan.
E:) Ngaturake sembah bektine anak marang wongtuwa sakloron.
JAWAB:

S:37) Blangkon kang ana mondolane utawa gelung ing mburi kuwi ciri blangkon saka
daerah...
A:) Solo
B:) Jogja
C:) Banyumas
D:) Bali
E:) Padang
JAWAB: B

S:38) Atelah menika wujud jas tutup, gulonipun tutup kanthi kancing ing tengah -
tengahwiwit sangandhaping jangga sapangandhap, limrahipun wonten gangsal kancing.ing
wingking sak ngandhape pengkeran dipunkrowok kangge nyengkelit dhuwung.
Adhedhasar katrangan punika, gambar atelah kados kacetha ing wangsulan ...

A:)

B:)

C:)

D:)

E:)
JAWAB: D

S:39) Serat tripama iku ditulis ing tembang dhandhanggula kang duweni 7 padha/bait, bait
5 lan 6 kang ana ing serat tripama nyritakake jiwa kaprawiran paraga...
A:) Kumbakarna
B:) Adipati Karna
C:) Bambang Sukasrana
D:) Arjunasasrabahu
E:) Bambang Sumantri
JAWAB: B

S:40) Serat tripama ngandharake babagan patuladhan jiwa kaprawiran, paga kang dadi
tuladha ing serat tripama yaiku...
A:) Bambang sumanti, Sukasrana, Arjuna
B:) Bambang Sumantri, Kumbakarna, Rahwana
C:) Bambang sumantri, Kumbakarna , Adipati Karna
D:) Kumbakarna, Rahwana, Wibisana
A:) Puntadewa, Werkudara, Arjuna
JAWAB: C

Вам также может понравиться